„Kangge punapa agama bilih namung kangge mejahi?‟ Data alih kode 6 punika dipunpundhut saking perangan cakepan
tembang kanthi irah-irahan Song of Sabdatama bait kaping pitu. Saking data panaliten punika katingal bilih basa ingkang dipuginakaken wiwitanipun
migunakaken basa Inggris ingkang ukara salajengipun migunakaken basa Jawi. Katrangan saking data punika dipungayutakenn antawisipun ukara wiwitan
kaliyan ukara salajengipun. Wonten punika katingal bilih ukara ingkang kaping kalih punika minangka terjemahan saking ukara sangajengipun. Kalih ukara
punika dipunangge kaliyan panganggit kanthi ancas bilih panganggit badhe langkung ngandharaken kanthi jelas ukara utawi ungkapan basa Inggris punika
wonten ing basa Jawi minangka basa aslinipun panganggit. Saking pirembagan wonten nginggil katingal bilih salah satunggalipun
faktor ingkang ndayani alih kode ingkang wonten tembang hip-hop Jawi anggitanipun JHF inggih punika wonten gayutipun ukara sangajengipun. Wonten
punika gayutipun ukara sangajengipun punika arupi terjemahan basa ingkang dipunangge dening panganggit kanthi ancas langkung ngandharaken basa
Ungkapan Basa inggri wonten ing basa Jawi minangka basa aslinipun.
e. Gayutipun basa-basi saha ungkapan
Faktor ingkang ndayani ingkang dipunpanggihaken salajengipun inggih punika gayutipun basa-basi saha ungkapan. Basa-basi utawi ungkapan punika
biasanipun tuwuh saha ngrembaka wonten daerah tartamtu ugi migunakaken basa daerahipun piyambak-piyambak kalawau, saengga wonten panganggenipun ugi
asrep migunakaken basa aslinipun utawi kanthi basa terjemahan ananging maksudipun sami kaliyan ungkapan basa aslinipun. Punika ugi dipunpanggihaken
wonten cakepan tembang ingkang dipunginakaken salebetipun tembang hip-hop Jawi anggitanipun JHF. Faktor gayutipun basa-basi saha ungkapan punika ugi
jumbuh kaliyan
pamanggihipun Poedjasoedarmo
2001:23 ingkang
ngandharaken bilih salah satunggalipun faktor alih kode inggih punika gayutipun basa-basi saha ungkapan. Data ingkang ningalaken fator kados mekaten inggih
punika wonten ing tuladha data ing ngandhap punika. Data 14 : Mukti utawa mati manunggal kawula Gusti.
Menyerang tanpa pasukan, menang tanpa merendahkan, kesaktian tanpa ajian.
Jogja Istimewa; bait 4 „Mukti utawi pejah manunggal kawula Gusti.
Nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake, digdaya tanpa aji. ‟
Data alih kode 14 punika perangan cakepan tembang kanthi irah-irahan Jogja Istimewa bait kaping sekawan. Saking data wonten nginggil katingal bilih
panganggit wiwitanipun migunakaken basa Jawi ingkang dipunlajengaken migunakaken basa Indonesia. Babagan basa Indonesia punika sajatosipun unen-
unen utawi ungkapan saking basa Jawi ingkang dipunbasakaken Indonesia kaliyan panganggit ancasipun inggih punika tasih wonten gayutipun faktor
ingkang ndayani alih kode ingkan kaping pisan inggih punika supados langkung dipunmangertosi wosipun tembang dening masyarakat wiyar. Panganggit ugi
gadhah ancas bilih ungkapan basa Jawi punika langkung dipunmangertosi ancasipun ingkang kasirat wonten salebetipun ungkapan punika. Katrangan saking
data punika dipungayutakenn kaliyan panganggenipun basa-basi saha ungkapan basa Jawi ingkang dipunterjemahkaken wonten ing basa Indonesia.
Saking pirembagan wonten nginggil katingal bilih salah satunggalipun faktor ingkang ndayani alih kode ingkang wonten ing tembang hip-hop Jawi
anggitanipun JHF inggih punika gayutipun basa-basi saha ungkapan ingkang dipunginakaken.
Wonten punika
basa-basi saha
ungkapan ugi
dipunterjemahkaken kangge ancas supados dipunmangertosi masyarakat wiyar.
f. Saweg sandiwara