Piranti Kangge Tetakan TITI LAKSANA TETAKAN

64 ikut taksih lestantun ambungkus sirahing pastapurusa. Saking tuni dungkaping pamagas, tur kadhang ngengingi pipa margi rah ingkang radi ageng anjalari kathahipun wedaling rah, ngantos larenipun sok klemper. Ugi wonten ingkang ikut wau boten kapagas nanging samung kabelek murih enggala saras. Kados mekaten kalawau pratelan ingkang kapacak ing serat Guna Cara Agama. Kawula cekapaken semanten langkung rumiyin seserepan bab tetakan. Mugi ndadosaken kawuningan. Matur nuwun. Wassalamu’alaikum wr. wb.

C. Piranti Kangge Tetakan

Assalamu’alaikum wr. wb. Nuwun sagunging para rawuh ingkang ndherek sarasehan ing dinten punika. Kawula badhe matur kanthi irah-irahan Piranti Kangge Tetakan. Supados tetakan saget gancar lan lancar mila ugi perlu sangat mawi piranti ingkan premati. Limrahipun, tetakan ingkang katindakaken para sadherek Bong ingkang kathah-kathah punika, ikut kasogok lajeng kajapit nunten kapagas: gres, tatunipun lajeng dipun leleti pethakaning tigan ayam: sampun rampung. Bab tatu enggal lajeng dipun leleti tigan ayam punika manawi tatu punika pancen sampun resik, inggih wonten saenipun. Awit, garinging pethakan tigan ing ngriku lajeng prasasat dados lim tatuning pagasan wau. Nanging, sarehning nalika ikut badhe kapagas boten mawi dipun resiki rumiyin, mila tatu wau asring sanget lajeng dados ngoreng. Amargi : jalaran boten dipun resiki langkung rumiyin wau, adhakanipun sampun ngandhung bibit sesakit ingkang lembat-lembat sanget. Kaping kalihipun, 65 jalaran boten kablebed, inggih lajeng gampil kataman bibit sesakit saking ing Jawi. Kaping tiganipun, sanadyan sepena sambekala pisan, ing atasipun badan waras-wiris lajeng kapagas wantahan punika, sanadyan lare ing ngriku sampun pawitan tekad. ing raos meksa memelas. Jer nyatanipun tamtu karaos sakit. Awit saking punika, mila kita lajeng tuwuh gagasan ngarang seratan punika, ing pangangkah sageda dados ancer-ancering panindak ingkang radi patitis. Dene wawatonipun kajawi sampun kapratelakaken ing ngajeng, ugi mirid saking; andharaning serat titiasri ingkang dapur ngonceki suraosipun babad Demak. Bab gandhengipun kalayan kasaran, ugi saking, pangawikan warni-warni praktik ingkang sampun kula tindakaken piyambak. Nanging, tuladha-tuladha ing ngriki namung nuladhani murih gampilipun katindakaken ing padhusunan tuwin pakampungan kemawon. Inggih punika, Bong kedah gadhah: a. Pesso alit, gunting, japit sekedhikipun kalih, sogok sande. b. Chloroethyle, spiritus fortijor, boorwater, boorzalf, dermatol, kapuk, verband, sadayanipun kedah resik steril. Sadaya prabot punika saged tumbas dhateng toko jampi Apotheek, ugeripun nerangaken kanggenipun, tamtu pikantuk. Yen badhe nindakaken netaki, langkung rumiyin Bong kedah nyawisaken pirantos-pirantos wau. Boorzalf ingkang sampun kaledre ing gaasverband kaangkaha cekap kangge nutupi ambuntel tatuning pastapurusa ingkang badhe kapagas. Tanganing Bong saha pastapurusa ingkang badhe kapagas sanadyan ketingalipun tamtu sampun resik, naging kedah kagosok ing spiritus fortijor sarana kapuk sekedhik. Perlunipun, yen ing ngriku wonten bacterien bibit penyakit ingkang alus sanget, sageda pejah dening dayaning spiritus. 66 Sasampunipun makaten lajeng nuntuni kalimah sahadat lare ingkang tetak supados nirokokaken. Dene lafalipun : Ashadu Allah illaha illolah, wa ashadu anna Muhamadur Rasullolah. Sasampunipun makaten lajeng matrapna sogok. Prenahipun ing salebeting ikut sajawining sirah pastapurusa ing prenah nginggil. Pucuking sogok kaangkaha papak lan cibiring pastapurusa. Sasampunipun makaten lajeng matrapaken japit sajawining ikut sawingkingipun sogok. Tangan kiwa Bong nyepengi sogok lan japit, tangan tengen ngeceri Chloroethyle ing pastapurusa ingkang badhe kapagas, ngantos kuliting ikut punika ketingal pethak, perlunipun kangge ngicali raos sakit. Sasampunipun makaten lajeng kapagas. Pamagasipun ing antawising sogok lan japit. Sasampunipun kapagas, ikut ingkang tatu pagasan, kacalikna mundur ing guluning pastapurusa, lajeng dipun wur-wuri dermatol kapara radi kandel nunten dipun tutup ing boorzalf ingkang sampun kaledre ing gaas kala wau terus dipun blebed : rampung. Pratelan ing nginggil punika kapendhet saking katranganipun Swargi Ki Siswoharsoyo, ingkang satuhu lebda ing babagan kasusastran Jawi. Panutuping atur, mugi-mugi pratelan sapala punika wonten ginanipun. Nuwun. Wassalamu’alaikum wr. wb. 67

D. Ngreksa Kayuwananipun Tetakan