13
BAB II KALENGGAHANIPUN
JURU PAMEDHAR SABDA
F. Katrangan Pamedhar Sabda
Langkung rumiyin ing kalodhangan punika badhe kapratelakaken bab kawruh Pamedhar Sabda. Nami jamak limrah bilih Pamedhar Sabda punika dados
sesuluhing bebrayan. Amargi ing sadhengah papan, priyagung ingkang kapatah dados Pamedhar Sabda tansah mbabar maneka warni kawruh. Sedaya sesulang
ingkang kawedhar lajeng tumanem ing telenging sanubari para pamirsa lan pamiyarsa. Jejeripun juru Pamedhar Sabda saged winastan guru, ingkang pantes
dipun gugu lan dipun tiru. Pramila juru Pamedhar Sabda ugi katelah sesepuh miwah pinisepuh.
Amargi menggahing tiyang kathah, Pamedhar Sabda punika sayektos tikel matikel sangunipun. Kawruh agaminipun mitayani, tata basanipun genep, tata sastranipun
jangkep. Ulah kridhaning seni budaya sarwi mumpuni. Tata susilanipun damel nuju prana. Boten mokal menawi pasrawunganipun jembar. Ing pundi kemawon
panggenanipun kuwawi nuwuhaken pribadi ingkang kawentar. Ewa semanten para mitra Pamedhar Sabda prayogi engengeti dhateng
owah gingsiring jaman. Rehning jaman punika sangsaya dangu sangsaya maju, mila sarjana winasis ugi sumebar kanthi warata. Gapuraning ilmu kabikak wiyar,
amargi pustaka-pustaka Jawi pating trucuk kados tuwuhipun jamur barat. Supados
14 boten ketinggalan kaliyan ombaking seserepan, langkung utami menawi kersa
asring maos lan bawa raos. Ibarat juru masak, tambah pepak bumbunipun, tartamtu mimbuhi
sedhepipun dhedhaharan. Sedaya gegayuhan luhur kala wau badhe kasembadan, sauger mempeng reka dayanipun, gembleng tekadipun. Kalampahan sang juru
Pamedhar Sabda kaparingan jejuluk oboring jagad raya, ingkang tansah ngesti kawruh rahayu.
G. Ngudi Sumbering Pangawikan
Estunipun kawruh ngengingi Pamedhar Sabda saget ugi sinawung ing salebeting seni pedhalangan. Kados pangandikanipun ingkang minulya Ki
Siswoharsoyo mekaten. Sareng kagunan ringgit lan gendhing sampun nama sampurna, gregetipun para ningali ringgit purwa dhateng adining kagunan saha
miraosing wirama gendhing, lajeng dhawah angka kalih. Samangke punika, ingkang taksih tetep dados kawigatosanipun para ningali ringgit purwa, lajeng
dumunung ing kagunan dhalang. Pinanggihipun ing tetingalan ringgit purwa ing jaman sapunika, sanajan ringgitipun kirang adi, wiyaganipun kirang wasis,
ugeripun ki dhalang pancen lebda panindaking damel, para ningali meksa tetep migatosaken. Menggahing nalar, gregetipun para ningali lajeng salin salaga
makaten wau, semunipun pancen inggih maton. Awit, manawi ki dhalang pancen mumpuni sayektos dhateng kridhaning ngelmu pedhalangan, ing pakeliran ngriku,
para mirsani sepuh-anem, jaler-estri, kuli priyayi, sugih tuwin miskin, tamtu sami rumaos marem sabab pikantuk piwulang tepa palupi ingkang sarwa cocok kalayan
15 betahipun. Ewa dene, ambak-ambak namung prakawis panindak, kathah-
kathahipun meksa kawengku ing wasesaning kodrat. Adhakanipun, uger dhalangipun sae, ringgit-ipun inggih bregas, wiyaganipun inggih wasis-wasis.
Manawi ngengeti pengetan ing ngajeng, ing kinanipun, ingkang nyarirani andhalang punika sang Prabu Suryamisesa piyambak. Makaten punika, sanajan
kala semanten umbarampening pedhalangan tamtu dereng sarwa sampurna kados ing jaman sapunika, nanging ing atasipun jaman semanten, pandhalangipun sang
Prabu, tamtu sampun boten kirang mumpuni. Malah saking daya prabawanipun sang Prabu, tumanemipun tetingalan ringgit purwa dhateng para ningali, lajeng
dados pembanguning batos ingkang gandheng kalayan agami. Tumrapipun dhalang sapunika, menggah ing wawasan, lepasing pangudi
dhateng kridhanipun andhalang, limrahipun namung dumugi matenging kagunan ingkang saget nuwuhaken woh tumraping kalahiran. Makaten punika, bakuning
ngelmunipun ingkang dados sanguning panindak, sampun kapathok dados kalih bab. Inggih punika: wadhah lan isi. Wadhah mengkoni gangsal prakawis, inggih
punika: Janturan, pikajengipun: cariyos candraning nagari sarta ringgit. Gendhing, pikajengipun: lebda dhateng gendhing, sulukan, pathetan sapanunggilanipun.
Banyol, pikajengipun: saget damel sanggitan lelucon. Antawacana, pikajengipun: saget milah-milahaken solah, ginem tata trapsila satunggal-tunggaling ringgit,
ngetrepi kalayan wanda semunipun piyambak-piyambak. Sabetan, pikajengipun: trampil nyolahaken ringgit manut wanda semunipun piyambak-piyambak.
Isi mengkoni nem prakawis. Inggih punika: Renggep, pikajengipun: yenyem ing manah boten kemba caking pangringgit. Greget, pikajengipun: saget
16 damel getaping ringgit ing kalanipun nawung gita. Nges, pikajengipun: saget
damel raos trenyuh ing kalanipun ringgit kataman sungkawa. Sem, pikajengipun: saget damel raos prenes. Udanagari, pikajengipun: saget ngetrapaken empaning
tanduk tumrap unggah-ungguhing ringgit dhateng satunggal lan sanesipun. Tutuk, pikajengipun: jangkep sarta wijang caking pandhalang ing dalem sadalu.
Bakuning ngelmu pedhalangan kalih bab ingkang mengku sawelas prakawis wau, sanajan bab janturan punika jembaripun sampun momot bab
palupining ulah kaprajan dalah pambeganipun satunggal-tunggaling ringgit ingkang ugi dados palupining lelabetan, puna dene saperang-peranganing ngelmu
wau inggih saget kajembaraken manut kalebdan saha kawicaksananipun ki dhalang. Nanging ngengeti purwanipun wonten tetingalan ringgit besutan ing
jaman Demak, langkung utami malih manawi wadhahing ngelmu wau, dipun wewahi satunggal prakawis malih. Inggih punika bab: agami Bratadiningrat,
1990. Yen makaten, wadhah lan isi lajeng timbang sami mengku nem 6 prakawis. Malah bab agami ingkang ing ngriku dhapur wewahan punika, sageda
kabelet bab ingkang baku. Wondene pandhapukipun makaten: Bakuning ngelmu pedhalangan kaperang dados kalih bab, inggih punika:
wadhah lan isi. Wadhah mengkoni nem prakawis, inggih punika: Agami, pikajengipun: kedah lebda dhateng kawruh agami, janturan, gendhing, banyol,
sabetan, antawacana. Isi kaperang dados nem, kados kasebut ngajeng. Manawi kaleksanan makaten, gesangipun kagunan dhalang ingkang tetela tansah dipun
gatosaken sadhengah golongan punika lajeng tetep dados sumbering pangawikan lahir lan batos.
17
H. Syarat Sarananipun Pamedhar Sabda