Tanting Penganten Putri Pitutur Catur Wedha

11

D. Tanting Penganten Putri

Tuladha tantingan antawisipun bapa kalian penganten putri kasebut kados ing ngandhap punika: Bapa : Putriku…… kang kinasih. Sakdurunge sliramu bakal nambut silaning akrama, Bapak mundut pirsa apa kowe wus sumadya lan tresna temenan kadhaup dening putrane Bapak Ibu…… kang sesilih Anakmas……. Putri : Bapa saha Ibu ingkang kula bekteni. Adalem mboten suwala dhumateng keparenganipun para pinisepuh. Adalem namung ndherek Bapa tuwin Ibu. Adalem mboten badhe selak menawi kadhaupaken kalian Kangmas……. Namung dalem anggadahi panyuwunan. Mbok bilih kepareng dalem nyuwun bebana minangka sarat sarananing palakrama. Adalem nyuwun kapadosaken sekar Kembar Mayang sakpirantosipun.” Bapa : Oh hiya……yen pancen mengkono kang dadi anteping atimu. Bapak lan Ibu ya mung jumurung marang kersane Kang Murbeng Dumadi. Insya Allah Bapak bakal ambudidaya minangkani apa kang dadi pamothahmu mau, yaiku ngupadi anane Kembar Mayang. Mula saka iku, ayo padha bebarengan prihatin supaya enggal-enggal antuk gawe, kasembadan apa sing dadi panyuwunmu. 12

E. Pitutur Catur Wedha

Putraku ngger, Bagus……. Sesuk sliramu bakal angleksanani adicara anambut silaning akrama, anggarwa wanodya kang dadi pilihaning penggalihmu. Mula ngger, bocah bagus……wengi iki mirenga pitutur utama kang sinebut Catur Wedha. Catur Wedha yaiku papat piweling utama, kang turun temurun kaparingake para leluhur. Sepisan. Wiwit sesok sliramu wus wiwit mengku garwa, mula sliramu wus ora ijen maneh. Sliramu lan garwamu kudu nyawiji, kaya godhong suruh lan kurepe. Godhong suruh kuwi beda rupane antarane ngisor dhuwure. Nanging yen ginigit padha rasane. Mula sinebut garwa, tegese sigaraning nyawa. Osiking penggalih, obahing salira, jumangkahe suku, lan kumlawening asta, antarane sliramu karo garwamu kudu tansah irib lan laras. Kaping pindho. Wiwit amengku garwa sesuk, sliramu tak jaluk kudu tansah atur sembah sungkem marang wong tuwamu dewe sarta Rama lan Ibu mara sepuh. Margane sawise sliramu nyawiji karo garwamu, Rama lan Ibu mara sepuh iku ateges padha karo Rama Ibumu dhewe. Kaping telu. Sakwise sliramu nambut silaning akrama amengku garwa, sliramu ing sateruse wus pepisahan karo Rama Ibumu. Sliramu wus kudu mandiri ora gumantung marang sapa bae. Jejering sliramu wus dadi warga negara sarta warganing bebrayan agung. Wiwit wektu iki sliramu kudu bisa ambangun pawong mitra piyambak, manjing ajur-ajer ing pasrawungan. Tegese luwes ing memitran angajab akehing sedulur sinara wedi. Kabeh satindaking suku lan sakaceping lathi, sliramu kudu mikul tanggung jawab marang ngersaning Gusti Allah Kang Maha Kuasa. 13 Angka papat. Ngger putraku, Bagus……. Sakwise sliramu madeg dadi pribadi kang bakal anggulawentah, ing sakteruse sliramu kaya dene warga negara lan warga bebrayan agung, kudu tansah taqwa marang Gusti Allah Kang Maha Wikan, miturut sakabehing parintahing Gusti Allah. Lan sak baline kuwi sliramu tansah kudu angedohi samubarang kang diawasi dening Gusti Kang Murbeng Gesang. Piwulang lan piweling kabeh kuwi rinakit supaya uripmu sakloron karo garwamu ing tembe buri tansah jinangkung dening Gusti kang Maha Kuwasa, tinebehna saka rubeda lan memala sarta cinaketna marang karahayan, rinubung berkahing rejeki. Adicara dipunlajengaken srah-srahan Kancing Gelung, inggih menika seperangkat busana penganten kakung supados saged kaagem nalika Upacara Panggih. Wekdal menika tiyang sepuh penganten putri ngandika dhumateng calon mantunipun: Anak angger……, sakdurunge anakmas dalah para pinisepuh sarta para kadang-kadang kabeh padha kondur, mara tampanana ageman iki ingkang kinaran Kancing Gelung, ya bakal kagem busanamu sesuk nalika winisudha. Mara enggal tampanen anak mas. Bapa penganten putri ngutus duta, dipunsimbolaken kanthi asma Ki Saroyajati, kangge madosaken Kembar Mayang awit saking pamundhutipun Calon Penganten Putri, wonten ing ngajenging gebyog. 14

BAB II UPACARA PAHARGYAN PENGANTEN