Kajawi kriteria kaidah wonten nginggil ingkang dados dhasar ngripta tembang ugi wonten cara ingkang dipunangge supados karya sastra punika
langkung kapireng endah kados pamanggihipun Joyopuspito 2006: 22 ngandhap punika;
1 kreatif,
2 kathah refrensi,
3 inovatif boten monoton,
4 wonten ancas ingkang jelas kados nggambaraken kawontenan sanyatanipun
wonten pagesangan, raos manah, kritik, saran, saha sanesipun, saha 5
kombinasi ingkang serasi.
Saking pamanggihipun Joyopuspito wonten nginggil katingal bilih panganggit ingkang sae anggitanipun inggih punika gumantung saking
panganggitipun piyambak. Bilih panganggit ingkang anggitanipun saged nyangkup sedaya kriteria punika saged dipunsebat anggitanipun nggadhahi
kualitas ingkang sae.
b. Jinisipun sekar utawi tembang
Tembang wonten Jawi dipunperang dados tigang golongan. Miturut Padmosoekotjo 1958:26 golong-golonganipun tembang inggih punika
dipunperang wonten ing ngandhap punika. 1
Tembang Kawi utawi tembang Gedhe. 2
Tembang Tengahan utawi tembang Dagelan. 3
Tembang Macapat utawi tembang Cilik.
Medal saking golonganipun tembang Jawi ing nginggil, wonten jaman modern saha globalisasi sakpunika, kathah jinis golonganipun tembang. Wonten
tembang ingkang kalebet golongan modern lajeng tuwuh maneka warni jinis, antawisipun campursari, kroncong, dangdut, pop Jawi, hip-hop Jawi, saha
sanesipun. Pangelompokaning jinis tembang jumbuh kaliyan kemiripannya antawisipun satunggal kaliyan sanesipun dipunsebat genre musik. Tembang ugi
dipunkelompokaken jumbuh kaliyan kriteria sanesipun, kadosta geografi. Genre saged dipudefinisikaken kanthi teknik musik, gaya, konteks, saha tema musik.
Kanthi umum, musik saged dipunperang miturut gunanipun. Pangelompokaning kanthi aliran utawi gaya wonten 3, inggih punika musik seni,
musik popular, saha musik tradhisional. Musik seni art musik antawisipun musik klasik. musik popular antawisipun jazz, gospel, blues, rhythm and blues,
funk, rock, metal, hardcore, electronic, ska, reggae, dub, hip hop rap rapcore, saha pop. Lajeng musik tradisional antawisipun latin, country, saha dangdut
http:id.wikipedia.orgwikiGenre_musik .
c. Tembang Hip-hop
Pangertosan hip-hop
wonten salebetipun
web http:id.wikipedia.orgwikiMusik_hip_hop
inggih punika salah satunggaling gerakan kabudayan ingkang tuwuh kinten-kinten tahun 1970 ingkang
dipunrembakakaken kaliyan masyarakat Afro-Amerika saha latin-Amerika. Kanthi prasaja tembang hip-hop inggih punika salah satunggaling aliran jinis
musik ingkang tempo vokalipun langkung inggil tinimbang tempo musikal. Hip- hop punika gabungan perpaduan ingkang dinamis antawisipun elemen-elemen
ingkang kadadosan saking MCing langkung dipunkenal rapping, DJing, Breakdance, saha Graffiti. Sakpunika elemen hip-hop ugi dipunwernoni kaliyan
beatboxing, fashion, basa slang, saha sanesipun.
d. Jogja Hip-hop Foundation