2. Kontak Basa
Kontak basa inggih punika sami pengaruh antawisipun pelbagai basa amargi para panganggening basa asring tepang Kridalaksana, 134: 2008. Kontak
basa miturut Mackey wonten Soewito, 1982: 39 inggih punika pengaruh basa sanes kanthi langsung utawi boten langsung, saengga nyebabaken ewahipun basa
ingkang dipungadhahi kaliyan ekabasawan. Miturut pamangghipun Suwito 1983:39 pangertosan kontak basa inggih punika prastawa persentuhan
antawisipun basa ingkang akibatipun wontenipun ganten panganggenipun dening penutur salebetipun konteks sosialipun. Prastawa kados mekaten inggih punika
katingal saking wujud kedewibasan saha diglosia. Pamanggihipun Soewito punika meh sami kaliyan pamanggihipun Kushartanti 2005:58 ingkang nyebataken bilih
wontenipun kontak basa dipundayani wontenipun dwibasan utawi maneka warni basa. Saged dipuntingali dudutanipun bilih kontak basa inggih punika
persentuhan antawisipun basa ingkang kadadosan dening sosialisasi individu ingkang komunikasi.
Basa setunggal kaliyan sanesipun sami interaksi amargi wontenipun persentuhan basa. Basa saged gesang amargi wontenipun interaksi sosial. Kanthi
wonten interaksi punika, saengga basa dipuntuturaken kaliyan penuturipun. Masyarakat tutur ingkang kabikak, tegesipun anggota masyarakat tartamtu saged
nerima anggota sanesipun punika satunggal utawi langkung saking satunggal masyarakat utawi langkung saged nerima anggota masyarakat sanesipun ingkang
samangke ingkang dipunsebat kontak basa Chaer; 1994:65. Bilih masyarakat
katutup inggih punika boten kacampur masyarakat ingkang sanesipun ingkang andadosaken masyarakat tutur ingkang statusipun monolingual.
Thomason 2001: 1 ngandharaken bilih kontak basa inggih punika prastawa panganggening langkung saking setunggal basa wonten papan saha
wekdal ingkang sesarengan. Panganggening basa punika boten nuntut penutur micara kanthi lancar minanga dwibasawan utawi multibasawan, ananging
kadadosan komunikasi antawisipun penutur kalih basa ingkang benten ugi saged dipunkategorikaken kangge prastawa kontak basa. Dados kontak basa inggih
punika pitepangan antawisipun basa setunggal kaliyan sanesipun wonten papan saha wekdal ingkang sesarengan ingkang saged paring pengaruh kaliyan
panganggening basa. Salebetipun kontak basa, wonten 5 faktor ingkang ndayani prastawa kontak basa miturut Thomason 2001: 19, inggih punika;
a wontenipun kalih kelompok ingkang pindhah wonten ing dhaerah ingkang
boten wonten ingkang manggeni lajeng kepanggih wonten ngriku; b
pindhahing kelompok wonten kelompok sanesipun; c
wontenipun tumindak pertukaran buruh kanthi peksa; d
wontenipun sesambetan budhaya ingkang caket antawisipun sesami tangga dangu; saha
e wontenipun pendidikan utawi asring dipunsebat “kontak belajar”.
Saking prastawa kontak basa punika, temtunipun gadhah dampak ingkang wonten salebeting panganggenipun basa. Chaer saha Agustina 2010: 84
gadhah pamanggih bilih prastawa-prastawa basa ingkang wonten amargi saking
wontenipun kontak basa inggih punika prastawa bilingualisme, alih kode, campur kode, diglosia, intreverensi, integrasi, konvergensi, saha geseripun basa.
3. Bilingualisme saha Multilingualisme