wontenipun kontak basa inggih punika prastawa bilingualisme, alih kode, campur kode, diglosia, intreverensi, integrasi, konvergensi, saha geseripun basa.
3. Bilingualisme saha Multilingualisme
Tembung bilingualisme Inggris: bilingualism, menawi Jawi: dwibasan. Kanthi harafiah bilingualisme inggih punika sesambetanipun kaliyan
panganggening kalih basa utawi kalih kode basa.kangge migunakaken kalih basa, temtunipun tiyang kedah nguwaosi basa kalihipun. Ingkang kaping pisan basa
ibunipun piyambak utawi basa asal saha kaping kalih basa sanesipun ingkang dados basa kaping kalih.
Istilah bilingualisme punika gadhah teges ingkang relative amargi bates tiyang ingkang dipunsebat multilingual punika arbitrer ngantos boten saged
dipuntemtokaken kanthi pasti. Wiwitanipun bilingualisme dipuntegesaken segedtipun tiyang migunakaken kalih basa sami saenipun, ananging pangertosan
punika sampun boten popular amargi kriteria kangge nemtokaken kados pundi penutur saged migunakaken basa sami saenipun boten wonten dhasaripun saengga
ewet sanget dipunukur langkung-langkung boten saged dipunlakokaken. Soewito, 1983:40.
Istilah bilingualisme wonten basa Indonesia ugi dipunsebat kedwibasan Chaer, 2004:84. Saking punika saged dipunpahami bilih bilingualisme wonten
gayutipun kaliyan panganggening kalih basa dening tiyang penutur wonten kagiyatanipun saben dintenipun.
Bloomfield wonten Rusyana, 1988:1 ngandharaken bilih bilingualisme inggih punika penguwaosan ingkang sami saenipun kalih basa kados dene
penguwaosan kaliyan penutur aslinipun. Lajeng Weinreich ugi ngandharaken kedwibasan inggih punika praktek panganggening kalih basa kanthi gantosan.
Pangertosan punika ugi saged damel tigang basa utawi langkung, ingkang dipunsebat multilingualisme. Menawi mekaten, Mackey saha Fishman Chaer,
2004:87 ngandharaken kanthi tegas bilih bilingualisme inggih punika praktek panganggening basa kanthi gantosan, saking basa satunggal wonten basa
sanesipun dening priyantun penutur. Miturut Mackey saha Fishman, wonten ngrembang kedwibasan ngrangkul kathah pangertosan, kadosta masalah tingkat
tingkat, fungsi, alih kode, campur kode, interferensi, saha integrasi. Dene miturut Nababan 1986: 27 bilih bilingualisme inggih punika kabiasan migunakaken
kalih basa wonten interaksi kaliyan tiyang sanesipun. Tiyang migunakaken kalih basa wonten komunikasinipun kaliyan tiyang sanesipun, tiyang punika
berdwibasa wonten tegesipun piyambakipun sampun nglasanakaken ingkang dipunsebat bilingualisme.
Multilingualisme wonten basa Jawi dipunsebat kaliyan maneka warni basa inggih punika panganggening langkung saking kalih basa dening tiyang
penutur wonten komunikasinipun kaliyan tiyang sanes kanthi gantosan. Multilingualisme punika gegambaranipun tiyang penutur ingkang nguwaosi
langkung saking kalih basa, saged tigang basa utawi langkung. Panganggenipun sami kaliyan bilingualisme inggih punika mangertos kapan saha wonten pundi
basa dipunginakaken. Ugi saged dipunlebetaken praktek migunakaken maneka dialek saking basa ingkang sami. Multilingualisme punika saged kadadeyan
wonten masyarakat ingkang kadamel saking maneka etnik, kados wonten Indonesia.
Saking andharan para ahli kalawau wonten nginggil, saged dipunpundhut dudutanipun bilih konsep bilingualisme umumipun inggih dipunanggenipun kalih
basa kanthi gantosan dening tiyang penutur wonten komukasinipun kaliyan sanesipun. Bilingualisme kadadosan bilih penutur sampun nguwaosi basa
ibunipun ugi saged komunikasi kaliyan tiyang sanes migunakaken basa sanesipun. Bilingualisme punika namung migunakaken kalih basa, bilih multilingualisme
punika migunakaken langkung saking kalih basa wonten komunikasinipun kaliyan tiyang sanes.
4. Alih Kode saha Campur Kode