Jinis-jinis saha Faktor Ingkang Ndayani Alih Kode wonten ing Tembang

46

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PANGREMBAGANIPUN

A. Asiling Panaliten

Panaliten punika migunakaken 8 tembang hip-hop Jawi kanthi irah- irahan ingkang benten. Panaliten manggihaken jinis-jinis alih kode saha campur kode ugi faktor ingkang ndayani ingkang ndayani prastawa alih kode saha campur kode wonten ing tembang hip-hop Jawi anggitanipun Jogja Hip-hop Foundation. Asilipun panaliten punika dipunaturaken kanthi seratan awujud tabel.

1. Jinis-jinis saha Faktor Ingkang Ndayani Alih Kode wonten ing Tembang

Hip-hop Jawi anggitanipun Jogja Hip-hop Foundation. Panaliten punika manggihaken wontenipun jinis alih kode saha faktor ingkang ndayani kadadosan alih kode wonten ing tembang hip-hop Jawi anggitanipun Jogja Hip-hop Foundation. Alih kode dipunperang dados kalih jinis inggih punika alih kode intern saha alih kode ekstern, panaliten punika ugi manggihaken kalih jinis alih kode inggih punika alih kode intern saha alih kode ekstern. Faktor ingkang ndayani kanthi adhedhasar aspek sosio-kultural dipunpanggihaken faktor ingkang ndayani kados wonten tabel asil panaliten. Asilipun panaliten babagan jinis saha faktor ingkang ndayani kaserat wonten ing tabel asil panaliten ngandhap punika. Tabel 4. Alih Kode wonten ing tembang Hip-hop Jawi Anggitanipun JHF. No Jinis Alih Kode Data Faktor Ingkang Ndayani Katrangan Indikator 1. Intern: B J – B I B I – B J Marang sedulur sikep kudu ngajeni lan ngopeni. Bumi pertiwi adalah saudara kami yang harus dijaga dan dihormati . Song of Sabdatama; bait 5 „Dhumateng sedulur sikep kedah sami ngurmati saha ngopeni. Bumi pertiwi inggih punika papan pangenan kita sedaya ingkang kedah dipunjagi .‟ Jogja, Jogja, tetap istimewa. Jogja istimewa, untuk Indonesia. Rungokna iki gatra saka Ngayogyakarta, negeri paling penak rasane kaya suwarga. Jogja Istimewa; 1-2 „Jogja istimewa kangge nagara Indonesia. Cobi dipunmirengaken gatra punika saking Ngayogyakarta nagari kepenak raosipun kados suwarga.‟

1. Ancas ingkang

dipunkajengaken; supados dipunmangertosi masyarakat wiyar manca basa langkung variatif. 2. Langkung kepenak dipunmirengaken gayutipun guru lagu

1. Ancas ingkang

dipunkajengaken; supados dipunmangertosi masyarakat wiyar manca langkung gumyak. 2. Gayutipun reff hook tembang. 3. Paring raos semangat. Ewahipun basa saking basa Jawi dhateng basa Indonesia. B J – B I Ewahipun basa saking basa Indonesia dhateng basa Jawi. B I – B J Tabel salajengipun 2. Ekstern: BJ – BIng BIng – BJ BI - BIng Ditohi pecahing dhadha luntaking ludira nganti pati, negeri mardika bakal tak belani. We are from Jogja, central of Java, our rhyme is mantra, flows down like lava . Song of Sabdatama; bait 3-4 „Dipunbelani ngantos kepati-pati, nagari ingkang mardika kula belani. Kawula sedaya saking Jogjakarta pusatipun tanah Jawi, sajak tembang kawula inggih punika mantra ingkang mili kados lava. ‟ Why democracy if occupied by oligarchy? Nggo apa demokrasi nek mung ngapusi? Song of Sabdatama; bait 7 „Kangge punapa demokrasi menawi badhe namung ngapusi.‟ Bangun jiwanya, bangun raganya sentausa dalam puspa warna. We are from Jogja, the heart of Java, our rhyme 1. Ancas ingkang dipunkajengaken;