Panampinipun Lamaran TATA CARA LAMARAN

9 santen parutan klapa, cekap semanten atur kawula. Kopat duduhe santen, wonten lepat nyuwun pangapunten. Matur nuwun. Wassalamu ‘alaikum wr.wb.

C. Panampinipun Lamaran

Assalamu ‘alaikum wr.wb. Panjenenganipun Bapak Kyai Haji Ahmadi Srikaloka ingkang jumeneng silih salira panjenenganipun Bapak Waluyo sarimbit. Kula ingkang kapatah, dados talang basanipun Bapak Permadi sakulawarga, keparenga kula memuji dhumateng Gusti ingkang murbeng dumadi, mugi kula panjenengan sami tansah pinayungan ing karahayon. Ing ngriki kula keparenga ngaturaken sugeng rawuh saha matur nuwun dhumateng para sutresna sedaya. Atur salam taklim saking panjenenganipun Bapak Waluyo sarimbit katur Bapak Permadi, sampun kula tampi kanthi legawaning penggalih. Saha ing mangke ing wekdal ingkang prayogi badhe kula aturaken dhumateng ngarsanipun Bapak Permadi sabrayat agung. Mawantu-wantu salam taklim saking Bapak Permadi mugi keparenga wangsul kaaturaken dhumateng Bapak Waluyo sakulawangsa, sakondur panjenengan dalah rombongan ing mangke. Pinangka purwakaning atur, menawi kula kepareng matur punapa ingkang dados penggalihanipun Bapak Ibu Permadi, samenika kados siniram banyu sewindu, kajugrugan gunung madu, rikala mireng karawuhan panjenengan menika saperlu badhe ngalamar putri kula pun Gendhuk Rahayu Winasis. Inggih panci 10 leres, bilih Gendhuk Rahayu Winasis taksih lajang lan dereng kagungan pacangan. Kanthi sineksenan priyagung ingkang ngestreni pePanggihan ing wekdal menika, anggen panjenengan narosaken Gendhuk Rahayu Winasis ingkang badhe kadhaupaken kaliyan Nakmas Wibisana Jati Pamungkas, putra jalunipun Bapak Waluyo, kula ingkang kapasrah paring wangsulan. Bapak Permadi sakulawarga kepareng nampi saha ngeparengaken panglamar panjenengan. Dene tandha kekancingan awujud sesupe ingkang kacaosaken dhumateng yoga kula Gendhuk Rahayu Winasis, ugi kula tampi kanthi suka renaning manah. Ugi peparing panjenengan ingkang arupi tandha talining katresnan, Bapak Ibu Permadi ngaturaken gunging panuwun inkang tanpa pepindhan. Mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Mirah tansah pareng paring piwales ganjaran ingkang sakelangkung kathah. Sakmangke sesupe menika kula agemaken wonten driji manisipun Genduk Niken. Menika minangka pratandha bilih yoga kula menika sampun kapacang dening Bagus Primus putra kakungipun Bapak Ibu Waluyo. Bapak ibu Waluyo ingkang pinayungan ing karahayon. Mbok bilih anggen kula matur wonten ngarsa panjenengan, saha anggen kula nampi rawuh panjenengan sarombongan, kirang saged netepi darmaning kasusilan, saha ndadosaken kirang renaning penggalih, mawantu-wantu Bapak Ibu Permadi nyuwun lumebering samudra pangaksama. Nuwun. Wassalamu ‘alaikum wr.wb. 11

D. Tanting Penganten Putri