hook-hook utawi reff tembang ingkang saking wiwitanipun hook tembang ingkang dipunginakaken  migunakaken  ukara  basa  Inggris  We  are  from  Jogja,  central  of
Java,  our  rhyme  is  mantra,  flows  down  like  lava.  Hook  punika  ingkang  dados cirinipun tembang kanthi irah-irahan Song of  Sabdatama, semonten ugi  tembang
sanesipun wontenten hook-ipun piyambak-piyambak. Saking  pirembagan  wonten  nginggil  katingal  bilih  ingkang  dados  faktor
ingkang ndayani alih kode salebetipun tembang hip-hop Jawi inggih punika raos pengen  njumbuhaken.  Wonten  punika,  njumbuhaken
gayutipun  salah satunggalipun  perangan  ingkang  awrat  wonten  tembang  modern  inggih  punika
hook reff tembang.
d. Gayutipun ukara wonten ngajengipun translate Inggris-Jawi
Asiling  panaliten  faktor  ingkang  ndayani  alih  kode  wonten  salebetipun tembang  hip-hop  Jawi  anggitanipun  JHF  inggih  punika  wontenipun  translate
basa.  Translate  basa  punika  kalebet  pirembagan  ingkang  wonten  gayutipun kaliyan  kalih  ukara.  Biasanipun  ukara  ingkang  wiwitan  minangka  basa
terjemahan  saking  ukara  ngajengipun.  Faktor  ingkang  ndayani  alih  kode  punika jumbuh  kaliyan  pamanggihipun  Poedjasoedarmo  ugi  2001:  23  ingkang
ngandaraken  salah  satunggalipun  faktor  sebaipun  alih  kode  inggih  punika gayutipun ukara wonten ngajengipun. Data panaliten ingkang dados tuladha faktor
sebaipun  alih  kode ingkang  karembag  won  nginggil  karembag  wonten ngandhap punika.
Data 6 : Why religion if only to kill humanity?
Nggo apa agama nek mung mateni? Song of Sabdatama; bait 7
„Kangge punapa agama bilih namung kangge mejahi?‟ Data  alih  kode  6  punika  dipunpundhut  saking  perangan  cakepan
tembang  kanthi  irah-irahan  Song  of  Sabdatama  bait  kaping  pitu.  Saking  data panaliten  punika  katingal  bilih  basa  ingkang  dipuginakaken  wiwitanipun
migunakaken  basa  Inggris  ingkang  ukara  salajengipun  migunakaken  basa  Jawi. Katrangan  saking  data  punika  dipungayutakenn  antawisipun  ukara  wiwitan
kaliyan  ukara  salajengipun.  Wonten  punika  katingal  bilih  ukara  ingkang  kaping kalih  punika  minangka  terjemahan  saking  ukara  sangajengipun.  Kalih  ukara
punika  dipunangge  kaliyan  panganggit  kanthi  ancas  bilih  panganggit  badhe langkung  ngandharaken  kanthi  jelas  ukara  utawi  ungkapan  basa  Inggris  punika
wonten ing basa Jawi minangka basa aslinipun panganggit. Saking  pirembagan  wonten  nginggil  katingal  bilih  salah  satunggalipun
faktor  ingkang  ndayani  alih  kode  ingkang  wonten  tembang  hip-hop  Jawi anggitanipun JHF inggih punika wonten gayutipun ukara sangajengipun. Wonten
punika  gayutipun  ukara  sangajengipun  punika  arupi  terjemahan  basa  ingkang dipunangge  dening  panganggit  kanthi  ancas  langkung  ngandharaken  basa
Ungkapan Basa inggri wonten ing basa Jawi minangka basa aslinipun.
e. Gayutipun basa-basi saha ungkapan