Jinising Panaliten Data Panaliten

38

BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Metode utawi jinis panaliten minangka piranti, prosedur, teknik, saha cara ingkang dipunpilih kangge nglaksanakaken panaliten utawi ngempalaken data. Salah satunggaling jinis panaliten inggih punika deskriptif, inggih punika metode damel gegambaran kanthi sistematis, faktual, akurat babagan data, sifat saha gegayutan fenomena ingkang dipunteliti. Jinis panaliten punika, metode ingkang asring dipunangge wonten panaliten kualitatif, mliginipun wonten jinis pangempalan data ingkang boten arupi angka Fatimah 2006: 12. Amargi kasiling panaliten punika data deskriptif ingkang arupi tetembungan ingkang kaserat, saengga panaliten punika migunakaken metode panaliten deskriptif. Metode punika dipunpilih amargi jumbuh kaliyan pamanggihipun Fatimah wonten nginggil. Panaliten deskriptif kualitatif punika nggambaraken punapa wontenipun data ingkang dipunteliti saha datanipun ingkang murni boten wonten tinambahan saking data sanesipun ingkang boten kalebet objek panaliten. Panaliten punika maksudipun kangge mangertosi gambaran deskriptif babagan alih kode saha campur kode ingkang wonten ing tembang hip-hop Jawi Anggitanipun Jogja Hip-hop Foundation JHF.

B. Data Panaliten

Panaliten punika mundhut cakepan tembang ingkang dados objek panaliten. Cakepan tembang punika awujud tetembungan ingkang dipunsusun saengga dados ukara. Kempalan ukara antawisipun satunggal kaliyan sanesipun samangke wonten gayutipun saengga dados cakepan tembang, lajeng cakepan punika saged dipunmangertosi ancasipun kaliyan pamireng. Ukara-ukara wonten cakepan punika ingkang dados sumberipun data ingkang badhe dipunteliti. Sumberipun data punika arupi lisan, amargi angsalipun data saking paocapan-paocapan tembang ingkang dipuntembangaken dening Jogja Hip-hop Foundation. Basanipun data ugi lesan ingkang samangke dipunsimak salajengipun dipunserat lajeng dipunteliti. Kajawi mekaten, kangge tinambahan supados data langkung leres, sumber data ugi saged dipunpanggihi saking seratan-seratan cakepan tembang ingkang wonten ing buku-buku seratan cakepan tembang utawi saking medhia internet. Sumber data saking tembang hip-hop Jawa punika migunakaken 8 irah- rahan tembang inggih punika; 1 Song of Sabdatama, 2 Jogja Istimewa, 3 Jula- juli Lolipop, 4 Rep Kedhep, 5 Cintamu Sepahit Topi Miring, 6 Ora Cucul Ora Ngebul, 7 Cicak Nguntal Baya, saha 8 Rela rap version. Sedaya tembang kalawau anggitanipun grup music ingkang kalebet wonten Jogja Hip-hop Foundation.

C. Cara Ngempalaken Data