E. Cara Nganalisis Data
Cara analisis data ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika teknik analisis deskriptif mawi data-data awujud tetembungan cakepan wonten
tembang hip-hop Jawi anggitanipun JHF ingkang ngandhut alih kode saha campur kode dening panganggit utawi ingkang nyekaraken inggih punika Jogja Hip-hop
Foundation. Data-data ingkang dipunbetahaken ing panaliten deskriptif dipungambaraken mawi tetembungan, sanes angka-angka.
Data ingkang awujud tetembungan ukara saking cakepan sekar ingkang wonten gayutipun alih kode saha campur kode dipunserat wonten kertu data.
Kertu data dipunisi nalika nyemak sekar utawi tembang. Salebetipun kertu data dipunserat irah-irahanipun tembang saha cakepanipun ingkang wonten gayutipun
kaliyan alih kode saha campur kode. Lajeng wonten kolom jinis kode dipunserat kalebet punapa jinisipun kode, saha wonten kolom katrangan dipunserat punapa
ingkang dados katrangan tetembungan ukara punika kalebet objek panaliten ugi wonten katrangan dipunserat wonten bait saha baris kaping pinten data kalawau
dipunpundhut. Kertu
data punika
dipunkempalaken, lajeng
data ingkang
dipunpanggihaken dipunlebetaken wonten tabel analisis miturut jinisipun. Panyerat damel deskripsi sedaya ingkang dipunpanggihaken wonten subjek
panaliten. Deskripsi punika dipundamel miturut jumlahipun data ingkang dipunpanggihaken utawi saben setunggal kertu data wonten salebetipun tabel
deskripsi analisis. Kalajengaken dipunpundhut jinisipun alih kode saha campur kode punapa kemawon saha ingkang dados faktor sebabipun ingkang wonten
salebeting cakepan tetembangan hip-hop Jawi anggitanipun Jogja Hip-hop Foundation kanthi bukti ingkang sampun karembag wonten deskripsi kertu data
kalawau.
F. Cara Ngesahaken Data
Cara anggenipun ngesahaken data panaliten punika minangka validitas saha reliabilitas data. Kegiyatan ingkang dipuntindakaken kangge nggayuh
asiling panaliten ingkang valid, inggih punika kanthi cara nyemak, nggatosaken, saha nganalisis kanthi premati kanthi pandom ingkang sampun kaandharaken
wonten ing teori. Saking bab validitas, anggenipun ngesahaken data punika migunakaken
validitas semantik. Validitas semantik inggih punika mangertosi data adhedhasar kasunyatanipun
konteksipun, inggih
punika tetembungan
ingkang dipunginakaken wonten cakepan tembang ugi dipunpanggihaken saking
pengamatan kanthi tekun. Saking bab reliabilitas data wonten ing panaliten punika kanthi nyemak saha nganalisis data makaping
–kaping, saengga pikantuk data ingkang stabil, bab punika dipuntindakaken dening panyerat piyambakan
saha dipunpanggihaken saking konsultasi kaliyan ahli ingkang kompeten wonten bidangipun expert judgement, wonten punika Ibu Prof. Dr. Endang Nurhayati,
M. Hum. minangka ahli basa saha dosen pembimbing skripsi. Asilipun data lajeng dipunkaji miturut wosing perkawis ingkang dipuntindakaken wonten ing
panaliten. Panaliten saged dipunpungkasi menawi data ingkang dipunginakaken sampun saestu stabil, saengga sampun saged dipunanalisis wonten ing karya
ilmiah.
46
BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PANGREMBAGANIPUN