2. Punapa faktor ingkang ndayani alih kode saha campur kode wonten tembang
hip-hop Jawi anggitanipun Jogja Hip-hop Foundation?
E. Ancasing Panaliten
Panaliten punika minangka kangge tugas pungkasan kuliah Pemantapan Kemampuan Profesional Guru program S1 Pendidikan Bahasa
Daerah UNY. Kajawi mekaten, kanthi mliginipun panaliten punika gadhah ancas kados wonten ngandhap punika.
1. Ngandharaken jinisipun alih kode saha campur kode wonten tembang hip-hop
Jawi anggitanipun Jogja Hip-hop Foundation. 2.
Ngandharaken faktor ingkang ndayani alih kode saha campur kode wonten tembang hip-hop Jawi anggitanipun Jogja Hip-hop Foundation.
F. Paedahing Panaliten
Paedahing panaliten ingkang saged dipunpundhut saking panaliten saged dipunperang wonten ing ngandhap punika.
1. Teori: saged damel tambahan referensi panaliten ingkang wonten gayutipun
kaliyan basa teori sosiolonguistik teori alih kode campu kode. 2.
Praktik: mangertosi tata cara panganggenipun utawi ngrembag babagan panaliten basa.
a Kangge panyerat: panaliten punika saged dipunginakaken kangge piranti
ngrembakanipun ilmu saha nambah wawasan. b
Kangge masyarakat bahasawan: panaliten punika saged paring inspirasi kangge nyengkuyung ngrembakaning panaliten basa.
c Kangge Civitas Academica Basa Jawi: saged paring pambiyantu sumbangan
panggalih minangka upiya ngrembakaning panaliten ingkang gayutipun kaliyan basa.
G. Pangertosan
Supados persepsi wonten panaliten punika boten lepat, pramila dipunandharaken pangertosan-pangertosan istilah wonten ngandhap punika:
1. Alih kode: ewahipun satunggal kode saged awujud basa utawi ragam basa
sanesipun dados basa ingkang sanes amargi kadadeyan tartamtu. 2.
Campur kode: prastawa campuripun kalih basa utawi langkung, utawi ragam basa wonten salah satunggal masyarakat penutur tanpa sengaja utawi
kabiasan, ingkang panganggenipun kawates saking perangan ungkapan idiom kemawon ingkang boten saged madeg dados ukara piyambak.
3. Tembang: salah satunggaling seni ingkang awujud reriptan utawi dhapukan
basa mawi paugeran tartamtu ingkang anggenipun ngucap kedah dipunlagokaken ngangge kagunan swara.
4. Hip-hop: salah satunggaling aliran jinis musik ingkang tempo vokalipun
langkung inggil tinimbang tempo musical. 5.
Jogja Hip-hop Foundation: grup utawi kelompok musik ingkang aliranipun hip-hop saking kutha Yogyakarta ingkang anggitanipun kathah migunakaken
basa Jawi.
9
BAB II GEGARAN TEORI