32
BAB IV ULAR-ULAR ING UPACARA TETAKAN
E. Nindaaken Syariat Agami
Assalamu’alaikum wr. wb. Katur dhumateng ngarsanipun para rawuh kakung sumawana putri
ingkang dahat sinudarsana. Langkung rumiyin mangga kita sami muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Mirah. Salam lan rahmat mugi
tansah konjuk dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad Saw. Ing kalodhangan menika keparenga kawula atur pratelan ingkang wonten
gandhengipun kaliyan upacara tetakan. Menggah sunat utawi sunah punika tembung Arab. Kajenging suraos, meh radi memper kalayan tembung kautamen.
Dene sunat ingkang dipun kajengaken ing ngriki, inggih punika: sunat ingkang tumindakipun saengga wajib tumrap bangsa Nuswantara punapa dene tetiyang
Islam sadonya pisan. Kelanturing panganggenipun tembung sunat wau, adhakanipun
namung katandukaken dhateng lare-lare estri, inggih punika : lare-lare wau sami kabelek kendhanganipun tipis ingkang anggandheng lamben alit kekalih, ing
salebetipun lamben ageng kekalih ing kuwadonan. Dene paedahipun, samangsa lare wau dumugi wancining tarap, wedaling sesuker saking nglebet supados saged
gampil sarta boten sakit. Panindak makaten punika, tumrap ing Nuswantara ngriki lajeng awujud
tata cara tuwin kalimrahan ingkang prasasat wajib kedah dipun lampahi. Malah tempuking damel sunatan punika, tumrap ingkang kasembadan lajeng kadamel
33 rowan-rowan mawi nyedhahi sanak kadang ahli waris sarta tangga tepalih.
Nanging, sajatosipun, bab bedhahing kendhangan tipis wau, sanadyan boten sarana kabelek, kabekta saking dayaning kodrat, lare saya diwasa, kendhangan
saya tipis, tur kadhang dereng ngantos wancining tarap, kendhangan sampun bedhah piyambak, ingkang ngawaki malah sok boten kraos. Wondene purwanipun
ing nuswa Jawi wonten tata cara sunatan makaten wau, sajatosipun namung tuwuh saking kawicaksananipun para Wali dadosa srana anggenipun badhe ngislamaken
tetiyang kathah. Kados mekaten kala wau menggah rembaganipun bab tetakan ingkang
kasambetaken kaliyan panindaking syariat agami Islam. Pungkasaning atur mugi sami rahayu ingkang pinanggih. Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum wr. wb.
F. Ndherek Wejanganipun Nabi Ibrahim