sinambetan. Saha ancas salajengipun inggih punika supados tetembangan punika langkung gumyak saengga kathah para pamireng mliginipunkawula mudha
langkung remen tembang punika.
b. Langkung kepenak dipunmirengaken gayutipun guru lagu saha paring
raos semangat
Faktor ingkang dipunpanggihaken kaping kalih inggih punika supados langkung kepenak dipunmirengaken gayutipun guru lagu saha paring raos
semangat ingkang karembag kados tuladha data ngandap punika.
Data 13 :Jogja, Jogja, Jogja istimewa untuk Indonesia.
Tambur wis ditabuh, suling wis muni. Jogja Istimewa; 3-4 „Jogjakarta istimewa kangge Indonesia. Tambur sampun dipuntabuh,
suling sampun mungel.‟ Data alih kode 13 punika dipunpundhut saking perangan cakepan
tembang kanthi irah-irahan Song of Sabdatama bait kaping tiga dumugi sekawan. Saking data panaliten punika katingal bilih wonten ewahipun basa ingkang
dipunangge inggih punika saking basa Indonesia dhateng basa Jawi. Tetembungan ingkang dipunangge punika dipunancasaken supados antawisipun morfem
pungkasan antawisipun tembung setunggal saha sanesipun supados langkung serasi, saengga langkung kepenak menawi dipunmirengaken.
Kajawi langkung kepenak dipunmirengaken, ugi tetembungan ingkang dipunangge salebetipun cakepan, ugi dipunancasaken supados saged paring raos
semangat dhumateng pamirengimpun mliginipun kawula mudha supados langkung remen saha bangga kaliyan wilayah Yogyakarta.
c. Gayutipun hook reff tembang
Faktor ingkang ndayani ingkang kaping tiga wonten panaliten punika ingkang dipunpanggihaken inggih punika raos adaptasi menyesuaikan diri
ingkang wonten data panaliten punika ingkang raos njumbuhaken gayutipun hook reff tembang. Hook reff tembang punika wonten tembang modern dipuntegesaken
perangan cakepan tembang ingkang dados cirinipun tembang utawi ingkang langkung gampil dipunemut-emut ukaranipun. Faktor sebab alih kode punika
jumbuh kaliyan pamangguhipun Poedjasoedarmo 2001: 23 ingkang ngandharaken salah satunggalipun faktor ingkang ndayani alih kode inggih punika
raos pengen njumbuhaken menyesuaikan diri. Data panaliten ingkang ningalaken faktor sebab alih kode ingkangh karembag wonten nginggil kados
wonten tuladha data ing ngandhap punika. Data 2: Ditohi pecahing dhadha luntaking ludira nganti pati, negeri mardika
bakal tak belani. We are from Jogja, central of Java, our rhyme is mantra, flows down
like lava. Song of Sabdatama; bait 3-4
„Dipunbelani ngantos pecahipun dhadha, telasipun getih dumugi seda nagari ingkang mardika bakal kula bela.
Kawula sedaya saking Jogjakarta pusatipun tanah Jawi, sajak tembang kawula inggih punika mantra ingkang mili kados lava.
‟ Data alih kode 2 punika dipunpanggihaken saking cakepan tembang
kanthi irah-irahan Song of Sabdatama bait ingkang kaping tiga dumugi sekawan. Saking data panaliten punika katingal wonten ewahipun basa ingkang
dipunginakaken wiwitanipun panganggit migunakaken basa Jawi ingkang kalajengaken kanthi basa Inggris. Katrangan saking ewahipun basa dipunika
dipungayutakenn kaliyan raos penganggit ingkang badhe njumbuhaken babagan
hook-hook utawi reff tembang ingkang saking wiwitanipun hook tembang ingkang dipunginakaken migunakaken ukara basa Inggris We are from Jogja, central of
Java, our rhyme is mantra, flows down like lava. Hook punika ingkang dados cirinipun tembang kanthi irah-irahan Song of Sabdatama, semonten ugi tembang
sanesipun wontenten hook-ipun piyambak-piyambak. Saking pirembagan wonten nginggil katingal bilih ingkang dados faktor
ingkang ndayani alih kode salebetipun tembang hip-hop Jawi inggih punika raos pengen njumbuhaken. Wonten punika, njumbuhaken
gayutipun salah satunggalipun perangan ingkang awrat wonten tembang modern inggih punika
hook reff tembang.
d. Gayutipun ukara wonten ngajengipun translate Inggris-Jawi