14
BAB II UPACARA PAHARGYAN PENGANTEN
A. Pambuka
Assalamu alaikum wr.wb. Kawula nuwun,
Katur dhumateng ngarsanipun para sesepuh pinisepuh ingkang dahat sinudarsana. Para nayakaning negari ingkang lebda ing kardi. Bapak-bapak Ibu-
Ibu, tuwin para rawuh ingkang minulya. Langkung rumiyin panjenengan sami kawula dherekaken atur puji
pangestuti dhumateng Gusti murbeng dumadi. Awit saking kanugrahan lan kamirahan ingkang tansah lumintu, kita saged makempal saperlu ngawontenaken
pahargyan ing kalenggahan punika. Wondene reroncening titi laksana hadicara pahargyan ing dalemipun
Bapak Dahono Saroyo, kababar kanthi pratelan : 1.
Pambuka 2.
Kumandhanging Kalam Ilahi 3.
Pambgya Raharja 4.
Pasrah Panganten Kakung 5.
Sabda Panampi 6.
Sesorah Kautaman 7.
Panutup
15 Dados cihna minangka pambukaning acara, kita purwakani kanthi maos
serat Al Fatihah sesarengan. Al Fatihah.
Ngancik rancangan acara salajengipun inggih punika pambagya raharja ingkang badhe dipun salirani dening panjenenganipun Bapak Lurah Sukiman.
Wekdal saha papan kasumanggaaken.
B. Pambagya Raharja
Assalamu’alaikum Wr Wb Para lenggah ingkang satuhu mahambeg utama, mliginipun rombongan
kadang besan ingkang dahat kinurmatan. Kados ingkang kapacak ing rancanganing pawiwahan, bilih kawula
kajibah ngaturaken pambagya raharja dhumateng para tamu. Panjenenganipun Bapak Dahono Suroyo ing wanci punika saestu karenan ing galih, suka amarwata
suta, ngantos boten kuwami medhar pangandikan. Saking panyengkuyung sarta panyarujuking brayat ageng, lajeng kawula ingkang kapatah dados badan wakil.
Para rawuh kakung sumawana putri, dinten ingkang kebak kabagyan punika Bapak saha Ibu Dahono Suroyo ngaturaken kasugengan dhumateng
ngarsanipun rombongan kulawarga besan Madiun. Kanthi raos gembira, wiwit wau enjang ngantu-antu, rawuhipun brayat ageng Madiun. Dupi iring-iringan
sampun manjing ing tlatah Salatiga, sedaya wargi ing ngriki sami sumunar pasuryanipun.
16 Rehne sampun sawetawis anggenipun lelenggahan, kasuwun para tamu
kersa angrahapi pasugatan ingkang cumawis. Dhaharan lan unjukan ingkang sampun samapta, enggala dipun incipi kanthi eca lan sekeca. Sampun ngantos
tidha-tidha ewuh pakewuh, sungkan ing galih. Dipun penggalih kemawon bilih tlatah Salatiga sami kaliyan kawontenan ing wewengkon Madiun. Prayogi
kadamel manah mardika. Wiwit sawulan kepengker, brayat ageng Bapak Dahono sampun siaga ing
gati, sawega ing dhiri. Ing pangajape tumapaking upacara pahargyan ing ari kalenggahan punika lumampah kanthi gancar lancar, urut patut, luwes lan pantes.
Udhu bahu suku lan panemu rinten dalu dipun kuras ngantos telas. Parandene kados ingkang dipun pirsani, bilih titi laksana pawiwahan kathah kirang
langkungipun. Papan saha pangantan tebih saking raos pangalembana. Pramila saking menika, bapak lan ibu Dahono Suroyo sanget-sanget
panyuwunipun mligi kagem rombongan brayat penganten kakung dalah para lenggah kesdu paring lubering sih samudra pangaksami. Wusana mugi sami
basuki lestari. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
C. Kalam Ilahi