ingkang kadadosan saking MCing langkung dipunkenal rapping, DJing, Breakdance, saha Graffiti. Sakpunika elemen hip-hop ugi dipunwernoni kaliyan
beatboxing, fashion, basa slang, saha sanesipun.
d. Jogja Hip-hop Foundation
Hip-hop ngrembaka wonten kathah nagari, salah sawijining wonten nagari Indonesia. Wonten Indonesia, hip-hop ugi ngrembaka miturut dhaerahipun.
Mliginipun wonten kutha Yogyakarta, tembang hip-hop ugi ngrembaka dados aliran tembang ingkang migunakaken basa Jawa. Salah satunggalipun grup musik
ingkang aliranipuin hip-hop wonten Yogyakarta inggih punika Jogja Hip-Hop Foundation ingkang asring dipunsingkat JHF. JHF kadadosan asking tigang crew
inggih punika; 1 Kill the DJ alias Marzuki Mohammad, 2 Jahanam, saha 3 Rotra alias Janu Prihaminanto a.k.a Ki Ageng Gantas. Grup punika madeg wonten
tahun 2003. Tetembangan grup musik punika kathah ingkang minangka gegambaran masyarakat ingkang wonten tlatah Yogyakarta, ugi asring
migunakaken geguritanipun Sindhunata minangka sastrawan saha serat-serat para leluhur ingkang damel inspirasinipun
http:www.hiphopdiningrat.comabout .
Grup Jogja Hip-hop Foundation dipunmadegaken dening Marzuki Mohammad alias Kill the DJ tahun 2003, inggih punika grup hip-hop Jawi
ingkang anggotanipun inggih punika; Kill the DJ, Jahanam, saha Rotra ingkang langkung dipuntepang KI Jarot. JHF inggih punika soundtrack pagesangan
wonten Yogyakarta, kutha ingkang tradhisi terus tuwuh wonten tengahing era modernisasi. Beat urban khas hip-hop dipuncampur kaliyan gamelan saha basa
Jawi, ingkang antawisipun nggesangaken malih sastra utawi mantra tradhisional.
Sedaya karipta
kanthi natural
tanpa pretensi
kontemporer ingkang
dipuntembangaken dening kathah generasi saking plosok desa dumugi kutha.
B. Panaliten ingkang Jumbuh
Panaliten ingkang saged dipunginakaken kangge referensi ingkang jumbuh inggih punika panaliten kanthi irah-
irahan “Alih Kode Dan Campur Kode Pada Proses Pembelajaran Basa
Jawa Kelas IX SMA Adisutjipto Yogyakarta” anggitanipun
Lia Rusmiyati
tahun 2013.
Panaliten punika
wosipun ndeskripsikaken jinisipun alih kode saha campur kode ugi ingkang dados faktor
ingkang ndayani salebetipun pasinaon basa Jawi. Ingkang sanesipun panaliten ingkang jumbuh inggih punika kanthi irah-
irahan “Campur Kode Dan Alih Kode Dalam Ujian Skripsi Mahasiswa Program Studi Pendidikan Basa Jawa
” anggitanipun Ema Eliya Roza wonten tahun 2013 ugi. Panaliten Ema punika
ngandharaken jinis campur kode saha alih kode ugi faktor sebaipun salebeting ujian skripsi mahasiswa program studi basa Jawi wonten UNY.
Kalih panaliten punika sami kajianipun, ananging benten ingkang dados objekipun. Ingkang panaliten setunggal ingkang dados objek inggih punika nalika
proses pasinaon, ingkang panaliten kaping kalih objekipun inggih punika nalika ujian skripsi mahasiswa. Benten kaliyan panaliten punika inggih punika ingkang
kaping setunggal objekipun panaliten punika migunakaken cakepan tembang ingkang dipunangge saha ingkang kaping kalih inggih punika basa ingkang
dipunangge wonten seratan panaliten kalih kalawau migunakaken basa Indonesia, bilih panaliten punika migunakaken basa Jawi. Tetembangan hip-hop Jawi