Sedaya karipta
kanthi natural
tanpa pretensi
kontemporer ingkang
dipuntembangaken dening kathah generasi saking plosok desa dumugi kutha.
B. Panaliten ingkang Jumbuh
Panaliten ingkang saged dipunginakaken kangge referensi ingkang jumbuh inggih punika panaliten kanthi irah-
irahan “Alih Kode Dan Campur Kode Pada Proses Pembelajaran Basa
Jawa Kelas IX SMA Adisutjipto Yogyakarta” anggitanipun
Lia Rusmiyati
tahun 2013.
Panaliten punika
wosipun ndeskripsikaken jinisipun alih kode saha campur kode ugi ingkang dados faktor
ingkang ndayani salebetipun pasinaon basa Jawi. Ingkang sanesipun panaliten ingkang jumbuh inggih punika kanthi irah-
irahan “Campur Kode Dan Alih Kode Dalam Ujian Skripsi Mahasiswa Program Studi Pendidikan Basa Jawa
” anggitanipun Ema Eliya Roza wonten tahun 2013 ugi. Panaliten Ema punika
ngandharaken jinis campur kode saha alih kode ugi faktor sebaipun salebeting ujian skripsi mahasiswa program studi basa Jawi wonten UNY.
Kalih panaliten punika sami kajianipun, ananging benten ingkang dados objekipun. Ingkang panaliten setunggal ingkang dados objek inggih punika nalika
proses pasinaon, ingkang panaliten kaping kalih objekipun inggih punika nalika ujian skripsi mahasiswa. Benten kaliyan panaliten punika inggih punika ingkang
kaping setunggal objekipun panaliten punika migunakaken cakepan tembang ingkang dipunangge saha ingkang kaping kalih inggih punika basa ingkang
dipunangge wonten seratan panaliten kalih kalawau migunakaken basa Indonesia, bilih panaliten punika migunakaken basa Jawi. Tetembangan hip-hop Jawi
anggitanipun JHF wonten punika ingkang dipunpilih. Ingkang kaping kalih panaliten punika migunakaken basa Jawi wonten seratanipun.
C. Nalaring Pikir
Alih kode saha campur kode punika dampak saking bilingual utawi multilingual. Priyantun pangangge basa wonten kalanipun migunakaken basa
ingkang dipunkuwaosi kanthi sesarengan utawi tumpang tindih saengga nyampur antawisipun setunggal basa kaliyan basa sanesipun. Kanthi punika, priyantun
kalawau kanthi boten sadhar ngakokaken alih kode saha campur kode. Kode inggih punika sistem tutur ingkang nerapipun unsur basanipun
nggadhahi ciri khas jumbuh kaliyan latar belakang penutur saha lawan turur, ugi kawontenan tutur ingkang wonten. Alih kode inggih punika prastawa gantenin
utawi ewahipun basa ingkang kadadosan wonten panganggening basa, kawontenan, saha ragamipun basa. Dene campur kode inggih punika prastawa
campuripun kalih basa utawi langkung, utawi ragam basa wonten salah satunggal masyarakat penutur tanpa sengaja utawi kabiasan, ingkang panganggenipun
kawates saking perangan klausa kemawon. Prastawa kode punika saged wonten konteks punapa kemawon, salah stunggalipun inggih punika budaya. Mliginipun
wonten budaya punika seni tembang. Kathah tetembangan wonten Jawi ingkang ngrembaka wonten sakpunika. Kanthi ngrembakanipun punika ugi kathah
migunakakeh maneka warni basa wonten salebetipun cakepan. Kados dene tembang hip-hop Jawi ingkang migunakaken maneka warni jinis basa wonten
cakepanipun.
Panaliten punika maksudipun ndeskripsikaken alih kode saha campur kode saha faktor ingkang ndayani wonten salebetipun tembang hip-hop Jawi
anggitanipun JHF migunakaken pendekatan deskriptif. Pendekatan punika dipunlakokaken kanthi tigang laku; 1 Ngempalaken data saha klasifikasi, 2
nyateti wonten kertu data, saha 3 nganalisis jinis saha faktor ingkang ndayani kanthi cara deskripsi.
Saking perangan wonten nginggil prelu dipunmangertosi kados pundi kode wonten cakepan tetembangan mliginipun tembang hip-hop Jawi punika
awrat kangge nggatosaken prastawa kode, saengga langkung nguwaosi babagan prastawa basa.
38
BAB III CARA PANALITEN
A. Jinising Panaliten
Metode utawi jinis panaliten minangka piranti, prosedur, teknik, saha cara ingkang dipunpilih kangge nglaksanakaken panaliten utawi ngempalaken
data. Salah satunggaling jinis panaliten inggih punika deskriptif, inggih punika metode damel gegambaran kanthi sistematis, faktual, akurat babagan data, sifat
saha gegayutan fenomena ingkang dipunteliti. Jinis panaliten punika, metode ingkang asring dipunangge wonten panaliten kualitatif, mliginipun wonten jinis
pangempalan data ingkang boten arupi angka Fatimah 2006: 12. Amargi kasiling panaliten punika data deskriptif ingkang arupi
tetembungan ingkang kaserat, saengga panaliten punika migunakaken metode panaliten deskriptif. Metode punika dipunpilih amargi jumbuh kaliyan
pamanggihipun Fatimah wonten nginggil. Panaliten deskriptif kualitatif punika nggambaraken punapa wontenipun data ingkang dipunteliti saha datanipun
ingkang murni boten wonten tinambahan saking data sanesipun ingkang boten kalebet objek panaliten.
Panaliten punika maksudipun kangge mangertosi gambaran deskriptif babagan alih kode saha campur kode ingkang wonten ing tembang hip-hop Jawi
Anggitanipun Jogja Hip-hop Foundation JHF.