Underaning Perkawis Watesaning Perkawis Wosing Perkawis

satunggalipun inggih punika amargi babagan situasional. Panganggening kathah basa punika kadadosan wonten situasi formal saha nonformal. Kados wonten tembang ingkang nonformal migunakaken kathah basa wonten cakepanipun. Punika inggih kalebet tembang Song of Sabdatama anggitanipun Jogja Hip-hop Foundation. Saking prastawa basa punika ingkang andadosaken panyerat gadhah raos remen saha ingkang dados dhasaring perkawis panyeratan panaliten punika. Panaliten punika ngandharaken prastawa basa mliginipun wonten masyarakat bilingual utawi multilingual ingkang migunakaken kathah basa wonten pirembagan padintenanipun, wonten punika cakepan tembang ingkang dipunginakaken kangge objek panaliten.

B. Underaning Perkawis

Katitik saking dhasaring perkawis wonten nginggil, saged dipunpundut underaning perkawis kados mekaten. 1. Basa punapa kemawon ingkang dipunangge wonten ing tembang hip-hop Jawi anggitanipun Jogja Hip-hop Foundation. 2. Terjemahan tembang hip-hop Jawi anggitanipun Jogja Hip-hop Foundation. 3. Kode punapa kemawon ingkang wonten ing tembang hip-hop Jawi anggitanipun Jogja Hip-hop Foundation. 4. Jinis alih kode saha campur kode ingkang wonten ing tembang hip-hop Jawi anggitanipun Jogja Hip-hop Foundation. 5. Kados pundi panganggenipun alih kode saha campur kode wonten ing tembang hip-hop Jawi anggitanipun Jogja Hip-hop Foundation. 6. Faktor ingkang ndayani alih kode saha campur kode ingkang wonten ing tembang hip-hop Jawi anggitanipun Jogja Hip-hop Foundation. 7. Punapa ancasipun ragam basa ingkang dipunginakaken wonten ing tembang hip-hop Jawi anggitanipun Jogja Hip-hop Foundation. 8. Fungsi basa wonten wonten ing tembang hip-hop Jawi anggitanipun Jogja Hip-hop Foundation. 9. Frekuwensi agengipun kode wonten ing tembang hip-hop Jawi anggitanipun Jogja Hip-hop Foundation.

C. Watesaning Perkawis

Wonten saben panaliten, watesaning perkawis awrat sanget supados panaliten boten medal tebih saking perkawis ingkang dipuntliti. Saking dhasar underaning perkawis ing nginggil, panaliten punika saged dipunwatesi kanthi perkawis wonten ing ngandhap punika. 1. Jinisipun alih kode saha campur kode wonten ing tembang hip-hop Jawi anggitanipun Jogja Hip-hop Foundation. 2. Faktor ingkang ndayani alih kode saha campur kode wonten ing tembang hip- hop Jawi anggitanipun Jogja Hip-hop Foundation.

D. Wosing Perkawis

Alih kode saha campur kode wonten panaliten punika minangka babagan ingkang wigati. Wonten ing panaliten punika, perkawis ingkang dados wosing inggih punika antawisipun kados wonten ngandhap punika. 1. Punapa kemawon jinisipun alih kode saha campur kode wonten tembang hip-hop Jawi anggitanipun Jogja Hip-hop Foundation? 2. Punapa faktor ingkang ndayani alih kode saha campur kode wonten tembang hip-hop Jawi anggitanipun Jogja Hip-hop Foundation?

E. Ancasing Panaliten