7 Memetri Basa Jawa lan Silsilah Wayang Purwa Mawa Carita, Sayid kanthi
reriptan Bauwarna Wayang, Sri Hartati Agoes kanthi reriptan Kiat Sukses Menyelenggarakan Pesta Perkawinan Adat Jawa Gaya Surakarta Yogyakarta,
Sudi Yatmana kanthi reriptan Tuntunan Kagem Para Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda, Sinartan Tuladha-tuladha Medhar Sabda, Ulem, Panyandra,
lan Suyadi Respationo kanthi reriptan Upacara Mantu Jangkep Gagrag Surakarta.
B. Atur Pambagya Adicara Lamaran
Assalamu ‘alaikum wr.wb. Para rawuh kakung sumawana putri, para sepuh, adisepuh miwah
pinisepuh ingkang satuhu dahat kinabekten, para pangemban pangembating praja ingkang luhur ing budi, bapak-bapak, ibu-ibu dalasan para lenggah ingkang
winantu ing suka basuki. Saderengipun kula matur, keparenga panjenengan paring pangapunten dhumateng jasad kawula, awit sampun nggempil kamardikan
panjenengan sedaya. Langkung rumiyin, mangga munjukaken puja puji pudyastuti sesarengan
dhumateng ngarsa dalem Allah SWT awit saking kanugrahanipun ingkang lumeber dhateng kula penjanengan sedaya, katitik ing wekdal menika kita saged
makempal wonten ing dalemipun ingkang minulya Bapak Permadi ing Perum Jatiasri, ngriki. Sedaya kabagyan, karaharjan, katentreman saha kamulyan mugya
tansah kasarira panjenengan sami, utaminipun keluarga agung Bapak Permadi.
8 Minangka talang aturipun Bapak Waluyo, kula kadhawuhan ngaturaken
salam taklim Bapak Waluyo sekeluarga konjuk dhumateng Bapak Permadi sakulawangsa.
Menggah wigatosipun sowan kula saha sedaya sadherek kula wonten dalemipun Bapak Permadi, kula tinanggenah nakyinaken punapa panjenenganipun
Bapak Permadi, estu-estu kagungan putri ingkang asesilih Dyah Rahayu Winasis, ingkang samenika taksih ijen saha dereng kagungan pacangan.
Mbok bilih leres, Bapak Waluyo ngersakaken ngebun-ebun enjang anjejawah wonten, keparenga badhe kadhaupaken kaliyan putra jalunipun, anama
Wibisana Jati Pamungkas, ingkang samenika ugi ndherek sowan ngabyantara wonten ing dalemipun Bapak Permadi ingkang luhur ing budi.
Bapak ibu, saha para rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan. Wekdal menika panjenenganipun Bapak Waluyo sakulawarga ugi kepareng caos
tandha kancingan menawi panglamaripun dipun keparengaken awujud ali-ali utawi sesupe. Bapak Waluyo ugi caos tandha tali asih, awujud dhedhaharan saha
ageman ingkang sampun sapala. Mbok menawi, caosan menika namung aji godhong jati aking. Ananging, ing pangangkah mugi ndadosaken suka renaning
penggalih panjenengan sakulawangsa, lan saged rumaked ingkang badhe sami kekadangan. Mugya keluarga Bapak Permadi kepareng hanampeni tandha sih
menika. Wusana, hambok bilih wonten kuciwaning atur lan kirang suba sita, tuwin
tandang tanduk ingkang mboten nuju prana, kula sarombongan pangaraking calon temanten, nyuwun gunging samudra pangaksami. Minangka talanging basa,
9 santen parutan klapa, cekap semanten atur kawula. Kopat duduhe santen, wonten
lepat nyuwun pangapunten. Matur nuwun. Wassalamu ‘alaikum wr.wb.
C. Panampinipun Lamaran