Ancas ingkang dipunkajengaken; supados dipunmangertosi masyarakat

dhasar pirembagan punika, saengga kangge nemtokaken faktor ingkang ndayani kadadosan alih kode salebetipun tembang hip-hop Jawi anggitanipun Jogja Hip- Hop Foundation dipunlakokaken kanthi nganalisis teks cakepan tuturanipun ingkang dipunginakaken. Kalajengaken saking teks cakepan tuturan punika dipungayutakenn kaliyan kawontenan ingkang wonten salebetipun tembang hip- hop. Asilipun panaliten punika manggihaken faktor-faktor ingkang ndayani kadadosan alih kode wonten ing tembang hip-hop Jawi anggitanipun Jogja Hip- hop Foundation inggih punika; 1 ancas ingkang dipunkajengaken; supados dipunmangertosi masyarakat wiyar manca basa langkung variatif, 2 Gayutipun reff hook tembang, 3 gayutipun ukara wonten ngajengipun translate Inggris-Jawi, 4 gayutipun basa-basi utawi ungkapan, saha 5 saweg sandiwara.

a. Ancas ingkang dipunkajengaken; supados dipunmangertosi masyarakat

wiyar manca langkung gumyak Panaliten punika manggihaken maneka warni faktor ingkang ndayani alih kode. Salah satunggalipun inggih punika faktor ancas tartamtu utawi ingkang dipunkajengaken dening penutur piyambak. Faktor ingkang ndayani alih kode punika jumbuh kaliyan pamanggihipun Poedjasoedarmo 2001: 23 ingkang ngandharaken bilih faktor ingkang ndayani alih kode salah satunggalipun inggih punika amargi ancas-ancas tartamtu. Data penelitian ingkang jumbuh kaliyan faktor sebab salah satunggalipun karembag wonten tuladha ngandhap punika. Data 1 : We are from Jogja, the heart of Java, our culture is weapon. Yeah, this Song of Sabdatama . Merapi ya iku, keraton ya iku, pancer ing tugu mijil tuwuh saka kono dumunungku. Ya, Ngayogyakarta hadiningrat negeriku. Song of Sabdatama; bait 1-2 „Kawula sedaya saking Jogjakarta pusatipun tanah Jawi, sajak tembang kawula inggih punika mantra ingkang mili kados lava. Merapi, kraton, panceripun tugu mijil tuwuh saking Ngayogyakarta hadiningrat negeri kawula ngagesang. ‟ Data alih kode 1 punika kapundhut saking tembang kanthi irah-irahan Song of Sabdatama bait ingkang kaping setunggal saha kaping kalih. Data wonten nginggil katingal bilih basa ingkang dipunginakaken wiwitanipun migunakaken basa inggris ingkang kalajengaken migunakaken basa Jawi. Katrangan saking ewahipun basa data panaliten punika dipungayutakenn kaliyan kawontenan tembang sakpunika ingkang modern ingkang langkung dipunremeni masyarakat saha ancas ingkang dipunkajengaken panganggit bilih tembang ingkang dipunanggit punika langkung dipunmangertosi maksud saha ancasipun dening masyarakat ingkang wiyar ugi dumugi manca nagari. Ancasipun panganggit ingkang salajengipun inggih punika basa ingkang dipunginakaken salebetipun cakepan-cakepan tembang langkung gumyak saha maneka warni basa. Kanthi panganggenipun maneka warni basa punika ningalaken ugi bilih panganggit gadhah kawruh basa ingkang sae amargi saged migunakaken basa sanesipun ingkang dipungayutakenn basa padintenan ingkang tegesipun boten utawi medal saking topik ingkang dipunngendikakaken salebetipun cakepan tembang. Dados salebetipun satunggal tembang migunakaken maneka warni basa ananging taksih wonten setunggal pirembagan ingkang sinambetan. Saha ancas salajengipun inggih punika supados tetembangan punika langkung gumyak saengga kathah para pamireng mliginipunkawula mudha langkung remen tembang punika.

b. Langkung kepenak dipunmirengaken gayutipun guru lagu saha paring