29 karo kowe bab pisuguh. Saru yen aku isih mikir marang
kebutuhaning pawon, mulane kowe di bisa. Kowe dak gawani dhuwit 50 rupiyah, bubar gawe bae etung-etungan pira enteke.
Kb : Inggih sendika.
RN : Wis ta mangkata, mbok Jagakarsa undangen mrene.
Kb : Inggih.
RN : Mbok Jagakarsa.
C. Uba Rampe
Jagakarsa Jk : Kula. RN
: Kowe tak kongkon menyanga kuwadeyan, tukua plemek. Jk
: Kagem punapa ndara? RN
: Putumu Den Lara arep disunatake karo bapakne Den Bagus, dibareng tingalan tumbuk besuk emben.
Jk : E, sokur, ta ndara, tumunten dipun tetesaken, ingkang putra
sampun katingal therok-therok, menawi kasep saru tingalipun. RN
: Mangsa, bocah durung ganep ngumur 10 taun bae kasep. Jk
: Kala putu kula pun Caplis rumiyin ngumur 8 taun sampun kula sunataken, anakipun tangga kula mbok Warujene, inggih saweg
ngumur 8 taun dipun sunataken. RN
: Geseh kowe kuwi, anake wong kampung ko padhakake karo anakku utawa putraning priyayi.
Jk : E, dados benten Ndara?
30 RN
: Beda-bedaa, yen isih keciliken iku kejaba durung mangsane deloke saru.
Jk : Dados kosok wangsul kaliyan cipta kula.
RN : Iya.
Jk : Anggen kula tumbas lemek pinten Ndara?
RN : Aja akeh aja sethithik, jupuken bae, yen ora sungsun pitu, iya
sanga. Jk
: Kapetang kemawon ndara, kadosta: letrek 1, sindur 1, bangun tulak 1, mayang mekar 1, liwatn 1, yuyu sakandhang 1, sinjang
bathik lurik 2, sembagi warni kalih nigang kacu 2, punika sampun warni 9.
RN : Iya semono bae wis cukup. Lan tukua jarik cap-capan sekodhi
20 iji lan sembagi saemblog 30 kacu kanggo paringan. Gilo dakgawani dhuwit 50 rupiyah, besuk bubar gawe bae etung-
etungan pira enteke. Jk
: Inggih sendika. RN
: Karo dene maneh sisan gawemu banjur golek kluwih, godhong apa-apa, godhong koro dhadhap serep lan alang-alang.
Jk : Inggih sendika, ngajengaken kangge ing damel kemawon kula
mendhet sakedhap. RN
: Sakarepmu sak wise aku tutur. E, ora, mbok mangkata iki becik mampira menyang omahe bong wadon mbok Wagaprana ing
kampung Resaniten. Sesuk ing dina selasa legi dak undang
31 menyang omahku, wayah jam 8 esuk wisa teka ing kene, tak kon
nyunati Den Lara. Jk
: Inggih sendika, punapa sampun boten wonten dhawah malih? RN
: Wis mbok, mangkata mumpung esuk. Jk
: Inggih.
T : Tra cekakan Sastra
Sastraubaya S: Kula. T
: Besuk tanggal ping 7, kabener wetonku tumbuk ngumur 33 taun, aku arep nganggo ngatur-aturi kanca sawatara, ana maleme dina
selasa legi, esuke terus jagongan wadon, sunate Den Lara. Aku gawekna ngrengrengan ulem.
S : Inggih sendika.
32
BAB IV WEDHARING SABDA ADITAMA