DIKTAT EKSPRESI LISAN II

(1)

Diktat

EKSPRESI LISAN II

DR. PURWADI, M.HUM

PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA Telp: 0274-550843-12; Email: purwadi@uny.ac.id


(2)

PURWAKA

Diktat punika karumpaka kangge pasinaon Mata Kuliah Ekspresi Lisan II ing Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta.

Wondene ingkang dados garapan ing salebeting seratan punika mligi caking pahargyan pangaten Jawi. Kapurwakani saking tata cara lamaran ingkang mratelakaken pranata adicara, pambagya raharja, pasrah panampining lamaran. Kalajengaken pratelan babagan pasang bleketepe saha upacara midodareni. Ugi dipun jangkepi pangageming busana penganten gagrag Ngayogjakarta saha Surakarta.

Wedaling diktat punika kaangkaha saged nglancaraken kridhanipun para kadang mahasiswa ingkang nembe ngangsu kawruh. Wusana mugi rahayu ingkang sami pinanggih. Matur nuwun.

Yogyakarta, 10 Februari 2012


(3)

ISINIPUN BUKU

PURWAKA ... ii

ISINIPUN BUKU ... iii

BAB I TATA CARA LAMARAN ... 1

A. Pranata Adicara Lamaran ... 1

B. Atur Pambagya Adicara Lamaran ... 3

C. Panampinipun Lamaran ... 5

D. Tanting Penganten Putri ... 7

E. Pitutur Catur Wedha ... 8

BAB II UPACARA PAHARGYAN PENGANTEN ... 10

A. Pambuka ... 10

B. Pambagya Raharja ... 11

C. Kalam Ilahi ... 12

D. Pasrah Penganten Kakung ... 13

E. Sabda Panampi ... 14

F. Ular-ular Penganten ... 15

G. Panutup ... 18

BAB III SERAT TATA CARA ... 19

A. Pengetan Weton ... 19

B. Tingalan Tumbuk ... 21

C. Uba Rampe ... 25

BAB IV WEDHARING SABDA ADITAMA ... 28

A. Tepa Palupi Panganten Putri ... 28

B. Tepa Tuladha Panganten Priya ... 31

C. Wejangan Serat Wedharaga ... 33

D. Wejangan Serat Sabdatama ... 37

E. Wejangan Kidung Rumeksa Ing Wengi ... 39

BAB V TATA CARA ADAT JAWI ... 43

A. Dhukun Methik ... 43

B. Bayi Mudhun Lemah ... 45

C. Ruwatan Murwa Kala ... 51


(4)

BAB VI

TITI LAKSANA TETAKAN ... 56

A. Nindhaken Syariat Agami ... 56

B. Ndherek Wejanganipun Nabi Ibrahim ... 57

C. Piranti Kangge Tetakan ... 60

D. Ngreksa Kayuwananipun Tetakan ... 63

KAPUSTAKAN ... 65

LAMPIRAN 1. SILABUS ... 66

LAMPIRAN 2. RPP ... 69


(5)

BAB I

TATA CARA LAMARAN

A. Pranata Adicara Lamaran Assalamu ‘alaikum wr.wb.

Kula nuwun. Dhumateng ngarsanipun para rawuh sedaya, kakung sumawana putri ingkang satuhu dahat kinurmatan. Langkung rumiyin mangga kula dherekaken ngaturakan puja puji pudyastuti, dhumateng ngayunan dalem Gusti Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, karaharjan, dalah kasantosan, saengga ing titi wekdal menika kita saged makempal lan manunggal wonten ing dalemipun Bapa Permadi (umpaminipun) sakulawarga, ing Perum Jatiasri, Surabaya.

Angka kalih, kula ngaturaken sugeng rawuh, dhumateng rombongan saking kulawarga Bapa Waluyo (umpaminipun) ingkang sampun saestu rawuh wonten ing mriki. Salajengipun, kulawarga Bapa Permadi ngaturakan gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan. Sedaya kemawon, dipunaturi satata lenggah ingkang sakeca, sawontenipun.

Bapak ibu, saha para rawuh ingkang satuhu dahat sinudarsana. Saderengipun adicara kawiwitan, keparenga kula ngaturaken menggah rantamaning adicara ingkang badhe kita tindakakan ing kalodhangan menika.

Angka sepisan, atur pangandika saking Bapa Waluyo, ingkang badhe dipun pangarsani dening panjenenganipun Kyai Haji Ahmadi Srikaloka (umpaminipun). Panjenenganipun Bapa Waluyo badhe ngaturaken menggah punapa wigatosipun rawuh ing dalemipun Bapak Permadi ing wekdal menika.


(6)

Angka kalih, atur panjenenganipun Bapa Permadi ingkang hamengku gati, saperlu hananggapi punapa ingkang dados atur pangandikanipun Bapa Waluyo. Bapak Ir. Bambang Parikesit, kepareng dados sulih saliranipun Bapa Permadi.

Dungkap adicara salejengipun, inggih menika srah-srahan, minangka tandha talining sih katresnan, ingkang dipunasta dening keluarga Bapa Waluyo, ingkang badhe dipunsalirani dening Ibu Magdalena Tuminem (umpaminipun), saha badhe katampi dening keluarga Bapak Permadi, ingkang badhe dipunsulihsalirani dening panjenenganipun Ibu Candra (umpaminipun).

Dene pitepangan antawisipun keluarga Bapak Waluyo, ugi Bapa Permadi karacik ing adicara ingkang angka tiga. Saksampunipun para rawuh sedaya katuran dhahar sawetawis, lan adicara menika badhe dipunpungkasi mawi adicara pamitan saking Bapa Waluyo. Bapa Permadi kepareng badhe caos angsul-angsul, minangka tandha tinampining tali katresnan.

Mekaten menggah rantamaning adicara ing wekdal menika. Mangga para rawuh sedaya kula dherekaken mlebet ing adicara ingkang angka sepisan, inggih menika atur pangandika saking Bapa Waluyo, ingkang badhe dipun salirani dening panjenenganipun Bapa Kyai Haji Ahmadi Srikaloka. Suasana saha sasana kula sumanggakaken.

Para sedherek ingkang kajibah mandhegani titi laksana adicara prayogi menawi kersa maos pustaka saha reriptanipun para sarjana kados ing ngandhap punika: Karkono Kamajaya kanthi reriptan Serat Centini Latin, Nayawirangka


(7)

Memetri Basa Jawa lan Silsilah Wayang Purwa Mawa Carita, Sayid kanthi

reriptan Bauwarna Wayang, Sri Hartati Agoes kanthi reriptan Kiat Sukses Menyelenggarakan Pesta Perkawinan Adat Jawa Gaya Surakarta & Yogyakarta,

Sudi Yatmana kanthi reriptan Tuntunan Kagem Para Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda, Sinartan Tuladha-tuladha Medhar Sabda, Ulem, Panyandra,

lan Suyadi Respationo kanthi reriptan Upacara Mantu Jangkep Gagrag Surakarta.

B. Atur Pambagya Adicara Lamaran Assalamu ‘alaikum wr.wb.

Para rawuh kakung sumawana putri, para sepuh, adisepuh miwah pinisepuh ingkang satuhu dahat kinabekten, para pangemban pangembating praja ingkang luhur ing budi, bapak-bapak, ibu-ibu dalasan para lenggah ingkang winantu ing suka basuki. Saderengipun kula matur, keparenga panjenengan paring pangapunten dhumateng jasad kawula, awit sampun nggempil kamardikan panjenengan sedaya.

Langkung rumiyin, mangga munjukaken puja puji pudyastuti sesarengan dhumateng ngarsa dalem Allah SWT awit saking kanugrahanipun ingkang lumeber dhateng kula penjanengan sedaya, katitik ing wekdal menika kita saged makempal wonten ing dalemipun ingkang minulya Bapak Permadi ing Perum Jatiasri, ngriki. Sedaya kabagyan, karaharjan, katentreman saha kamulyan mugya tansah kasarira panjenengan sami, utaminipun keluarga agung Bapak Permadi.


(8)

Minangka talang aturipun Bapak Waluyo, kula kadhawuhan ngaturaken salam taklim Bapak Waluyo sekeluarga konjuk dhumateng Bapak Permadi sakulawangsa.

Menggah wigatosipun sowan kula saha sedaya sadherek kula wonten dalemipun Bapak Permadi, kula tinanggenah nakyinaken punapa panjenenganipun Bapak Permadi, estu-estu kagungan putri ingkang asesilih Dyah Rahayu Winasis, ingkang samenika taksih ijen saha dereng kagungan pacangan.

Mbok bilih leres, Bapak Waluyo ngersakaken ngebun-ebun enjang anjejawah wonten, keparenga badhe kadhaupaken kaliyan putra jalunipun, anama Wibisana Jati Pamungkas, ingkang samenika ugi ndherek sowan ngabyantara wonten ing dalemipun Bapak Permadi ingkang luhur ing budi.

Bapak ibu, saha para rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan. Wekdal menika panjenenganipun Bapak Waluyo sakulawarga ugi kepareng caos tandha kancingan menawi panglamaripun dipun keparengaken awujud ali-ali utawi sesupe. Bapak Waluyo ugi caos tandha tali asih, awujud dhedhaharan saha ageman ingkang sampun sapala. Mbok menawi, caosan menika namung aji godhong jati aking. Ananging, ing pangangkah mugi ndadosaken suka renaning penggalih panjenengan sakulawangsa, lan saged rumaked ingkang badhe sami kekadangan. Mugya keluarga Bapak Permadi kepareng hanampeni tandha sih menika.

Wusana, hambok bilih wonten kuciwaning atur lan kirang suba sita, tuwin tandang tanduk ingkang mboten nuju prana, kula sarombongan pangaraking calon


(9)

santen parutan klapa, cekap semanten atur kawula. Kopat duduhe santen, wonten lepat nyuwun pangapunten.

Matur nuwun. Wassalamu ‘alaikum wr.wb.

C. Panampinipun Lamaran Assalamu ‘alaikum wr.wb.

Panjenenganipun Bapak Kyai Haji Ahmadi Srikaloka ingkang jumeneng silih salira panjenenganipun Bapak Waluyo sarimbit. Kula ingkang kapatah, dados talang basanipun Bapak Permadi sakulawarga, keparenga kula memuji dhumateng Gusti ingkang murbeng dumadi, mugi kula panjenengan sami tansah pinayungan ing karahayon.

Ing ngriki kula keparenga ngaturaken sugeng rawuh saha matur nuwun dhumateng para sutresna sedaya. Atur salam taklim saking panjenenganipun Bapak Waluyo sarimbit katur Bapak Permadi, sampun kula tampi kanthi legawaning penggalih. Saha ing mangke ing wekdal ingkang prayogi badhe kula aturaken dhumateng ngarsanipun Bapak Permadi sabrayat agung. Mawantu-wantu salam taklim saking Bapak Permadi mugi keparenga wangsul kaaturaken dhumateng Bapak Waluyo sakulawangsa, sakondur panjenengan dalah rombongan ing mangke.

Pinangka purwakaning atur, menawi kula kepareng matur punapa ingkang dados penggalihanipun Bapak Ibu Permadi, samenika kados siniram banyu sewindu, kajugrugan gunung madu, rikala mireng karawuhan panjenengan menika saperlu badhe ngalamar putri kula pun Gendhuk Rahayu Winasis. Inggih panci


(10)

leres, bilih Gendhuk Rahayu Winasis taksih lajang lan dereng kagungan pacangan.

Kanthi sineksenan priyagung ingkang ngestreni pePanggihan ing wekdal menika, anggen panjenengan narosaken Gendhuk Rahayu Winasis ingkang badhe kadhaupaken kaliyan Nakmas Wibisana Jati Pamungkas, putra jalunipun Bapak Waluyo, kula ingkang kapasrah paring wangsulan. Bapak Permadi sakulawarga kepareng nampi saha ngeparengaken panglamar panjenengan.

Dene tandha kekancingan awujud sesupe ingkang kacaosaken dhumateng yoga kula Gendhuk Rahayu Winasis, ugi kula tampi kanthi suka renaning manah. Ugi peparing panjenengan ingkang arupi tandha talining katresnan, Bapak Ibu Permadi ngaturaken gunging panuwun inkang tanpa pepindhan. Mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Mirah tansah pareng paring piwales ganjaran ingkang sakelangkung kathah. Sakmangke sesupe menika kula agemaken wonten driji manisipun Genduk Niken. Menika minangka pratandha bilih yoga kula menika sampun kapacang dening Bagus Primus putra kakungipun Bapak Ibu Waluyo.

Bapak ibu Waluyo ingkang pinayungan ing karahayon. Mbok bilih anggen kula matur wonten ngarsa panjenengan, saha anggen kula nampi rawuh panjenengan sarombongan, kirang saged netepi darmaning kasusilan, saha ndadosaken kirang renaning penggalih, mawantu-wantu Bapak Ibu Permadi nyuwun lumebering samudra pangaksama.


(11)

D. Tanting Penganten Putri

Tuladha tantingan antawisipun bapa kalian penganten putri kasebut kados ing ngandhap punika:

Bapa : Putriku…… kang kinasih. Sakdurunge sliramu bakal nambut silaning akrama, Bapak mundut pirsa apa kowe wus sumadya lan tresna temenan kadhaup dening putrane Bapak Ibu…… kang sesilih Anakmas…….

Putri : Bapa saha Ibu ingkang kula bekteni. Adalem mboten suwala dhumateng keparenganipun para pinisepuh. Adalem namung ndherek Bapa tuwin Ibu. Adalem mboten badhe selak menawi kadhaupaken kalian Kangmas……. Namung dalem anggadahi panyuwunan. Mbok bilih kepareng dalem nyuwun bebana minangka sarat sarananing palakrama. Adalem nyuwun kapadosaken sekar Kembar Mayang sakpirantosipun.”

Bapa : Oh hiya……yen pancen mengkono kang dadi anteping atimu. Bapak lan Ibu ya mung jumurung marang kersane Kang Murbeng Dumadi. Insya Allah Bapak bakal ambudidaya minangkani apa kang dadi pamothahmu mau, yaiku ngupadi anane Kembar Mayang. Mula saka iku, ayo padha bebarengan prihatin supaya enggal-enggal antuk gawe, kasembadan apa sing dadi panyuwunmu.


(12)

E. Pitutur Catur Wedha

Putraku ngger, Bagus……. Sesuk sliramu bakal angleksanani adicara anambut silaning akrama, anggarwa wanodya kang dadi pilihaning penggalihmu.

Mula ngger, bocah bagus……wengi iki mirenga pitutur utama kang sinebut Catur Wedha. Catur Wedha yaiku papat piweling utama, kang turun temurun kaparingake para leluhur.

Sepisan. Wiwit sesok sliramu wus wiwit mengku garwa, mula sliramu wus ora ijen maneh. Sliramu lan garwamu kudu nyawiji, kaya godhong suruh lan kurepe. Godhong suruh kuwi beda rupane antarane ngisor dhuwure. Nanging yen ginigit padha rasane. Mula sinebut garwa, tegese sigaraning nyawa. Osiking penggalih, obahing salira, jumangkahe suku, lan kumlawening asta, antarane sliramu karo garwamu kudu tansah irib lan laras.

Kaping pindho. Wiwit amengku garwa sesuk, sliramu tak jaluk kudu tansah atur sembah sungkem marang wong tuwamu dewe sarta Rama lan Ibu mara sepuh. Margane sawise sliramu nyawiji karo garwamu, Rama lan Ibu mara sepuh iku ateges padha karo Rama Ibumu dhewe.

Kaping telu. Sakwise sliramu nambut silaning akrama amengku garwa, sliramu ing sateruse wus pepisahan karo Rama Ibumu. Sliramu wus kudu mandiri ora gumantung marang sapa bae. Jejering sliramu wus dadi warga negara sarta warganing bebrayan agung.

Wiwit wektu iki sliramu kudu bisa ambangun pawong mitra piyambak, manjing ajur-ajer ing pasrawungan. Tegese luwes ing memitran angajab akehing


(13)

Angka papat. Ngger putraku, Bagus……. Sakwise sliramu madeg dadi pribadi kang bakal anggulawentah, ing sakteruse sliramu kaya dene warga negara lan warga bebrayan agung, kudu tansah taqwa marang Gusti Allah Kang Maha Wikan, miturut sakabehing parintahing Gusti Allah. Lan sak baline kuwi sliramu tansah kudu angedohi samubarang kang diawasi dening Gusti Kang Murbeng Gesang.

Piwulang lan piweling kabeh kuwi rinakit supaya uripmu sakloron karo garwamu ing tembe buri tansah jinangkung dening Gusti kang Maha Kuwasa, tinebehna saka rubeda lan memala sarta cinaketna marang karahayan, rinubung berkahing rejeki.

Adicara dipunlajengaken srah-srahan Kancing Gelung, inggih menika seperangkat busana penganten kakung supados saged kaagem nalika Upacara Panggih. Wekdal menika tiyang sepuh penganten putri ngandika dhumateng calon mantunipun:

Anak angger……, sakdurunge anakmas dalah para pinisepuh sarta para kadang-kadang kabeh padha kondur, mara tampanana ageman iki ingkang kinaran Kancing Gelung, ya bakal kagem busanamu sesuk nalika winisudha. Mara enggal tampanen anak mas.

Bapa penganten putri ngutus duta, dipunsimbolaken kanthi asma Ki Saroyajati, kangge madosaken Kembar Mayang awit saking pamundhutipun Calon Penganten Putri, wonten ing ngajenging gebyog.


(14)

BAB II

UPACARA PAHARGYAN PENGANTEN

A. Pambuka

Assalamu alaikum wr.wb. Kawula nuwun,

Katur dhumateng ngarsanipun para sesepuh pinisepuh ingkang dahat sinudarsana. Para nayakaning negari ingkang lebda ing kardi. Bapak-bapak Ibu-Ibu, tuwin para rawuh ingkang minulya.

Langkung rumiyin panjenengan sami kawula dherekaken atur puji pangestuti dhumateng Gusti murbeng dumadi. Awit saking kanugrahan lan kamirahan ingkang tansah lumintu, kita saged makempal saperlu ngawontenaken pahargyan ing kalenggahan punika.

Wondene reroncening titi laksana hadicara pahargyan ing dalemipun Bapak Dahono Saroyo, kababar kanthi pratelan :

1. Pambuka

2. Kumandhanging Kalam Ilahi 3. Pambgya Raharja

4. Pasrah Panganten Kakung 5. Sabda Panampi

6. Sesorah Kautaman 7. Panutup


(15)

Dados cihna minangka pambukaning acara, kita purwakani kanthi maos serat Al Fatihah sesarengan.

Al Fatihah.

Ngancik rancangan acara salajengipun inggih punika pambagya raharja ingkang badhe dipun salirani dening panjenenganipun Bapak Lurah Sukiman. Wekdal saha papan kasumanggaaken.

B. Pambagya Raharja Assalamu’alaikum Wr Wb

Para lenggah ingkang satuhu mahambeg utama, mliginipun rombongan kadang besan ingkang dahat kinurmatan.

Kados ingkang kapacak ing rancanganing pawiwahan, bilih kawula kajibah ngaturaken pambagya raharja dhumateng para tamu. Panjenenganipun Bapak Dahono Suroyo ing wanci punika saestu karenan ing galih, suka amarwata suta, ngantos boten kuwami medhar pangandikan. Saking panyengkuyung sarta panyarujuking brayat ageng, lajeng kawula ingkang kapatah dados badan wakil.

Para rawuh kakung sumawana putri, dinten ingkang kebak kabagyan punika Bapak saha Ibu Dahono Suroyo ngaturaken kasugengan dhumateng ngarsanipun rombongan kulawarga besan Madiun. Kanthi raos gembira, wiwit wau enjang ngantu-antu, rawuhipun brayat ageng Madiun. Dupi iring-iringan sampun manjing ing tlatah Salatiga, sedaya wargi ing ngriki sami sumunar pasuryanipun.


(16)

Rehne sampun sawetawis anggenipun lelenggahan, kasuwun para tamu kersa angrahapi pasugatan ingkang cumawis. Dhaharan lan unjukan ingkang sampun samapta, enggala dipun incipi kanthi eca lan sekeca. Sampun ngantos tidha-tidha ewuh pakewuh, sungkan ing galih. Dipun penggalih kemawon bilih tlatah Salatiga sami kaliyan kawontenan ing wewengkon Madiun. Prayogi kadamel manah mardika.

Wiwit sawulan kepengker, brayat ageng Bapak Dahono sampun siaga ing gati, sawega ing dhiri. Ing pangajape tumapaking upacara pahargyan ing ari kalenggahan punika lumampah kanthi gancar lancar, urut patut, luwes lan pantes. Udhu bahu suku lan panemu rinten dalu dipun kuras ngantos telas. Parandene kados ingkang dipun pirsani, bilih titi laksana pawiwahan kathah kirang langkungipun. Papan saha pangantan tebih saking raos pangalembana.

Pramila saking menika, bapak lan ibu Dahono Suroyo sanget-sanget panyuwunipun mligi kagem rombongan brayat penganten kakung dalah para lenggah kesdu paring lubering sih samudra pangaksami. Wusana mugi sami basuki lestari.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

C. Kalam Ilahi

Sabda pangandikanipun Kanjeng Sinuwun Paku Buwono IV ingkang kaweca ing serat Wulangreh: Jroning Qur’an nggoning rasa jati. Jumbuh kaliyan reroncening acara bilih ing ari kalenggahan punika badhe kababar kumandanging


(17)

Wondene ingkang kajibah maos Kitab Suci inggih punika sedherek Taufik Ali, sinartan sari tilawah dening sedherek Siti Aminah.

Papan lan wekdal sakrampungipun kawula aturaken. Sumangga kita migatosaken kanthi manah sareh, murih wosing gati saged pikoleh.

D. Pasrah Penganten Kakung Assalamu alaikum Wr. Wb.

Katur dumateng ngarsanipun Bapak lan Ibu Dahono Suroyo ingkang satuhu luhuring budi. Para sesepuh pinisepuh ingkang dahat kinabekten. Tuwin sanggyaning para tamu ingkang minulya.

Ngaturi kawuningan bilih kawula matur ing ngarsa panjenengan sami, awit nuhoni dhawuhipun Bapak Kuswandi saking Madiun. Gembiraning manah lir pendah kajugrugan wukir sari, kebanjiran samodra madu. Ngantos Bapak saha Ibu Kuswandi mboten kuwawi ngandharaken pangandikan. Ukara lan sabda katutup agenging kabagyan. Punika ingkang anjalari Bapak lan Ibu Kuswandi lajeng wewakilan dhumateng kula. Cekak aos, kula kapatah dados talang atur.

Bapak saha Ibu Dahono Suroyo ingkang kinurmatan, kanthi raos lahir batos ing madyaning pawiwahan agung menika kawula pasrah Angger Sri Sadono. Ing pangajab Bapak miwah Ibu Dahono Suroyo kesdu nampi dados putra. Wiwit dinten punika purba wasesa sawetahipun kawula sumanggaaken. Kula suwun Bapak Ibu Dahono Suroyo kersa momong thole Sri Sadono kados putra piyambak.


(18)

Mugi ndadosaken pirsa, yoga kula Sri Sadono pancen kirang pana ing pawiyatan. Panggulawenthah ugi dereng wetah. Pramila kasuwun brayat ageng Bapak Dahono paring wulangan, wejangan lan wedharan. Murih gesangipun tambah jejeg, patrapipun langkung madhep, wawasanipun sangsaya manteb. Bapak Ibu Kuswandi kagungan penggalih, bilih thole Sri Sadono kanthi mbangun turut dhumateng dhawuh pangandikanipun Bapak Dahono Suroyo badhe nemahi karaharjan.

Ing pungkasan kula nyuwun pangaksami bilih rombongan saking kulawarga Kabupaten Madiun wonten solah bawa ingkang kirang nuju prana.

Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

E. Sabda Panampi

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Konjuk ing ngarsanipun Bapak tuwin Ibu Kuswandi ingkang winantu ing kabagyan. Ugi rombongan kulawarga saking Madiun ingkang kula hormati, sedaya para rawuh ingkang minulya.

Kula dipun dhawuhi dening panjenenganipun Bapak lan Ibu Dahono Suroyo saperlu ngaturaken kasugengan. Anggen panjenengan sami rawuh ing tlatah Salatiga mugi tansah sinartan raos bagya mulya rahayu widada.

Rehning sampung terang terwaca sabda pangandika ingkang miyos saking badan wakilipun Bapak Kuswandi, punika kulawarga Bapak Dahono Suroyo


(19)

legawaning penggalih. Malah nami dhapur kalerasan bilih supeketing kekadangan tambah bakuh, raketing memitran tambah kukuh.. Menggahing pranatan ingkang lumampah bilih kulawarga Madiun kaliyan Salatiga sampun manunggal. Ibarat roning suruh, lumah kurep yen disawang seje rupane, yen digigit padha rasane.

Bapak lan Ibu Kuswandi ingkang dahat kinurmatan, Anakmas Sri Sadono sampun resmi dados kanca gesangipun anak kula pun Yayuk Setiani. Miturut angger-anggering negari piwulanging agami kalih-kalihipun sampun nunggal cipta rasa karsa. Minangka jejering tiyang sepuh kulawarga Bapak Kuswandi lan Kulawarga Bapak Dahono Suroyo kantun paring puji pangastuti. Mugi dadosa salaki rabi ingkang guyub rukun pindha mimi lan mintuna.

Prasajan kemawon ing dinten punika sedaya ingkang rawuh tartamtu ndherek mangayu bagya. Kanthi raos suka sukur, kita sami ndedonga dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Swt. Hidayah lan taufik mugi-mugi tansah kaparingan dhumateng kita sedaya. Amin.

Akhirul kalam, Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

F. Ular-ular Penganten

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb

Alhamdulillahir robbil alamin, Wassholatu wasalamu ashrofil mursalin waalaihi waaskhabihi aj main, ashaduala ilahailallah, waashaduanna muhammadan rosulullah, Amma Ba’du.

Langkung rumiyin mangga kita sami ngaturaken puji syukur ing Ngarsa Dalem Allah SWT ingkang sampun paring kanikmatan, kesehatan, kekiyatan lan


(20)

keslametan dumateng kita sedaya. Kados dhawuhipun Allah SWT ingkang kaweca ing kitab suci Al-Quran lain sakartum laazi danarkum wa lain kafartum. Inna adzabi lazadid. Artosipun sing sapa wonge tansah syukur marang ingsun,

mula ingsun bakal nambah kanikmatan. Nanging sing sapa wonge kafur marang nikmat ingsun, sayekti azab lan siksaku banget larane. Kanthi ngunjukaken raos syukur punika mugi-mugi Allah SWT tansah paring pinten-pinten kanugrahan. Allahuma Amin.

Salajengipun salam lan rahmat mugi-mugi tansah konjuk dhumateng ngarsanipun panutan agung Nabi Muhammad SAW ingkang sampun paring wejangan arupi ajaran Islam. Panjenenganipun kanjeng Nabi punika ingkang ngentasaken umat manungsa saking jaman jahiliyah tumuju jaman islamiyah. Jaman ingkang peteng dhedhet dados jaman ingkang terang terwaca. Kanthi atur salam dhumateng kanjeng Nabi, mbenjang ing dinten kiamat kita mugi-mugi pikantuk syafaat.

Hadirin wal hadirat, khususipun sang penganten ingkang minulya, inggih punika Mas Sri Sadono lan Mbak Yayuk Setiyani.

Mangun bale wisma punika saestunipun ndherek sunahipun Rasulullah SAW, trep kaliyan wulangan ingkang kaserat ing kitab Suci Al-Quran lan hadist Nabi. Tujuanipun supados dados pasangan ingkang sakinah mawaddah warrahmah. Satunggaling bebrayan ingkang kebak ing raos katentreman, kebagyan, kamulyan, kawidadan lan karaharjan.


(21)

Menawi dipun gandhengaken kaliyan angger-anggering nagari, saestunipun mangun bale wisma punika saged nambahi kukuh bakuhing bangsa, sauger katindakaken miturut piwucal ingkang leres. Kaluwarga-kaluwarga ingkang jejeg, ugi mahanani jejeging negeri. Amargi keluwarga punika peranganipun negari ingkang alit piyambak.

Madhep mantep, kukuh bakuh lan adeg jejeging wewangunan kulawarga hambok bilih saged sinengkuyung mawi gegebangan ing andhap punika.

Tamba ati iku lima ing warnane

1. Maca Quran angen-angen sakmaknane 2. Kaping pindho sholat wengi lakonana 3. Kaping telu wong kang sholeh kumpulana 4. Kaping papat dzikir wengi ingkang suwe 5. Kaping lima kudu luwe ing wetenge.

Salah sawijining sapa bisa anglakoni, insya Allah ta’ala bakal ingajabahi. Gansal ajaran kala wau menawi dipun amalaken ing gesang, tartamtu kathah untungipun. Bebrayan ingkang kita bangun lajeng tuwuh katentreman lahir batos. Sauger gesang tansah gegondhelan kaliyan piwucal agami, saestu badhe pikantuk barokah, rohmah lan hidayah. Wusananing atur ihdinas syirathal mustaqim, wa bitaufik wal hidayah.


(22)

G. Panutup

Purwa madya wasana lampahing pahargayan sampun katindakaken kanthi gancar lancar, paripurna nir sambikala.

Kula jejering pranata adicara ingkang kapatah ngesuhi pawiwahan, hambok menawi wonten solah bawa, muna muni sarta tindak tanduk ingkang kirang prayogi, kula nyuwun lubering sih samudra pangaksami.

Pungkasaning acara, kita tutup sesarengan kanthi waosan hamdallah. Alhamdulilllahir rabbil ‘alamin.


(23)

BAB III

SERAT TATA CARA

Ing ngandhap menika badhe kapethikaken upacara adat ingkang dipun racik ing pustaka Serat Tata Cara yasan Ki Padmasusastra.

A. Pengetan Weton

Kacariyos Raden Nganten Tangkilan, sareng anakipun Raden Bagus Suwarna sampun dipun sapih, lajeng wawrat. Dumugi ing mangsa gadhah lare medal estri, dipun sukani nama dhateng embahipun Mas Ngabehi Bendung, Raden Lara Suwarni. Lampah-lampahipun boten kacariyosaken amargi namung wor misah, prasasat boten wonten sanesipun. Sapunika ingkang kacariyosaken are jaler estri kakang adhi, dumalundhung boten wonten sangsayanipun, kalis ing sakit enggal ageng kados ingedusan toya gege. Ingkang jaler ngumur 12 taun, ingkang estri ngumur 10 taun.

Tangkilan (T) : Ibune. Raden Nganten

(RN) : Kula.

T : Wetonku tumbuk ngumur 33 taun, slametane apa wis ko pikir?

RN : Rak siyos benjing tanggal ping 7 wulan Rabingulakir ngajeng niki ta?

T : Iya.


(24)

T : Rakya wis cedhak.

RN : Mawi napa ta, rak enggih ming wilujengan sekul janganan mawon pinten dangune.

T : Karepku arek dak gedhe nganggo ngatur-aturi kanca, nanging sisan wragade anakmu si ndhuk arep dak sunatake pisan, awit wis sedhenge ngumur 10 taun. Besuk tetake anakmu si Thole iya bakal dak bareng karo tumbukmu elingku umurmu kacek telung taun engkas dadi ngumur 15 taun, iku sedhengan wayahe bocah tetak.

RN : E, kejawi ra, yen santun salaga kula tata kriyin, uwos-uwos enggih kedah kandel.

T : Mangsa bodhoa pamikirmu buri, aku ngarep, yen ana kekuranganmu bae tutura.

RN : Enggih, nanging saniki kula sampeyan paringi yatra.

T : Pira?

RN : Satus rupiyah mawon kriyin.

T : Iya ta, mengko tak jupukake sadhela. Enya gilo limang kampil dhuwit pecah, sakampile isi rong puluh rupiyah, ping lima dadi satus rupiyah.


(25)

B. Tingalan Tumbuk Mbok Karyaboga

(Kb) : Kula.

RN : Berasmu kari pirang dhacin?

Kb : Uwos saking Jethis dereng kula ewah-ewah Ndara, taksih 10 dhacin, para 7, dhadharipun 3, punika sanesipun uwos lami, ingkang kangge cekapan wonten ing dobong boten kula petang. RN : Isih kandel ane, ora susah kongkonan njaluk beras menyang

desa.

Kb : Kagem menapa ta, Ndara?

RN : Kersane bapakne Den Bagus, besuk emben tingalan tumbuk iku digedhe, ngiras nyunatake putumu Den Lara.

Kb : Bilih kagungan damel tetesan kemawon, uwos semanten kados sampun cekap.

RN : Sokur, yen karanganmu wis cukup, aku ngandel marang kowe. Besuk tingalan iku kwoe gawea tumpeng 33, sing gedhe loro (sakemkbaran, lanang wadon), sing cilik 31, lan gawea sriyatan, apa maneh tukua tuyah ginawe sedhekah panulak pangapesaning wuku, awit wukune bapakne Den Bagus, Kuruwelet.

Kb : Mendha tuyah punika ingkang kados punapa, kula dereng sumerep.


(26)

Kb : Inggih, namung reginipun kula kirang terang, awit kula dereng nate tumbas.

RN : Takon-takona rak iya ana sing wis tau weruh, mangsa adoha rega karo tengah mangisor, ora, terkadhang nembelas wang bae oleh. Lan kowe blanjaa pisan, tukua bumbu-bumbu sing kandel. Sajrone ewuh-ewuh aja kongsi kekurangan, mengko mloya-mlayu tuku bumbu menyang warung iku saru.

Kb : Kadhawahaken kemawon ndara, ingkang badhe kula tumbas. RN : Iya brambang bawang, uyah, trasi, tumbar jinten, salam laos,

krecek balur, sapanunggalane. Lan sayuran kanggo ing meja, kobis buncis, sledri kapri sapanunggalane, tuwin janganan kanggo tingalan, thokolan, kangkung lembayung sapanunggalane, dalah sambelane pisan. Endhog wayar tukua 200 bae, yen ana kurange gampang.

Kb : Tigan kamal, utawi pindhang punapa boten tumbas?

RN : Aja tuju endhog pindhang, tukua kamale bae ko, 50, sudhiyan pangan niyaga. Tumuli tukua panganan woh-wohan kang apik-apik, aja wedi ing larang, kanggo suguh pista ing dalem lan ing pandhapa, kayata jeruk keprok, jeruk pacitan.

Kb : Jeram pacitan punapa boten angel pandhaharipun?

RN : Nek kowe iya angel, wong ko onceki kulite. Kuwi ora mengkono, pandhahare disigar-sigar ing lading banjur diseset


(27)

Kb : Dados ingkang kalap namung duduhipun kemawon?

RN : Dhasar iya mengkono. Lan tukua jambu, dhuku, manggis, salak lan gedhang emas.

Kb : Pelem punapa boten tumbas?

RN : Pelem iku sanadyan enak, nanging susah olehe dhahar nggupaki asta, dadi ora klebu ing meja, tukua sing pancen didhahar bae. Kb : Panganan para kangge cadhangan niyaga punapa boten tumbas

pisan?

RN : Iya tukua salak geyol, semak, mundhu, utawa kleca, tuwin besusu, kuwih-kuwihe kupingan, kembang jambu, kembang duren, kelak-keling, widaran, ondhe-ondhe iya saprayogane, ora susah becik sak uga katon rema utawa pepak.

Kb : Inggih.

RN : Bebek utawa pitik, kowe rak wis ora tuku.

Kb : Boten ndara, sampun cekap ladosan saking dhusun. RN : Iwake kebo kowe tuku menyang ngendi?

Kb : Punapa mboten mragad ndara?

RN : Ora.

Kb : Midhe dhateng peken Ageng kemawon, tinimbang dhateng ing Jagalan awit reginipun prasasat sami. Ing peken ageng wonten awisipun sawatawis, celak pambektanipun, epahan berah mirah. Ing Jagalan wonten mirahipun sawatawis, epahan berah awis. RN : Kiramu kowe arep nganggo iwak kebo bobot pirang atus?


(28)

Kb : Mendhet wawrat gangsal atus (25 kati) kemawon rumiyin, kejawi jerowan utawi utak.

RN : Bot satus (100 = 5 kati) rega pira?

Kb : Awis-awisipun sekatos regi satunggal, kaping 5 dados 15 wang (1 kati: 20 reyal x 5 = 100, 25 x 5c = f 1.25 x 5 = f 6.25)

RN : Iya mbok, sedhengan njupuk bobot limang atus bae dhisik, yen ana kurange gampang. Iku daginge kang empuk gawenen dhendheng age lan diempal, koyorane gawenen iwak duduh, utawa terik tuwih dhendheng ragi. Utake sambelen goreng, ati lan isone gawenen sajenan, kopyokan ing santen kanil. Kobis buncise gawenen semur santen, utawa semur kecap, thokolane turahe kang ginawe janganan, gawenen tumis.

Kb : Ulamipun kambangan tuwon ayam kaolah punapa?

RN : Bebek pitike aja ko pecah, gawenen iwak gedhe bae, dadi semuwa tinonton, bebeke oporen bae, opore panggang loro, opor godhog loro. Pitike miliha babon sing madhep, semuren bae, semur santen loro, semur kecpa loro. Karo maneh gawea panggang jago kang lagi lumancar papat, arehana santen kanil, iku kabeh laden rong prangkat. Dhahar dalem karoa dhahar pendhapa, paronen byak bae, besuk kang separo tampakna marang si Jaya, nimpuna separo ladekna marang dalem. Iku yen koestokake kabeh wis ora kurang samawa, mulane aku tutur


(29)

karo kowe bab pisuguh. Saru yen aku isih mikir marang kebutuhaning pawon, mulane kowe di bisa. Kowe dak gawani dhuwit 50 rupiyah, bubar gawe bae etung-etungan pira enteke. Kb : Inggih sendika.

RN : Wis ta mangkata, mbok Jagakarsa undangen mrene.

Kb : Inggih.

RN : Mbok Jagakarsa.

C. Uba Rampe

Jagakarsa (Jk) : Kula.

RN : Kowe tak kongkon menyanga kuwadeyan, tukua plemek.

Jk : Kagem punapa ndara?

RN : Putumu Den Lara arep disunatake karo bapakne Den Bagus, dibareng tingalan tumbuk besuk emben.

Jk : E, sokur, ta ndara, tumunten dipun tetesaken, ingkang putra sampun katingal therok-therok, menawi kasep saru tingalipun. RN : Mangsa, bocah durung ganep ngumur 10 taun bae kasep.

Jk : Kala putu kula pun Caplis rumiyin ngumur 8 taun sampun kula sunataken, anakipun tangga kula mbok Warujene, inggih saweg ngumur 8 taun dipun sunataken.

RN : Geseh kowe kuwi, anake wong kampung ko padhakake karo anakku utawa putraning priyayi.


(30)

RN : Beda-bedaa, yen isih keciliken iku kejaba durung mangsane deloke saru.

Jk : Dados kosok wangsul kaliyan cipta kula.

RN : Iya.

Jk : Anggen kula tumbas lemek pinten Ndara?

RN : Aja akeh aja sethithik, jupuken bae, yen ora sungsun pitu, iya sanga.

Jk : Kapetang kemawon ndara, kadosta: letrek 1, sindur 1, bangun tulak 1, mayang mekar 1, liwatn 1, yuyu sakandhang 1, sinjang bathik lurik 2, sembagi warni kalih nigang kacu 2, punika sampun warni 9.

RN : Iya semono bae wis cukup. Lan tukua jarik cap-capan sekodhi (20 iji) lan sembagi saemblog (30 kacu) kanggo paringan. Gilo dakgawani dhuwit 50 rupiyah, besuk bubar gawe bae etung-etungan pira enteke.

Jk : Inggih sendika.

RN : Karo dene maneh sisan gawemu banjur golek kluwih, godhong apa-apa, godhong koro dhadhap serep lan alang-alang.

Jk : Inggih sendika, ngajengaken kangge ing damel kemawon kula mendhet sakedhap.

RN : Sakarepmu sak wise aku tutur. E, ora, mbok mangkata iki becik mampira menyang omahe bong wadon mbok Wagaprana ing


(31)

menyang omahku, wayah jam 8 esuk wisa teka ing kene, tak kon nyunati Den Lara.

Jk : Inggih sendika, punapa sampun boten wonten dhawah malih? RN : Wis mbok, mangkata mumpung esuk.

Jk : Inggih.

T : Tra! (cekakan Sastra) Sastraubaya (S): Kula.

T : Besuk tanggal ping 7, kabener wetonku tumbuk ngumur 33 taun, aku arep nganggo ngatur-aturi kanca sawatara, ana maleme dina selasa legi, esuke terus jagongan wadon, sunate Den Lara. Aku gawekna ngrengrengan ulem.


(32)

BAB IV

WEDHARING SABDA ADITAMA

A. Tepa Palupi Panganten Putri

Saderengipun winengku kakung, prayogi sanget menawi para pawestri sinau babagan tatan bale wisma. Kados pundi bekti dhumateng tiyang sepuh, garwa lan kadang wredha. Langkung-langkung panggulawenthahing putra. Menika kedah angsal kawigatosan. Pratelan ing ngandhap menika saestu piguna sanget kagem para putri ingkang badhe nambut silahing akrami. Para sedherek ingkang kadhapuk dados Pamedhar Sabda prayogi sanget ngginakaken rerepen sekar yasan para pujangga Jawi punika.

Kinanthi

Dhuh ger putra putraningsun, nadyan wus kanthi pinusthi, Marang Hyang Kang Murbeng Titah, graitaning para putri, saprahastha para putra, tarantananging pamikir.

Marma ger aywa sireku, pasang sumeh jroning ati, katitik tyas lan sembada, marang apngaling Hyang Widdhi, kang widagda tuhu wignya, anyolahken bawa maring.

Iya ing manungsa sagung, luwih maning dera kardi, solah bawaning narendra, kang datan sepi pambudi, gyanya ngampil ing agama, kasuciyaning dumadi.


(33)

Nini putri putraningsun, marma-marma sira sami karjeting duga watara, rasakna dipunsatiti, tata kang terang, pangroncenira pamikir.

Kekeren aywa kasusu, sukuring ati sinipi, piridanira kang kurang, mring lelakoning dumadi, dumadine kadi sarah, anut ombaking jaladri.

Yen dinadak tanpa usul, asaling nalar linuri, nalurining kang lelakyan, yen tinalar datan luwih, winayu purbaning suksma, suksmanen dipunkatitik.

Yen kasusu tan katemu, mung nemu tyas datan titi, tyas keker katiban tata, tataning sang kang tumitih, e yatalah awakingwang, dadi gandrung maweh wangsit.

Wasita mring putraningsun, gandrunga sira ningali, lelakon kang molah saka, kaki kinira Hyang Widdhi, mugi putraning narendra, pracaya nalongseng Widdhi.

Supaya was cipta ayu, yuwana manungku manis, ywa ngenes dulu kahanan, lelakon dunya puniki, mung kudu sumanggeng karsa, karsa karsaning Hyang Widdhi.

Dadi tyasireku banjur, jembar nora ngijir-ijir, jari jwa angetang etang, mung denetung budi langes, ngipatken karseng Hyang Suksma, suksmanen ywa age dalih.

Leladan, karsaning napsu, sungkawa kasedan swami, nora ngangge miyak maya, maya-mayaning tyas ening, o ngger ywa mangkono sira, lelakoningsun puniki.


(34)

Satuhuni sira durung, terang lir Hyang Murbeng Pasthi, marma ger putra wanudya, samya sedyaa ing ati, tata titining cuawang, angadhang tekdiring Widdhi.

Di-adining putri prabu, utameng tyas kang pinusthi, tegese utama sabar, mring pancabyaning ati, tinampan sukur lan rila, legaweng tyas nrus ing budil.

Budiman pinangkul-pangkul, kasmaran kinempit-kempit, pinupu-pupu tan pisah, sasat kadi sun mang brangti, lya marang ibunira, kang tega ninggal wak mami.

Pirangbara putraningsun, gonira darbe sudarmi, kang lagya gandrung asmara, pujinen bisa tumuli, ana sihing takdirolah, paring wahyu wanitaa di.

Katitisan Jiwanipun, ibunta kang uwis kalis, lilaa yen wus pranyata, katiban wahyuning sori, sira para putraningwang, wanudya putra narpati.

Mrih pinasthia rahayu, yen rahyu sapa manggih, gumuyu denya kasrambah, basuki sajroning puri, pura ya bisa angambar, nglimputi marang nagari.

Gara-gara kadi tedhuh, wawiyat ima na wedi, sakabehe pandaming rat, surem kawaranan riris, nadyan kalamun dennalar, mingseting masa sayekti.

Nging sira pra putriningsun, sumurupa, sira sami, kabeh kahananging jagad,ing dalil kang denarani, sakathahing Asya mangka, dudu pangeranireki.

Nanging wenang iku lamun, tinampan wangsiting Widdhi, utawa dadi cundhaka, cundhakanira Hyang Widdih, dipunawas ing sasmita, jroning jagad den ta titik.


(35)

Titi pan asthaning wuruk, mring putraningsun pra putri, ri Soma tanggal sapisan, Ruwah Be dipuntengeri, osiking rat esthi nata, nata nitik wruh utami.

B. Tepa Tuladha Panganten Priya

Priya ingkang wantun mboyong putri, mesthi kemawon dipun kantheni jejibahan. Kuwajibanipun kakung dhateng estrinipun kedah nyandhangi, nyandhingi, lan nyandhungi. Liripun tanggel jawab ing babagan bale wisma. Kabetahan lahir batin dados sarana murih tentreming kulawarga. Wejangan luhur ing ngandhap punika saged kangge kaca benggala tumraping para priya.

Dhandhanggula

Warayagnya wedharing palupi, pinandara macapat sarkara, ing nalika panitrane, Senen ping kalihlikur, sasi Saban Dhestha Be warsi, sangkala Nyatur Slira, Mumulang mring Sunu, nJeng Gusti Pangran Dipatya, Arya Prabu Prangwadana kang amarni, winahya mring pra putra.

Kakung putri ing reh palakrami, sumawana kang sami jajaka, tan wun tembe pikramane, marma tinalyeng wuwus, wasitane mengku pawestri, ywa dumeh yen wong priya, misesa andhaku, mring darbekireng wanodya, palakrama nalar lan kukum kang dadi, yen tinggal temah nistha.

Wuryaning reh priya kang rumiyin, lamun arsa angupaya garwa, den-patitis pamilihe, aywa kaseseng kayun, mbokmanawa keduwung wuri, ya bener yen wong lanang, wenang duwekipun, rabiya ping pat sadina, kena uga wuruk karepe pribadi, nanging ta tan mangkana.


(36)

Dadi ora ana ala becik, ngilangaken istiyaring gesang, yen ngarah-apa tekade, andarung kadalurung, ngelmu sarak denorak-arik, mbuwang ajining badan, lumuh reh rahayu, tur upama kalakonna, kasangsara kaduwunge anekani, manglah nunutuh driya.

Aja nganti mangkana ta kaki, becik apa cinacad sasama, wong gendhak kalakuwane, sapa kang duwe sunu, wadon aweh sira rabenni, kiraku nora nana, kejaba kebutuh, ala rinabenan Koja, becik bangsa wit tan duwe putu Encik, mung iku ciptanira.

Kawruhana kaduwunging ati, jalaranne mung patang prakara, wong anom dadi brangtane, dhingin myat warna ayu, kaping pindho melik wong sugih, kaping tri kawibawan, lan kaping patipun, kena sambang sarawungan, rokok kinang winehken lan ujar manis, rinuket mrih asmara.

Wekasane ya kena sayekti, ngadatira wong anom mangkana, keh rabi dudu niyate, yen kena sutaningsun, arabiya jalaran becik, aja rabi pasogan, nistha yen dinulu, angapesken yayah-rena, wruhanira manungsa neng dunya iki, yen kena kang tinedha.

Ingkang dhingin rahayuning dhiri, kinalisna sakehing prakara, myang sak-serik sasamane, kapindho badanipun, aja kambah barang panyakit, kaping tri aja tansah, susah manahipun, kaping pat arsa darbeya, anak lanang kang mursid minangka wiji, ndawakken turunnira.

Mula nora gampang wong arabi, kudu milih wanodya kang kena, ginawe rewang uripe, sarana ngudi tuwuh, myang ngupaya kang sandhang bukti,


(37)

Papat iku iya uga kanthi, dhingin warna kapindhone brana, kaping tri kawibawane, catur pambekanipun, endi ingkang sira-senengi, aja nganti angawag, manawa keduwung, karana milih wanodya, datan kena den-mupakatken sasami, wuruk neng karsanira.

C. Wejangan Serat Wedharaga

Gesang ing alam donya punika boten namung ngegungaken ulah kajiwan kemawon. Mila sang pujangga lajeng ngripta Serat Wedharaga. Saged kinarya panggulawenthahing badan. Raga ingkang rahayu, ugi badhe nyengkuyung jiwa ingkang santosa. Kalih-kalihipun pancen kedah dipun reksa. Jiwa raga ingkang santosa mahanani pribadi ingkang bakuh kukuh.

Gambuh

Ki Gambuh karya pemut, limuting tyas rare kang kalimput, lacut maring reh sumirang murang niti, tantan tuman amamatuh, temah lumaku ginuron.

Trakadhang amardhukun, dhokohan tyas asring ngumbar sanggup, iku aja kongsi mangkono yen keni, kinira-kira kang patut, apa kalumrahaning wong.

Kang wus kaprah kalaku, inganggoa sapakolehipun, mung patrape den sumendhe aja kibir, manawa kena sisiku, wekasan rinasan ing wong.

Nadyan dadia dhukun, lamun ana masakalanipun, pinilala dening wong agung kang wajib, samonoa durung patut, wong anom ahlul mangkono.

Ing tembe yen wus pikun, pantes bae ulah idu wilut, bangsa bincil ambabatang ngusadani, mbok munia theyot theblung, tan ana wong amaido.


(38)

Mangkene patrapipun, wiwit anom amendenga laku, ngungurangi mangan turu sawatawis, amemekak hawa napsu, dhasarana andhap asor.

Akanthi awas emut, aja tinggal wiweka ing kalbu, mituhua wawarah kang makolehi, den taberi anguguru, aja isin atatakon.

Wong amarsudi kawruh, titirona ing reh kang rahayu, aja kesed sungkanan sabarang kardi, sakadare angingimpun, nimpeni kagunanging wong.

Tinimbang lan anganggur, kaya becik ipil-ipil kawruh, angger datan ewan panasten sayekti, kawignyane wuwuh-wuwuh, wekasan kasub kinaot.

Lebih baik dari menganggur, kiranya baik mengumpulkan pengetahuan dari sedikit, asal tidak serba tak suka pada orang lain dan tidak dengki tentulah, kepandaiannya bertambah-tambah, akhirnya terkena unggul.

Lamun wus sarwa putus, kapinteran simpenen ing pungkur, bodhonira katokna ing ngarsa yekti, gampang traping tindak-tanduk, amawas pambekaning wong.

Karana ing tumuwuh, akeh lumuh katona mbalilu, marma tansah mintonken kawruh pribadi, amrih den alema punjul, tan wruh bakal kajalomprong. Lamun pinter satuhu, tan mangkono ing reh patrapipun, kudu nganggo watara duga prayogi, pinter angaku balilu, dennya met kagunganing wong.

Kalau benar-benar pandai, tidak demikianlah kelakuannya, haruslah dengan kira-kira betapa baiknya, pandai-pandailah mengaku bodoh, (agar) dapat memanfaatkan kepandaian orang.


(39)

Panengeraning wong iku, adat ana panggrayanganipun, peten saking sambang liring nayeng wadi, yen wong ngaku sarwa putus, iku mratandhani bodho.

Lamun wong ngaku cukup, mratandhani kukurangan iku, wong ngungasken kakendelan tandha jirih, wong angaku kiyat pengkuh, tandha apes amalendo.

Wong ngaurip wus tamtu, akeh padha arebut piyangkuh, lumuh lamun kasor kaseser sathithik, nanging singa peksa unggul, ing wekasan dadi saor.

Ingkang mangkono iku, badaningong pribadi ing dangu, paksa unggul wekasan malah katinggil, panggilesing jabung alus, winangsulan tyas kaleson.

Mangkono kang tinemu, marmane wong ngaurip punika, aja pisan paksa ambek kumalikih, angaku sarwa linuhung, wekasan kether tan ethor.

Ana kang wus kadulu, suteng carik kadhinginan tuwuh, ngaku putus patrape kurang patitis, manut ngelmuning guyeng dul, amangeran luncung bodhol. Badhar tyas kabalawur, baladheraning wong ambabangus, angas ungus ing wuwus tan anguwisi, temah kasebut wong gemblung, kinira yen lara panon.

Saengga tunggal laku, lan kang asring gumaib ing kawruh, tur tan wikan wiwekaning reh nayadi, adreng ngumbar arubiru, amberat berawaning wong.

Saking lobaning kalbu, mung kalebu lebdeng bek kung lur kung, kumalungkung ngaku ngungkuli sakalir, saliring utameng kawruh, pangrasane padha kasor.

Tur maksih sasar-susur, saraseng ros tan pati tinemu, wekasane mung kudu den alem bangkit, inganthukan bae munthuk, tandha lamun durung kamot.


(40)

Marma utama tuhu, yen abisa matrap unggah-unggah, tanggap ing reh ngarah-arah ngirih-irih, satiba telebing tanduk, tumindak lawan angawon.

Sapa wruh kembang tepus, iku bisa angarah panuju, yekti datan adoh lan badan pribadi, lamun kanthi awas emut, salamet tumekaning ndon.

Dongeng jaman karuhun, mbokmanawa pantes dadi pemut, ana janma bagus anom sarwa wasis, nanging kuciwa kasebut, tukang sual juru waon.

Sawiji dina nuju, temu lawan wong tuwa wus pikun, mintoaken kabangkitan lair-batin, kaki tuwa alon muwus, mengko ta wong bagus anom.

Manira takon tuhu, lagi pira umurira bagus, winangsulan uwis telung puluh warsi, kaki tuwa mesem muwus, layak durung bisa amot.

Maksih cilik ususmu, baya lagi sadami gengipun, yen nyabrang luwih saking seket warsi, wus gedhe dawa ususmu, barang kapinteran kamot.

Mokal lamun alimut, jroning layang Nitisastra iku, gajeg ana pralampitane kang muni, upama jun kurang banyu, kocak-kacik kendhit ing wong.

Manawa kebak kang jun, yekti anteng den indhit ing lambung, iku bae kena kinarya palupi, pedah apa umbak umuk, mundhak kaeseman ing wong.

Wong anom meneng ngungun, kaluhuran sabda alon mundur, ing wekasan mari dennya mbek gumaib, mung lukita kang ginilut, empan papaning wiraos.

Malah wiwit anggayuh, tuturutan pangkataning ngelmu, kasampurnan pamoring kawula Gusti, mahasucekken Datipun, pangrakiting reh tan keron.

Pangracutan pangukut, myang pambabarira tan keliru, panarikan patrape tanajul tarki, ing sangkan paran sumurup, tan kalendhon nora kadho.


(41)

Ki Gambuh bisa muwus, anglakoni dhewe durung kaur, dandang sumyang watak wantune wong langip, tan kawawa wuwur sembur, pitutur bae yen kanggo.

Amung amrih rahayu, ewadene ing babasanipun, alah kandha ana ing tandha lan yekti, titenana ala nganggur, begja kang gelem anganggo.

Tursan rong sapteng lebu, Ki Pujangga panggupitanipun, tawi tawar ing

surasa tanpa manis, marma kongsi karya pemut, mung met marta karahayon.

D. Wejangan Serat Sabdatama

Serat Sabdatama menika ngemu suraos kautaman. Jangka jangkaning jaman karaos mawi tetembungan batin, winaos mawi tetembungan lahir. Tegesipun cipta, rasa, karsa lan karya sampun manunggal. Landhesanipun kawruh budi rahayu.

Gambuh

Rasaning tyas kayungyun, angayomi lukitaning kalbu, gambir wanakalawan enenging ati, katenta kudu pitutur, sumingkir ing reh tyas mirong.

Den samya amituhu, ing sajroning jaman kala bendu, yogya samya nyenyuda hardaning ati, kang anuntun mring pakewuh, uwohing panggawe awon.

Ngajapa tyas rahayu, ngayomana sasameng tumuwuh, wahanane ngendhakke angkara klindhih, ngendhangken pakarti dudu, dinulu luwar tibeng doh.

Beda kang ngaji mumpung, nir waspada rubedane tutut, kakinthilan manggon anggung atut wuri, tyas riwut ruwet dahuru, korup sinerung agoroh Ilang budayanipun, tanpa bayu weyane ngalumpuk, sakciptane wardaya


(42)

Rong asta wus katekuk, kari ura-ura kang pakantuk, Dhandhanggula lagu palaran sayekti, ngleluri para leluhur, abot ing sih swami karo.

Galap gangsuling tembung, ki pujangga panggupitanipun, rangu-rangu pamanguning reh harjanti, tinanggap prana tumambuh, katenta nawung prihatos. Wartine para jambur, pamawasing warsita datan wus, wahanane jaman owah angowahi, yeku sansaya pakewuh, ewuh aya kang linakon.

Kalabendu, saya ndadra hardaning tyas limut, nora kena sinirep limpating budi, lamun durung mangsanipun, malah sumuke angradon.

Tatanane tumruntun, panuntuning tyas angkara antuk, kaladesa wenganing karsa kaeksi, limut kalimput angawut, mawut sanggyaning dumados.

Ing antara sapangu, pangungaking kahanan wus mirud, morat-marit panguripaning sesami, sirna katentremanipun, wong udrasa sak anggon-anggon.

Kemat isarat lebur, bubar tanpa daya kabarubuh, paribasan tidhem tandhaning dumadi, begjane ula dahulu, cangkem silite angaplok.

Ndhungkari gunung-gunung, kang geneng-geneng padha jinugrug, parandene tan ana kang nanggulangi, wedi kalamun sinembur, upase lir wedang umob.

Kolonganing kaluwung, prabanira kuning abang biru, sumurupa iku mung soroting warih, wewarahe para rasul, dudu jatining hyang manon.

Supaya pada emut, amawasa benjang jroning tahun, WIndhu kuning kono ana wewe putih, gegamane tebu wulung, arsa angrebaseng wedhon..


(43)

Karkating tyas katuju, jibar-jibur adus banyu wayu, yuwanane turun-temurun tan enting, liyan praja samyu sayuk, keringan saenggon-enggon.

Tatune kabeh tuntun, lelarane waluya sadarum, tyas prihatin ginantun suka mrepeki, wong ngantuk anemu kethuk, isine dinar sabokor.

Amung padha tinumpuk, nora ana rusuh colong jupuk, raja kaya cinancangan angeng nyawi, tan ana nganggo tinunggu, parandene tan cinolong.

Diraning durta katut, anglakoni ing panggawe runtut, tyase katrem kayoman hayuning budi, budyarja marjayeng limut, amawas pangesthi awon.

Ninggal pakarti dudu, pradapaning parentah ginugu, mring pakaryan saregep tetep nastiti, ngisor dhuwur tyase jumbuh, tan ana wahon winahon.

Ngratani sapraja agung, keh sarjana sujana ing kewuh, nora kewran mring caraka agal alit, pulih duk jaman runuhun, tyase teteg teguh tanggon.

E. Wejangan Kidung Rumeksa Ing Wengi

Kanjeng Sunan Kalijaga paring wejangan luhur lumantar Kidung Rumeksa ing Wengi. Tumraping kalangan kejawen, kidung punika wingit sanget. Kaplalah wonten ingkang nyebat japa mantra. Sinten kemawon ingkang maos saged mbadharaken tiyang ingkang damel piawon. Mila kidung punika ugi kuncara sanget.

Dhandhanggula

Ana kidung rumeksa ing wengi, teguh ayu luputa ing lelara, luputa bilahi kabeh, jim setan datan purun, paneluhan tan ana wani, miwah panggawe ala, gunanging wong luput, geni atemahan tirta, maling adoh tan ana ngarah mring mami, guna duduk pan sirna.


(44)

Sakabehing lara pan samnya bali, sakeh ngama pan sami miruda, welas asih pandulune, sakehing braja luput, kadi kapuk tibaning wesi, sakehing wisa tawa, sato galak lulut, kayu aeng lemah sangar, songing landhak guwaning wong lemah miring, myang pokiponing merak.

Pagupakaning warak sakalir, nadyan arca myang segara asat, temahan rahayu kabeh, apan sarira ayu, ingideran kang widadari, rineksa malaikat, sakathahing rasul, pan dadi sarira tunggal, ati Adam uteku Baginda Esis, pangucapku ya Musa.

Napasku Nabi Musa linuwih, Nabi Yakub pamyarsaningwang, Yusup ing rupaku mangke, Nabi Dawud swaraku, jeng Suleman kasekten mami, Nabi Ibrahim nyawaku, Edris ing rambutku, Bagendha Li kulitingwang, Getih daging Abu Bakar singgih, Balung Bagenda Usman

Sungsumingsun Patimah linuwih, Siti Aminah bayuning angga, Ayub ing ususku mangke, Nabi Nuh ing jejantung, Nabi Yunus ing otot mami, Netraku ya Muhammad, pamuluku rasul, pinayungan Adam sarak, sampun pepak sakathahing para nabi, dadya sarira tunggal.

Wiji sawiji mulune dadi, apan pencar saisining jagad, kasamadan dening date, kang maca kang angrungu, kang anurat kang anyimpeni, dadi ayuning badan, kinarya sesembur, yen winacakna ing toya, kinarya dus rara gelis laki, wong edan nuli waras.

Lamun ana wong kadhendha kaki, wong kabanda wong kabotan utang, yogya wacanen den age, nalika tengah dalu, ping sawelas macanen singgih, luwar


(45)

Lamun arsa tulus nandur pari, puwasaa sawengi sadina, iderana galengane, wacanen kidung iku, sakeh ngama sami abali, yen sira lunga perang, wateken ing sekul, antuka tigang pulukan, musuhira rep sirep tan ana wani, rahayu ing payudan.

Sing sapa reke bisa nglakoni, amutiya lawan anawaa, patang puluh dina wae, lan tangi wektu subuh, lan den sabar sukuring ati, Insya Allah tinekan, sakarsanireku, tumrap sanak rakyatira, saking sawabing ngelmu pangiket mami, duk aneng kalijaga.

Wondene pralambang tuwin pralampita minangka tuntunan dhateng para ummat ingkang sampun ngambah tarekat wau, ingkang tamtu mikantuki, inggih kedah ngangge prabot saking bab-bab ingkang dipun senengi ing akathah saha gandheng kalayan kapitadosaning agaminipun. Kasenenganing akathah ingkang makaten wau, saged pinanggih ing tetingalan ringgit purwa. Awit saking punika, mila tetingalan ringgit purwa ingkang sampun wonten samangke punika, inggih kedah dipun ewahi kalarasaken kalayan kaislaman, dadosa srana panetah tumrap ummat Islam ingkang sampun ngambah tarekat.

Mila tetingalan ringgit purwa sami dipun senengi tetiyang kathah ingkang gandheng kalayan kapitadosaning agami, jalaran: wontenipun tetingalan punika pancen iyasanipun para ulu-uluning agami Siwah, kangge mujudaken piwulangipun ingkang kawrat ing serat Mahabharata. Kadosta: dumadosipun para titah, para dewa ingkang nitahaken, jim peri prayangan, suwarga naraka, papasthining manungsa, sadayanipun saged kamot ing gambaran ringgit purwa. Jalaran saking wujud makaten wau, pangaji-ajinipun tetiyang kathah dhateng


(46)

tetingalan ringgit, prasasat boten beda kaliyan pangaji-ajinipuni dhateng para dewa panutanipun. Saben tiyang nanggap wayang, tamtu boten tilar upacara sesaji tuwin kekutug dupa ratus sapanunggalipun kados dene sesaji dhateng para dewa panutanipun.

Saking agenging kapitadosan, ngantos lahiripun jabang bayi ingkang manut kapitadosanipun agami Siwah tuwin Buda pinasthi dados mangsanipun Bathara Kala, ugeripun sampun dipun sranani tatacara ngruwat ingkang katindakaken sarana tetingalan ringgit (wayang) lampahan murwakala, ngantos diwasaning bayi wau, sampun rinaos uwal saking papasthen dados mangsaning Bathara Kala. Mila, kamosrikan ingkang ngantos samanten lebetipun punika, saking sekedhik kedah dipun icali. Nanging caranipun ngicali, kedah tansah kanthi kawicaksanan, sampun ngantos damel kagetipun tetiyang kathah. Kapara malah kaangkah sagedipun nuju prana.

Makaten wigatosing usulipun Kangjeng Sunan Kalijaga ing parepatanipun para Wali. Usul wau ugi dipun sarujuki saha ugi katindakaken. Upacara dalah lampah-lampahipun, angepleki usul rembagipun Kangjeng Sunan Kalijaga.


(47)

BAB V

TATA CARA ADAT JAWI

A. Dhukun Methik

Sakwise arak-arakan tekan omah, si dhukun Methik ngucap salam. Dhukun Methik : Kula nuwun,

Winengku Gati : Mangga, mangga, mangga.

Dm : kula sak kanca sowan mriki niki wau badhe tumut mondhok wonten griya piniki.

Wg : Wo, mangga, mangga lajeng sinten ingkang badhe tumut wonten griya mriki?

Dm : Mbok Sri Sadana, sawadya balanipun.

Wg : inggih kula tampi sadaya kemawon supados tumut mriki, ingkang wuta supados dipuntuntun, ingkang lumpuh supados dipungendhong.

Dm : menawi makaten mangga panjenengan tampi Mbok Sri Sadana, sawadya balanipun.

Wg : pundi-pundi kula tampinipun lan badhe kula papakaken wonten gedhong mayang arum.


(48)

Asmarandana

Bismillah ingsun mamiti Anyebut asma yang Sukma Kang mura ing dunnya riku Rahem asi ing akherat Kang pinuji tan pegat

Kang asung nikmat mring ulan Yang sukma kang murbing jagad

Sampun muji sakabihi Sigegen ganti kucapa Asali Bethara Guru Uwit saking Nabi Adam Tumurun putra nira Yang essis aranipun Yang essis kang kucapa Saturun-turuni mali

Ten anama manusa Kungsi rung welas turun Sami anama Sang Yang Tan pegat salawasnya Kang mikrut gama leluhur Lan mali Betara Kala Sinom

Yang guru sigra anabda Sira mundura mring kini Sira layap dihin mula Wong tan ayun kadumani Mali akur nandur pari Sira angrusak kungsi lebur Sira mundura sigra

Sang kala asru anangis

Nuliya matur sang kala ing rama nata Punapa pangan kawula Yang guru ngandika aris Iya anak panganira Kang ana ing marcapadi Pendhawa dadi pangani Sang kala sigra umatur Pundi asran pendhawa Angandika nata Giri


(49)

B. Bayi Mudhun Lemah

Dhalang : Nuwun para priyagung ingkang minulya. Linambaran hing drening tyas ayun gleluri budaya. Sanadyan hamung sapelik cilik kang cinuplik. Nanging mawi wewaton kasunyatan ingkang maksih katiti. Gelaring tatacara kang dumadi haneng wewengkon Kota Madya Blitar. Anenggih punika-ta kang sinebut adicara mudhun siti. Tumapake marengi mangsa kala ponang jabang bayi ngancik yuswa pitung lapan.

= mangkana-ta kalamun ginelar hing cacrak budaya :

Wira swara : Pitung lapan ya pitung, sasi umure sang jabang bayi. Tinengeran lan dan pengeti Adicara mudhun siti.

(Paraaga sarimbit medhal) ….instrumen sirep :

Dhalang : Lah punika ta wujutira jalma hurip bebrayan kang wis anggadhuh putra ngancik yuswa pitung lapan….

Lanang : Dhuh bojoku kang ayu Wadon : Apa…..kakang

Lanang : Petungku wis pitung lapan umure bayi… apa wis cemawis ubarampe lan saranane kanggo pengetan mudhun lemah adhi? Wadon : Iya kakang kabeh wis sumadiya

Lanang : Lha banjur sapa sing kok patah nindakake adhi?

Wadon : Ora ana liya kajaba Nyai Dhukun panutane adad kakang. Lho lha kae Nyai Dhukun wis teka………


(50)

Wira swara : Nyai Dhukun panutanira. Pepengetan lan adi cara. Wis tumeka lan sumadiya. Angayati wajibira…………

Instrumen sirep………..

Wadon : Mangga-mangga Nyai……punika ponang jabang bayi anak kula kekalih. Sampun pitung lapan umuripun……… Sumangga borong anggen ndika nyaranani. Mamrih manggiha rahayu basuki. Uripira sa-lami-lami.

Dhukun : Iya nini lan kai……..aku sumaguh…… Among pandongamu bae aja kisruh lan worsuh…… Dimen kabul lan kasembadan ingkang ginayuh.

Lanang lan Wadon : Inggih Nyai kula anurung donga…Lan punika sadaya sesaji ingkang wigati kangge sarana. Mangga andika tampi…. Dhukun : Iya nini….banget ing panarima……..harak wis jangkep ta

saranane?

Wadon : Sampun Nyai…..sadaya sampun kataliti.

Dhukun : Gendhuk…sesaji lan sarane gelis tampanana…bayine aku ingkang angemban…gek ayo enggal dan wiwiti….

Gendhuk : Inggih Nyai sendhika….

(dhukun nampani bayi…gendhuk nampani sesaji.. terus tumuju mring ondha). ………….lanang lan wadon mlebu………

Dhalang : Sawemane sesaji pan wus tinampi……kinanten ing donga suci..kocap….sang panutane adad…katingal marepegi sarana


(51)

Wira swara : Nyai Dhukun angemban bayi………Srana sesaji datan kari. Lon alonan marepegi. Pangestine mung sawiji.

Instrumen sirep……….

Dhukun : Kene-kene gendhuk…bayi lan pitike enggal paringna aneng jroning kurungan iki…….

Gendhuk : sendika nyai… (Bayi Lan Ayam Dikurung Dadi Siji)

Dhalang : Katingal Sang Panutane laku…..mapan mabukuh marikelu..kacihna lamun lagya andedonga….

Dhukun : Heh sira jabang bayi……dak sesuwun mring hyang widi…muga-muga uripira mapan bareng lan hurip-hurip aneng kurungan kencono…….pinaringan bisa wengku winengku…temah manggiha rahayu…..

Wira swara : Kurung kurung kurungan kencono. Raga wadhag pralambange. Manunggale jiwa lan raga. Srana urip neng Madyapada.

Dhalang : Rampung ing gati srana kang sawiji…Gya ngancik ingkang kadwinipun. Apa ta wuudira……..Gagah angaglah..tur ambregagah..lah punika ta kang winastan tataran iya sinebut ondha…..ginawe saking tebu wulung..

Dhukun : Gendhuk padha seksenana…..bayi iki menek ondha tebu wulung..Muga Hyang Widi Angudaneni……Uripe bayi bisao ameruhi..Adon-adon pitung prekara…kang bareng urip sedina lan sawengine….


(52)

Dhalang : Lah..mangkana ta kang cinandra….adon-adon pitung prekawis.. Pitu kang kapisanan , adon-adon pitung prekara aing bleger wujud raga wadhag…pitu kang kapindho..pitung prekara kang datan kasad mripat…bleger mawujud hurip sajeroning raga… (Dhukun Nyedak Padusan)

Wira swara : Muga muga kinabulna…ondha pitu telu wulung ..mrasuka marang uripe…hayu ngayun sawurine..

Dhukun : Kene gendhuk…dupa lan banyu enggal cawisna…ponang jabang bayi bakal tak edus warih suci……

Gendhuk : inggih nyai sendhika…

Dhalang : Pan wus titi wanci….ponang jabang bayi siniraman……mawi warih wening kang binarung sekar setaman miwah uwit gedhang anakan..mamrih rumasuk dayane…kasembadan kasembadan ingkang dadi sedyane nyai dhukun katingal mabukuh angeningeke cipta…….meminta nugraha jati ponang dupa kabesmi…..kumelun gandane arum rumasuk durgandana……

Dhukun : Niyatku nyawuk banyu wana lan banyu wening….Sing nyiduk suci…….sing dicidhuk banyu suci…….tumama dayane marang jabang bayi…..dadya suci njero lan suci njabane……


(53)

Wira swara : Warih wenang ya warih wening…..Tumamoa dayaning suci…..kinabulna estining ati…….Besuk gedhe luhuring budi…..

Dhalang : Pumaning sesuci …busana cecawisan pan wus rumanti….Nyai dhukun gya rumagang ing gati……

Dhukun : Kene-kene gendhuk pada seksenana…….aku bakal ngetrapake busana…..

Dhalang : Jangkebing pangawikan……nyai dhukun gya arsa paring busana marang ponang jabang bayi…..pira ta cacahing busana….ora akeh…amuh pitung warna..mangkana gelaring gati….

Dhukun : Iki kepriye gendhuk……pantes apa ora?

Gendhuk : Boten nyai…..boten pantes …(Padha Nganti Rambah Kaping Nenem)

Dungkap Kaping Pitu…… Dhukun : Sing iki kepriye gendhuk?

Gendhuk : Wadhuh………lha inggih niku Nyai …….sing pantes, gandhes tur kewes.

Dhukun : Yen Mangkono Iya Iki Busanane Bayi.

Wira swara : Jabang bayi wis manggihake….Gem ageman busanane….Gandhes kewes ya candrane….Mawa teja guwayane…(Dhukun ngagemake makutha janur)


(54)

Dhalang : dupi sampun manggih busana kang mantesi …… sakala ponang jabang bayi …… katon gumebyar cahyane …. mencorong tejane ……. wauta …. marengi mangsa kala …. mareng wedharing sesaji sasra warna ….. sasra wilangan sewu .. warna wus ngarani …. prasasat cacah sewu wujude sesaji …. ingkang kabeh-kabeh mawa werdi dhewe-dhewe …. kalamun ta winedhama .. sadaya mawa piwulang pituduh bab ngelmuning urip … mamrih manggih rahayu …. rahayu hing mangke sarta hing tembe mburine …

Dhukun : Kene-kene kaki lan nini .. iki lho anakmu wis teka …

Wira swara : Kusung-kusung amapakna .. tekane sang raa putra … Dikekudang di gadhang-gadhang .. Dadya jalma migunani … Lanang : Wadhuh-wadhuh mencorong mawa teja .. kok kaya anakku

sing teka ..

Dhukun : Inggih pak… kula sing teka.. Lanang : Padha slamet ta ngger? Dhukun : Pangestune pak wilujeng …

Lanang : Saka ngendi bae anggonmu lunga le? Dhukun : Saking beguron pak pados ngelmu…. Lanang : Ooo ngono ta … oleh-oleh mu apa le…

Dhukun : Namung daya kuwat, akas, slamet, lan walering agami pak… Lanang : Wadhuh-wadhuh wong tuwa bungah le, mung bae bapak


(55)

Dhukun : Punapa talsih kirang ta pak, …. Lan punapa jangkepipun? Lanang : Iya thole … pancen isih kurang .. iki lo jangkepane … kowe

tak wenehi pusaka Ceker Ayam …mbesuk men pinter ngupa jiwa….

C. Ruwatan Murwa Kala

Murwa kala saking tembung : purwa kaliyan Kala. Purwa tegesipun : wiwitan. Kala tegesipun : sambe kala utawi bilahi. Dane Murwa Kala punika tegesipun, salah satunggaling carios ing pewayangan ingkang nyariosaken mula bukaning wontenipun sambe kala, bilahi, utaei samubarang ingkang nyilakani dhateng gesangipun para titah ing madya pada.

Ruwatan saking tembung Ruwat ingkang artosipun ngrimat utawi njagi. Dados ruwatan punika nggadhahi teges : salah satunggaling tumindhaipun manungsa kanthi srana Ki Dhalang Seati kersaa sabiyantu nagi kayuwananing gesang ing pangajab sageta kalis ing sambe kala.

Rehning acara Ruwatan punika kalebet upacara ingkang anggadhahi Nilai Kultural, mila boten sedaya dhalang saget ngleksanaaken. Miturut kapitadosan Jawi ingkang kuwagang ngleksanaaken Ruwatan punika namung Dhalang Sejati.

Sadaya kala wau kanthi pangajab supados saget kasembadan punapa ingkang dipun kersaaken murih tentreming gesang, boten manggih rubeda, kalis ing sambekala.

Acara Ruwatan utawi Murwa Kala punika kanthi nggelar carios ingn pewayangan, dane wekdalipun saget siang, saget ugi wanci dalu, miturut dhateng


(56)

panyuwunipun ingkang kagungan kersa. Perlu kawuningan bilih Pagelaran Mggit wonten acara Ruwatan punika benten sanget kaliyan pagelaran ringgit limrahipun awis ing acara Ruwatan punika mawa Sesaji ingkang maneka wami cacahipun.

Dane paraga ingkang ngayahi ing acara Ruwata punika : Dhalang Sejati, Keluarga ingkang dipun ruwat, Waranggana, Wiyaga ingkang minangka pengiring ing tata pakeliran.

Gendhing Ayak kempul arang, slendro wolu. Kayon kabedhol lajeng dipun puter laras kaliyan ungeling gendhing, lajeng kasishaken manengen. Jejer Ing Kayangan Suralaya. Bathari Durga ya Dewi Umayi ingkang kaadhep Bethara Kala dalah Sang Hantogo. (Kothak kadhodhog : Dhero-dhog-dhog)

Janturan :

Ya anenggih inigeg ing gelar, menika waminipun Kahyangan Suralaya. Ing ngriku Sang Hyang Betheri Durga, ya Nini Permani Beja Bethari Uma, inggih winastan Dewi Umayi. Panjenenganipun nampi sowaning kang putra Bathara Kala ingkang sampun kathingal lenggah amarikelu yayah konjem ing bantala wedanane ing ngarsaning pun ibu. Ingkang dipun rembag bab pepancening tedhanipun Bathara Kala saking pun Rama Sang Hyang Bathara Guru ugi saking pun ibu.

Bethari Durga : Hong wilaheng sekaring bawana, E..e..lae-lae ya Jagad ya Bathara mangko-mangko ngger Bathara kala, kulup ala padha raharja prapteng kina ana ngabdyantaranung pun ibu ngger?


(57)

ngaturaken sembah sungkem konjok ing ngandhapin pepada kawula nok nun.

Btri. Durga : Kaya wus ulun tampa ngger, agawe uka renaning tyas ulun, ora liwat puja pangestuning pun ibu enggal tampanana ya kulup ! Bathara Kala : Sanget ing panampi kula. Sembah kincuping ata kali hanampi

pangestawanipun kanjeng ibu, mugya andadosaken jimat paripih. Btri. Durga : Kejaba saka iku ya ngger, mungguh kaya apa sabanjure jeneng

kita sawise nampa pepancen pangan saka ramamu lan ibu, apa ya wus mangerti mungguh kersaning?

Bathara Kala : He..he…Saderengipun kula sanget ngaturaken gunging panuwun, dane punapa pun putra sampun pinaringa pepancen tedhan ingkang kathahipun 172 wami. Ingkang kapantha dados tigang perkawis inggih punika ,

1. Bab Kelahiran : inggih punika bilih wonten titah ingkang lahiripun boten kaleresan. Umpaminipun lahir sareng ungeling gamelan, ingkan gdipun wastani lahir SAMPIR, lan sateruse.

2. Bab Sedherek : inggih punika bilih wonten sedherek winates, kados upaminipun : lare Ontang Anting, Gendhono-gendhini,Kembang epasang, Uger-uger lawang, Sendhang kapit pancuran utawi pancuran kapit sendhang, Pandawa, lan sateruse.


(58)

3. Bab Sembranan : inggih punika bilih wonten titah ingkang tindhakipun sembrana ngantos damel kapitunaning sanes upaminipun : Adang rubuh dandangipun, damel griya boten di ampik-ampiki, damel bumbung bolong ngisor dhuwur, nanem waluh ing ngajeng griya tanpa dianang-anjangi lan sateruse.

Sedaya kala wau dados memangsanipun Bathara Kala kalamun derang dipun Ruwat daning Dhalang Sejati. Mila saking punika dhuh kanjeng ibu, rehning sampun titi wancinipun, kalilanana putra paduka mandhap dhateng madya pada, saha pangestunipun kanjeng ibu ingkang kula suwun.

Btri. Durga : ya..ya.. kulup enggal mudhuna mring madya pada, sing ati-ati, pangestune kanjeng ibu kaya banyu mili, ngger.

(Mungel gangsa ayak kempul kerep : Bathara Kala kaliyan Hantogo mandhap mring ngarcapada)

D. Tingkeban

Kendhuri tingkeban : Sega brok. Buceng cilik cacah 7 (pitu). Buceng gede 1 (siji). Sega golong 9 (songo) atau 4 (papat). Keleman (pala kependhem). Iwel-iwel. Jenang sengkala. Jajan pasar jangkep. Gedhang raja setangkep. Kembang boreh, wangi lan setaman.


(59)

Srana padusan : Banyu suci. Wit gedhang (anakan). Kembang setaman. Prapen (tempat dupa).

Uba rampe : Kurungan. Pitik urip. Andha telu (jenang 7 glindhing). Klambi jarik pitu. Janur rinenggo (mahkota). Selendhang 1.


(60)

BAB VI

TITI LAKSANA TETAKAN

A. Nindaaken Syariat Agami Assalamu’alaikum wr. wb.

Katur dhumateng ngarsanipun para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat sinudarsana. Langkung rumiyin mangga kita sami muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Mirah. Salam lan rahmat mugi tansah konjuk dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad Saw.

Ing kalodhangan menika keparenga kawula atur pratelan ingkang wonten gandhengipun kaliyan upacara tetakan. Menggah sunat utawi sunah punika tembung Arab. Kajenging suraos, meh radi memper kalayan tembung kautamen. Dene sunat ingkang dipun kajengaken ing ngriki, inggih punika: sunat ingkang tumindakipun saengga wajib tumrap bangsa Nuswantara punapa dene tetiyang Islam sadonya pisan.

Kelanturing panganggenipun tembung sunat wau, adhakanipun namung katandukaken dhateng lare-lare estri, inggih punika : lare-lare wau sami kabelek kendhanganipun tipis ingkang anggandheng lamben alit kekalih, ing salebetipun lamben ageng kekalih ing kuwadonan. Dene paedahipun, samangsa lare wau dumugi wancining tarap, wedaling sesuker saking nglebet supados saged gampil sarta boten sakit.


(61)

rowan-rowan mawi nyedhahi sanak kadang ahli waris sarta tangga tepalih. Nanging, sajatosipun, bab bedhahing kendhangan tipis wau, sanadyan boten sarana kabelek, kabekta saking dayaning kodrat, lare saya diwasa, kendhangan saya tipis, tur kadhang dereng ngantos wancining tarap, kendhangan sampun bedhah piyambak, ingkang ngawaki malah sok boten kraos. Wondene purwanipun ing nuswa Jawi wonten tata cara sunatan makaten wau, sajatosipun namung tuwuh saking kawicaksananipun para Wali dadosa srana anggenipun badhe ngislamaken tetiyang kathah.

Kados mekaten kala wau menggah rembaganipun bab tetakan ingkang kasambetaken kaliyan panindaking syariat agami Islam. Pungkasaning atur mugi sami rahayu ingkang pinanggih. Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

B. Ndherek Wejanganipun Nabi Ibrahim Assalamu’alaikum wr. wb.

Kawula nuwun.

Sanggyaning para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan. Ing kalodhangan punika badhe karembag babagan tetakan ingkang ndherek wejanganipun Kanjeng Nabi Ibrahim as.

Tata cara tetakan utawi sunatan tumrap lare estri kasebut ing serat Guna Cara Agama, manawi katandukaken dhateng, lare jaler, limrahipun dipun

wastani: tetakan utawi supitan (tetak supit). Malah ugi wonten ingkang mastani : Islam. Nanging tembung tetiga wau, saestunipun inggih sami dene kelanturipun


(62)

ingkang jalaran namung mirid saking patraping panindak. Dene patraping panindak, inggih punika: lare-lare jaler dipun pagas ikutipun ingkang ambungkus sirahing pastapurusa, ngantos sirah wau ketingal moncek boten kabungkus malih. Liripun kelantur, jalaran : Dipun wastani tetak, sebab: kapagas (kakethok) peranganing badan ingkang awujud pucuk. Dipun wastani supit, sebab: pamagasing ikut, ing ngriku, mawi migunakaken pirantos ingkang wujud supit. Winastan Islam (dipun Islami), sabab nalika badhe kapagas ikutipun, lare punika mawi dipun tuntun ingucapaken kalimah sahadat (rukuning agami Islam). Saking katerangan punika, mila tembung-tembung ingkang kangge mastani tumindaking tata cara wau, tetela kirang trep. Dene wastanipun ingkang sekawit inggih punika: kitan.

Wondene paedahipun tata cara kitan punika, perlu kangge anjagi karesikan saha kasarasan. Sawanci lare sampun akil balig, lan badhe sholat, pastapurusa punika supados gampil dipun resiki. Punapa dene, samangsa lare sampun diwasa manawi nandukaken hardaning birai, ugi gampil dipun resiki, boten gampil dipun susuhi wiji sesakit.

Sakawit, ingkang ngutamakaken tata cara sunat lan tetak punika namung agami Islam. Sarta, sunat ing ngriku, inggih tetep namung sunah (sanes wajib). Mila salugunipun, upami boten nglampahi sunat utawi tetak, ugeripun resikan, inggih boten dosa menggahing agami. Nanging manawi purun nglampahi, menggahing agami lajeng pikantuk ganjaran. Mila tembung sunat wau, kula wastani radi memper kalayan suraosipun tembung kautaman.


(63)

Miturut kadis, Nabi Ibrahim ngalaihis salam, andhawuhaken; lare jaler ingkang ikutipun sampun cendhak boten ambungkus sirahing pastapurusa, kawenangaken boten sisah nglampahi kitan. Suraosipun kadis punika, sampun cetha cocog kalayan katerangan wau, bilih wigatosing tetak punika, perlu kangge anjagi kasarasan. Mila dumugi samangke, para dokter ugi ngleresaken wontenipun tata cara wau.

Sarehne kitan lan sunat punika kajawi nglampahi sunat rukuning agami Islam ugi perlu anjagi kasarasan, mila juru netaki anggenipun nindakaken wajib, prayoginipun inggih tansah ngengeti perlu-perlu wau. Liripun: saben-saben, inggih kedah suka tuntunan kalimah sahadat dhateng lare ingkang dipun tetaki. Punapa dene, pamagasing ikut kedah kaangkah sirahanipun sampun ngantos saged wangsul nlakup sirahing pastapurusa. Dados sasampunipun tetak, sapunika lajeng lestantun moncer.

Kamajengan samangke, para sadherek juru rawat ingkang sampun gadhah partisara babagan kasarasan, ugi sami nindakaken netaki. Panindaking damel netaki para sadherek punika, tumraping kasarasan tamtu sampun nama nyekapi. Saya utami malih, manawi dipun jangkepi kalayan suka wejangan kalimah sahadat. Dados lajeng tetep: dhukun tetak ingkang mumpuni. Emanipun, ingkang kathah-kathah meksa dereng dumugi samanten.

Tumrap tetakan ingkang katindakaken para sadherek Bong limrah, sanadyan wontenipun tata-cara punika sampun atusan taun, ewa dene asring kemawon kita mrangguli tetakan ingkang dereng cocog kalayan perlu-perlu wau. Kadosta: Saking kirang panjang anggenipun magas ikut, sasampunipun tetak, pun


(64)

ikut taksih lestantun ambungkus sirahing pastapurusa. Saking tuni dungkaping pamagas, tur kadhang ngengingi pipa margi rah ingkang radi ageng anjalari kathahipun wedaling rah, ngantos larenipun sok klemper. Ugi wonten ingkang ikut wau boten kapagas nanging samung kabelek murih enggala saras. Kados mekaten kalawau pratelan ingkang kapacak ing serat Guna Cara Agama. Kawula cekapaken semanten langkung rumiyin seserepan bab tetakan. Mugi ndadosaken kawuningan. Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

C. Piranti Kangge Tetakan Assalamu’alaikum wr. wb.

Nuwun sagunging para rawuh ingkang ndherek sarasehan ing dinten punika. Kawula badhe matur kanthi irah-irahan Piranti Kangge Tetakan. Supados tetakan saget gancar lan lancar mila ugi perlu sangat mawi piranti ingkan premati.

Limrahipun, tetakan ingkang katindakaken para sadherek Bong ingkang kathah-kathah punika, ikut kasogok lajeng kajapit nunten kapagas: gres, tatunipun lajeng dipun leleti pethakaning tigan ayam: sampun rampung. Bab tatu enggal lajeng dipun leleti tigan ayam punika manawi tatu punika pancen sampun resik, inggih wonten saenipun. Awit, garinging pethakan tigan ing ngriku lajeng prasasat dados lim tatuning pagasan wau. Nanging, sarehning nalika ikut badhe kapagas boten mawi dipun resiki rumiyin, mila tatu wau asring sanget lajeng dados ngoreng. Amargi : jalaran boten dipun resiki langkung rumiyin wau, adhakanipun


(65)

jalaran boten kablebed, inggih lajeng gampil kataman bibit sesakit saking ing Jawi. Kaping tiganipun, sanadyan sepena sambekala pisan, ing atasipun badan waras-wiris lajeng kapagas wantahan punika, sanadyan lare ing ngriku sampun pawitan tekad. ing raos meksa memelas. Jer nyatanipun tamtu karaos sakit.

Awit saking punika, mila kita lajeng tuwuh gagasan ngarang seratan punika, ing pangangkah sageda dados ancer-ancering panindak ingkang radi patitis. Dene wawatonipun kajawi sampun kapratelakaken ing ngajeng, ugi mirid saking; andharaning serat titiasri ingkang dapur ngonceki suraosipun babad Demak. Bab gandhengipun kalayan kasaran, ugi saking, pangawikan warni-warni praktik ingkang sampun kula tindakaken piyambak. Nanging, tuladha-tuladha ing ngriki namung nuladhani murih gampilipun katindakaken ing padhusunan tuwin pakampungan kemawon. Inggih punika, Bong kedah gadhah: a. Pesso alit, gunting, japit sekedhikipun kalih, sogok (sande). b. Chloroethyle, spiritus fortijor, boorwater, boorzalf, dermatol, kapuk, verband, sadayanipun kedah resik (steril).

Sadaya prabot punika saged tumbas dhateng toko jampi (Apotheek), ugeripun nerangaken kanggenipun, tamtu pikantuk. Yen badhe nindakaken netaki, langkung rumiyin Bong kedah nyawisaken pirantos-pirantos wau. Boorzalf ingkang sampun kaledre ing gaasverband kaangkaha cekap kangge nutupi (ambuntel) tatuning pastapurusa ingkang badhe kapagas. Tanganing Bong saha pastapurusa ingkang badhe kapagas sanadyan ketingalipun tamtu sampun resik, naging kedah kagosok ing spiritus fortijor sarana kapuk sekedhik. Perlunipun, yen ing ngriku wonten bacterien (bibit penyakit ingkang alus sanget, sageda pejah dening dayaning spiritus.


(1)

III. POKOK BAHASAN DAN RINCIAN POKOK BAHASAN

Minggu ke Pokok Bahasan Rincian Pokok Bahasan Waktu I Pengetahuan

tentang tatacara upacara pengantin Jawa

Mengetahui dan memahami seluk beluk tatacara upacara pengantin Jawa

100’

II Mengetahui tatacara lamaran

Mengetahui dan memahami tatacara lamaran

200’ III Mengetahui seluk

beluk upacara pengantin

Mengetahui dan memahami seluk beluk upacara pengantin

200’

IV Mengetahui seluk beluk pambagya-harja & pasrah pengantin

Mengetahui dan memahami seluk beluk pambagyaharja & pasrah pengantin

200’

V Mengetahui tata cara pasang ble-ketepe & perleng-kapannya

Mengetahui dan memahami tata cara pasang bleketepe & perlengkapannya

200’

VI Mengetahui seluk beluk upacara midodareni

Mengetahui dan memahami seluk beluk upacara midodareni.

300’

VII Mengetahui perbedaan busana pengantin gagrag Yogyakarta & Surakarta

Mengetahui dan memahami perbedaan busana pengantin gagrag Yogyakarta & Surakarta.

300’

VIII Ujian akhir 100’

IV. REFERENSI/ SUMBER BAHAN

A. Wajib:

Karkono Kamajaya, 1992. Serat Centini Latin. Yogyakarta: Yayasan Centini Nayawirangka, 1958. Serat Tuntunan Padhalangan. Yogyakarta: Jawatan

Kebudayaan, Kementerian PP dan K.

Padmosukoco, 1982. Memetri Basa Jawa. Surabaya: CV. Citra Jaya ___________, 1985. Silsilah Wayang Purwa Mawa Carita. Surabaya: CV.

Citra Jaya

B. Anjuran :


(2)

Sri Hartati Agoes, 2001. Kiat Sukses Menyelenggarakan Pesta Perkawinan Adat Jawa Gaya Surakarta & Yogyakarta. Jakarta : Gramedia.

Sudi Yatmana, 1988. Tuntunan Kagem Para Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda, Sinartan Tuladha-tuladha Medhar Sabda, Ulem, Panyandra. Semarang : Aneka Ilmu.

Suyadi Respationo, 1979. Upacara Mantu Jangkep Gagrag Surakarta. Semarang: Dahara Prize

V. EVALUASI

No Komponen Evaluasi Bobot (%)

- Teknik yang dipakai dalam evaluasi berupa ujian tulis. Nilai akhir diperoleh dari perhitungan sebagai berikut.

NA = T + S + 2A 4

100 %

Jumlah 100%

Yogyakarta, 10 Februari 2012 Dosen


(3)

LAMPIRAN 2.

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

MATA KULIAH : EKSPRESI LISAN II

RPP/FBS-PBD/235 Revisi : 00 10 Februari 2012 Hal. 1. Fakultas / Program Studi : FBS / Pendidikan Bahasa Jawa

2. Mata Kuliah & Kode : Ekspresi lisan II Kode : PBD 235 3. Jumlah SKS : Teori : - SKS Praktik : 2 SKS

: Sem : Gasal () Waktu : 16 pertemuan 4. Standar Kompetensi : Mahasiswa memiliki pengetahuan tentang

tatacara dan tata upacara adat Jawa, busana adat Jawa, gendhing-gendhing Jawa, terampil membuat naskah pranatacara dan pame-dharsabda dalam berbagai upacara adat Jawa dan terampil pula mempraktikkannya. Materi meliputi: lamaran, lambang kalpika (tukar cincin), awal mantu (pasang bleketepe hingga midodareni), pernikahan, pawiwahan, pahargyan, busana pengantin Jawa (gaya Jogja dan Solo), dan gendhing-gendhing iringan pengantin Jawa. Kegiatan perkuliahan: tatap muka, praktik, kuliah lapangan dan tugas. Evaluasi: tes tengah semester, tugas dan praktik, tugas lapangan dan tes akhir semester. 5. Kompetensi Dasar : Mahasiswa diharapkan memiliki pengetahuan

yang memadai tentang seluk beluk tatacara dan tata upacara adat Jawa, busana adat Jawa, gendhing-gendhing Jawa, terampil membuat naskah pranatacara dan pamedharsabda dalam berbagai upacara adat Jawa dan terampil pula mempraktikkannya.

6. Indikator Ketercapaian : Setelah mengikuti program perkuliahan ini mahasiswa mampu membuat rancangan penyelenggaraan upacara pengantin adat Jawa 7. Materi Pokok/Penggalan Materi : buku tulis dan alat peraga


(4)

8. Kegiatan Perkuliahan :

Tatap Muka Komponen Langkah

Uraian Kegiatan Estimasi

Waktu

Metode Media Sumber

Bahan/ Referensi

PENDAHULUAN Memberi deskripsi

tentang upacara pengantin adat Jawa

1 x tatap muka atau 100 menit

Ceramah, demonstrasi

Proyektor A dan B

LATIHAN MEMBUAT KONSEP UPACARA PENGANTIN JAWA

Praktek dan latihan membuat konsep upacara pengantin jawa

4 pertemu an x 100 menit Teori dan praktek penyelengg araan upacara pengantin Jawa

Proyektor A dan B

LATIHAN MEMBUAT KONSEP TATACARA LAMARAN

Praktek dan latihan membuat konsep tatacara lamaran

4 pertemu an x 100 menit Teori dan praktek penyelengg araan tatacara lamaran

Proyektor A dan B

MEMBUAT KONSEP & LATIHAN PASANG BLEKETEPE DAN MIDODARENI

Praktek dan latihan memasang bleketepe dan midodareni

4 pertemu an x 100 menit Teori dan praktek memasang bleketepe dan midodareni

Proyektor A dan B

PEMANTAPAN LATIHAN Memberi penjelasan perbedaan busana pengantin gagrag Yogyakarta dan Surakarta

1 x tatap muka atau 100 menit Demonstrasi perbedaan busana pengantin gagrag Yogyakarta dan Surakarta

Proyektor A dan B

TANYA JAWAB AKHIR

PERKULIAHAN

Memberi

kesempatan kepada peserta kuliah untuk menanyakan seluk-beluk bahan

perkuliahan ekspresi lisan II

1 x tatap muka atau 100 menit Ceramah, demonstrasi dan diskusi

Proyektor A dan B

DAFTAR PUSTAKA

Karkono Kamajaya, 1992. Serat Centini Latin. Yogyakarta: Yayasan Centini Nayawirangka, 1958. Serat Tuntunan Padhalangan. Yogyakarta: Jawatan


(5)

___________, 1985. Silsilah Wayang Purwa Mawa Carita. Surabaya: CV. Citra Jaya

Sayid, 1958. Bauwarna Wayang. Yogyakarta: Percetakan Republik Indonesia. Sri Hartati Agoes, 2001. Kiat Sukses Menyelenggarakan Pesta Perkawinan Adat

Jawa Gaya Surakarta & Yogyakarta. Jakarta : Gramedia.

Sudi Yatmana, 1988. Tuntunan Kagem Para Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda, Sinartan Tuladha-tuladha Medhar Sabda, Ulem, Panyandra. Semarang : Aneka Ilmu.

Suyadi Respationo, 1979. Upacara Mantu Jangkep Gagrag Surakarta. Semarang: Dahara Prize

Yogyakarta, 10 Februari 2012 Dosen


(6)

PANGRIPTA

DR. PURWADI, M.HUM miyos ing tlatah Grogol, Mojorembun, Rejoso, Nganjuk, Jawa Timur rikala tanggal 16 September 1971. Paripurna saking Sekolah Dasar ngantos dumugi SMA ing Nganjuk, tumuli nglajengaken kuliah ing Fakultas Sastra UGM (1990-1995), Program Pasca Sarjana UGM (1996-1998), Program Doktor UGM (1999-2001).

Ing sakmangke kajibah makarya minangka Dosen Jurusan Pendidikan Bahasa Jawa Fakultas Bahasa lan Seni Universitas Negeri Yogyakarta. Gegriya ing Jl Kakap Raya 36 Minomartani Yogyakarta, Telp 0274-881020 HP 0815 788 65170. Email: purwadi@uny.ac.id.