60
BAB VI TITI LAKSANA TETAKAN
A. Nindaaken Syariat Agami
Assalamu’alaikum wr. wb. Katur dhumateng ngarsanipun para rawuh kakung sumawana putri
ingkang dahat sinudarsana. Langkung rumiyin mangga kita sami muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Mirah. Salam lan rahmat mugi
tansah konjuk dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad Saw. Ing kalodhangan menika keparenga kawula atur pratelan ingkang wonten
gandhengipun kaliyan upacara tetakan. Menggah sunat utawi sunah punika tembung Arab. Kajenging suraos, meh radi memper kalayan tembung kautamen.
Dene sunat ingkang dipun kajengaken ing ngriki, inggih punika: sunat ingkang tumindakipun saengga wajib tumrap bangsa Nuswantara punapa dene tetiyang
Islam sadonya pisan. Kelanturing panganggenipun tembung sunat wau, adhakanipun namung
katandukaken dhateng lare-lare estri, inggih punika : lare-lare wau sami kabelek kendhanganipun tipis ingkang anggandheng lamben alit kekalih, ing salebetipun
lamben ageng kekalih ing kuwadonan. Dene paedahipun, samangsa lare wau dumugi wancining tarap, wedaling sesuker saking nglebet supados saged gampil
sarta boten sakit. Panindak makaten punika, tumrap ing Nuswantara ngriki lajeng awujud
tata cara tuwin kalimrahan ingkang prasasat wajib kedah dipun lampahi. Malah tempuking damel sunatan punika, tumrap ingkang kasembadan lajeng kadamel
61 rowan-rowan mawi nyedhahi sanak kadang ahli waris sarta tangga tepalih.
Nanging, sajatosipun, bab bedhahing kendhangan tipis wau, sanadyan boten sarana kabelek, kabekta saking dayaning kodrat, lare saya diwasa, kendhangan
saya tipis, tur kadhang dereng ngantos wancining tarap, kendhangan sampun bedhah piyambak, ingkang ngawaki malah sok boten kraos. Wondene purwanipun
ing nuswa Jawi wonten tata cara sunatan makaten wau, sajatosipun namung tuwuh saking kawicaksananipun para Wali dadosa srana anggenipun badhe ngislamaken
tetiyang kathah. Kados mekaten kala wau menggah rembaganipun bab tetakan ingkang
kasambetaken kaliyan panindaking syariat agami Islam. Pungkasaning atur mugi sami rahayu ingkang pinanggih. Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum wr. wb.
B.
Ndherek Wejanganipun Nabi Ibrahim
Assalamu’alaikum wr. wb. Kawula nuwun.
Sanggyaning para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan. Ing kalodhangan punika badhe karembag babagan tetakan ingkang
ndherek wejanganipun Kanjeng Nabi Ibrahim as. Tata cara tetakan utawi sunatan tumrap lare estri kasebut ing serat Guna
Cara Agama, manawi katandukaken dhateng, lare jaler, limrahipun dipun wastani: tetakan utawi supitan tetak supit. Malah ugi wonten ingkang mastani :
Islam. Nanging tembung tetiga wau, saestunipun inggih sami dene kelanturipun
62 ingkang jalaran namung mirid saking patraping panindak. Dene patraping
panindak, inggih punika: lare-lare jaler dipun pagas ikutipun ingkang ambungkus sirahing pastapurusa, ngantos sirah wau ketingal moncek boten kabungkus malih.
Liripun kelantur, jalaran : Dipun wastani tetak, sebab: kapagas kakethok peranganing badan ingkang awujud pucuk. Dipun wastani supit, sebab:
pamagasing ikut, ing ngriku, mawi migunakaken pirantos ingkang wujud supit. Winastan Islam dipun Islami, sabab nalika badhe kapagas ikutipun, lare punika
mawi dipun tuntun ingucapaken kalimah sahadat rukuning agami Islam. Saking katerangan punika, mila tembung-tembung ingkang kangge mastani tumindaking
tata cara wau, tetela kirang trep. Dene wastanipun ingkang sekawit inggih punika: kitan.
Wondene paedahipun tata cara kitan punika, perlu kangge anjagi karesikan saha kasarasan. Sawanci lare sampun akil balig, lan badhe sholat, pastapurusa
punika supados gampil dipun resiki. Punapa dene, samangsa lare sampun diwasa manawi nandukaken hardaning birai, ugi gampil dipun resiki, boten
gampil dipun susuhi wiji sesakit. Sakawit, ingkang ngutamakaken tata cara sunat lan tetak punika namung
agami Islam. Sarta, sunat ing ngriku, inggih tetep namung sunah sanes wajib. Mila salugunipun, upami boten nglampahi sunat utawi tetak, ugeripun resikan,
inggih boten dosa menggahing agami. Nanging manawi purun nglampahi, menggahing agami lajeng pikantuk ganjaran. Mila tembung sunat wau, kula
wastani radi memper kalayan suraosipun tembung kautaman.
63 Miturut kadis, Nabi Ibrahim ngalaihis salam, andhawuhaken; lare jaler
ingkang ikutipun sampun cendhak boten ambungkus sirahing pastapurusa, kawenangaken boten sisah nglampahi kitan. Suraosipun kadis punika, sampun
cetha cocog kalayan katerangan wau, bilih wigatosing tetak punika, perlu kangge anjagi kasarasan. Mila dumugi samangke, para dokter ugi ngleresaken wontenipun
tata cara wau. Sarehne kitan lan sunat punika kajawi nglampahi sunat rukuning agami
Islam ugi perlu anjagi kasarasan, mila juru netaki anggenipun nindakaken wajib, prayoginipun inggih tansah ngengeti perlu-perlu wau. Liripun: saben-saben,
inggih kedah suka tuntunan kalimah sahadat dhateng lare ingkang dipun tetaki.
Punapa dene, pamagasing ikut kedah kaangkah sirahanipun sampun ngantos saged wangsul nlakup sirahing pastapurusa. Dados sasampunipun tetak, sapunika lajeng
lestantun moncer.
Kamajengan samangke, para sadherek juru rawat ingkang sampun gadhah
partisara babagan kasarasan, ugi sami nindakaken netaki. Panindaking damel netaki para sadherek punika, tumraping kasarasan tamtu sampun nama nyekapi.
Saya utami malih, manawi dipun jangkepi kalayan suka wejangan kalimah sahadat. Dados lajeng tetep: dhukun tetak ingkang mumpuni. Emanipun, ingkang
kathah-kathah meksa dereng dumugi samanten.
Tumrap tetakan ingkang katindakaken para sadherek Bong limrah, sanadyan wontenipun tata-cara punika sampun atusan taun, ewa dene asring
kemawon kita mrangguli tetakan ingkang dereng cocog kalayan perlu-perlu wau. Kadosta: Saking kirang panjang anggenipun magas ikut, sasampunipun tetak, pun
64 ikut taksih lestantun ambungkus sirahing pastapurusa. Saking tuni dungkaping
pamagas, tur kadhang ngengingi pipa margi rah ingkang radi ageng anjalari kathahipun wedaling rah, ngantos larenipun sok klemper. Ugi wonten ingkang
ikut wau boten kapagas nanging samung kabelek murih enggala saras. Kados mekaten kalawau pratelan ingkang kapacak ing serat Guna Cara Agama. Kawula
cekapaken semanten langkung rumiyin seserepan bab tetakan. Mugi ndadosaken kawuningan. Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum wr. wb.
C. Piranti Kangge Tetakan