47
BAB V TATA CARA ADAT JAWI
A. Dhukun Methik
Sakwise arak-arakan tekan omah, si dhukun Methik ngucap salam. Dhukun Methik : Kula nuwun,
Winengku Gati : Mangga, mangga, mangga. Dm
: kula sak kanca sowan mriki niki wau badhe tumut mondhok wonten griya piniki.
Wg : Wo, mangga, mangga lajeng sinten ingkang badhe tumut
wonten griya mriki? Dm
: Mbok Sri Sadana, sawadya balanipun. Wg
: inggih kula tampi sadaya kemawon supados tumut mriki, ingkang wuta supados dipuntuntun, ingkang lumpuh
supados dipungendhong. Dm
: menawi makaten mangga panjenengan tampi Mbok Sri Sadana, sawadya balanipun.
Wg : pundi-pundi kula tampinipun lan badhe kula papakaken
wonten gedhong mayang arum.
48 Asmarandana
Bismillah ingsun mamiti Anyebut asma yang Sukma
Kang mura ing dunnya riku Rahem asi ing akherat
Kang pinuji tan pegat Kang asung nikmat mring ulan
Yang sukma kang murbing jagad
Sampun muji sakabihi Sigegen ganti kucapa
Asali Bethara Guru Uwit saking Nabi Adam
Tumurun putra nira Yang essis aranipun
Yang essis kang kucapa Saturun-turuni mali
Ten anama manusa Kungsi rung welas turun
Sami anama Sang Yang Tan pegat salawasnya
Kang mikrut gama leluhur Lan mali Betara Kala
Sinom Yang guru sigra anabda
Sira mundura mring kini Sira layap dihin mula
Wong tan ayun kadumani Mali akur nandur pari
Sira angrusak kungsi lebur Sira mundura sigra
Sang kala asru anangis Nuliya matur sang kala ing rama nata
Punapa pangan kawula Yang guru ngandika aris
Iya anak panganira Kang ana ing marcapadi
Pendhawa dadi pangani Sang kala sigra umatur
Pundi asran pendhawa Angandika nata Giri
Ran pendhawa iku warna-warna.
49
B. Bayi Mudhun Lemah Dhalang :
Nuwun para priyagung ingkang minulya. Linambaran hing drening tyas ayun gleluri budaya. Sanadyan hamung sapelik
cilik kang cinuplik. Nanging mawi wewaton kasunyatan ingkang maksih katiti. Gelaring tatacara kang dumadi haneng
wewengkon Kota Madya Blitar. Anenggih punika-ta kang sinebut adicara mudhun siti. Tumapake marengi mangsa kala
ponang jabang bayi ngancik yuswa pitung lapan. = mangkana-ta kalamun ginelar hing cacrak budaya :
Wira swara : Pitung lapan ya pitung, sasi umure sang jabang bayi.
Tinengeran lan dan pengeti Adicara mudhun siti. Paraaga sarimbit medhal ….instrumen sirep :
Dhalang : Lah punika ta wujutira jalma hurip bebrayan kang wis
anggadhuh putra ngancik yuswa pitung lapan…. Lanang
: Dhuh bojoku kang ayu
Wadon :
Apa…..kakang Lanang
: Petungku wis pitung lapan umure bayi… apa wis cemawis
ubarampe lan saranane kanggo pengetan mudhun lemah adhi? Wadon
: Iya kakang kabeh wis sumadiya
Lanang :
Lha banjur sapa sing kok patah nindakake adhi? Wadon
: Ora ana liya kajaba Nyai Dhukun panutane adad kakang. Lho
lha kae Nyai Dhukun wis teka……… Instrumen minggah…….bareng wira swara
50 Wira swara :
Nyai Dhukun panutanira. Pepengetan lan adi cara. Wis tumeka lan sumadiya. Angayati wajibira…………
Instrumen sirep……….. Wadon
: Mangga-mangga Nyai……punika ponang jabang bayi anak
kula kekalih. Sampun pitung lapan umuripun……… Sumangga borong anggen ndika nyaranani. Mamrih manggiha rahayu
basuki. Uripira sa-lami-lami. Dhukun
: Iya nini lan kai……..aku sumaguh…… Among pandongamu
bae aja kisruh lan worsuh…… Dimen kabul lan kasembadan ingkang ginayuh.
Lanang lan Wadon : Inggih Nyai kula anurung donga…Lan punika sadaya sesaji ingkang wigati kangge sarana. Mangga andika tampi….
Dhukun :
Iya nini….banget ing panarima……..harak wis jangkep ta saranane?
Wadon :
Sampun Nyai…..sadaya sampun kataliti. Dhukun
: Gendhuk…sesaji lan sarane gelis tampanana…bayine aku
ingkang angemban…gek ayo enggal dan wiwiti…. Gendhuk
: Inggih Nyai sendhika….
dhukun nampani bayi…gendhuk nampani sesaji.. terus tumuju mring ondha. ………….lanang lan wadon mlebu………
Dhalang :
Sawemane sesaji pan wus tinampi……kinanten ing donga suci..kocap….sang panutane adad…katingal marepegi sarana
kang kapisanan ingkang malela ceta…blegerira wujud Kurungan….
51 Wira swara :
Nyai Dhukun angemban bayi………Srana sesaji datan kari. Lon alonan marepegi. Pangestine mung sawiji.
Instrumen sirep………. Dhukun
: Kene-kene gendhuk…bayi lan pitike enggal paringna aneng
jroning kurungan iki……. Gendhuk
: sendika nyai… Bayi Lan Ayam Dikurung Dadi Siji
Dhalang :
Katingal Sang
Panutane laku…..mapan
mabukuh marikelu..kacihna lamun lagya andedonga….
Dhukun :
Heh sira jabang bayi……dak sesuwun mring hyang widi…muga-muga uripira mapan bareng lan hurip-hurip aneng
kurungan kencono…….pinaringan
bisa wengku
winengku…temah manggiha rahayu….. Wira swara :
Kurung kurung kurungan kencono. Raga wadhag pralambange. Manunggale jiwa lan raga. Srana urip neng Madyapada.
Dhalang :
Rampung ing gati srana kang sawiji…Gya ngancik ingkang kadwinipun.
Apa ta
wuudira……..Gagah angaglah..tur
ambregagah..lah punika ta kang winastan tataran iya sinebut ondha…..ginawe saking tebu wulung..
Dhukun :
Gendhuk padha seksenana…..bayi iki menek ondha tebu wulung..Muga Hyang Widi Angudaneni……Uripe bayi bisao
ameruhi..Adon-adon pitung prekara…kang bareng urip sedina lan sawengine….
Gendhuk :
inggih nyai kula anyekseni……
52 Dhalang
: Lah..mangkana
ta kang
cinandra….adon-adon pitung
prekawis.. Pitu kang kapisanan , adon-adon pitung prekara aing bleger wujud raga wadhag…pitu kang kapindho..pitung
prekara kang datan kasad mripat…bleger mawujud hurip sajeroning raga… Dhukun Nyedak Padusan
Wira swara : Muga muga kinabulna…ondha pitu telu wulung ..mrasuka
marang uripe…hayu ngayun sawurine.. Dhukun
: Kene gendhuk…dupa lan banyu enggal cawisna…ponang
jabang bayi bakal tak edus warih suci…… Gendhuk
: inggih nyai sendhika…
Dhalang :
Pan wus titi wanci….ponang jabang bayi siniraman……mawi warih wening kang binarung sekar setaman miwah uwit
gedhang anakan..mamrih
rumasuk dayane…kasembadan
kasembadan ingkang dadi sedyane nyai dhukun katingal mabukuh angeningeke cipta…….meminta nugraha jati ponang
dupa kabesmi…..kumelun
gandane arum
rumasuk durgandana……
Dhukun :
Niyatku nyawuk banyu wana lan banyu wening….Sing nyiduk suci…….sing dicidhuk banyu suci…….tumama dayane
marang jabang bayi…..dadya suci njero lan suci njabane…… Dhukun ngalih nyedhak ageman
53 Wira swara :
Warih wenang ya warih wening…..Tumamoa dayaning suci…..kinabulna estining ati…….Besuk gedhe luhuring
budi….. Dhalang
: Pumaning sesuci …busana cecawisan pan wus rumanti….Nyai
dhukun gya rumagang ing gati…… Dhukun
: Kene-kene gendhuk pada seksenana…….aku bakal ngetrapake
busana….. Dhalang
: Jangkebing pangawikan……nyai dhukun gya arsa paring
busana marang ponang jabang bayi…..pira ta cacahing busana….ora akeh…amuh pitung warna..mangkana gelaring
gati…. Dhukun
: Iki kepriye gendhuk……pantes apa ora?
Gendhuk :
Boten nyai…..boten pantes …Padha Nganti Rambah Kaping Nenem
Dungkap Kaping Pitu…… Dhukun
: Sing iki kepriye gendhuk?
Gendhuk :
Wadhuh………lha inggih niku Nyai …….sing pantes, gandhes tur kewes.
Dhukun :
Yen Mangkono Iya Iki Busanane Bayi. Wira swara :
Jabang bayi
wis manggihake….Gem
ageman busanane….Gandhes
kewes ya
candrane….Mawa teja
guwayane…Dhukun ngagemake makutha janur
54 Dhalang
: dupi sampun manggih busana kang mantesi …… sakala
ponang jabang bayi …… katon gumebyar cahyane …. mencorong tejane ……. wauta …. marengi mangsa kala ….
mareng wedharing sesaji sasra warna ….. sasra wilangan sewu .. warna wus ngarani …. prasasat cacah sewu wujude sesaji ….
ingkang kabeh-kabeh mawa werdi dhewe-dhewe …. kalamun ta winedhama .. sadaya mawa piwulang pituduh bab
ngelmuning urip … mamrih manggih rahayu …. rahayu hing mangke sarta hing tembe mburine …
Dhukun :
Kene-kene kaki lan nini .. iki lho anakmu wis teka … Wira swara :
Kusung-kusung amapakna .. tekane sang raa putra … Dikekudang di gadhang-gadhang .. Dadya jalma migunani …
Lanang :
Wadhuh-wadhuh mencorong mawa teja .. kok kaya anakku sing teka ..
Dhukun :
Inggih pak… kula sing teka.. Lanang
: Padha slamet ta ngger?
Dhukun :
Pangestune pak wilujeng … Lanang
: Saka ngendi bae anggonmu lunga le?
Dhukun :
Saking beguron pak pados ngelmu…. Lanang
: Ooo ngono ta … oleh-oleh mu apa le…
Dhukun :
Namung daya kuwat, akas, slamet, lan walering agami pak… Lanang
: Wadhuh-wadhuh wong tuwa bungah le, mung bae bapak
kepingin njangkepi….
55 Dhukun
: Punapa talsih kirang ta pak, …. Lan punapa jangkepipun?
Lanang :
Iya thole … pancen isih kurang .. iki lo jangkepane … kowe tak wenehi pusaka Ceker Ayam …mbesuk men pinter ngupa
jiwa….
C. Ruwatan Murwa Kala