Kagunan Adi Luhung JEJERING SESORAH

27 matikel. Serat Pustaka Raja Purwa ingkang gunggungipun kirang langkung 9 jilid ugi sampun karampungaken. Kitab-kitab Mangkunegaran lan Ranggawarsitan malah dipun garap mawi pratelan ingkang langkung genep lan jangkep. Tiyang Jawi jamak limrah menawi atur panuwun.

L. Kagunan Adi Luhung

Pang-panging budaya Jawi sangsaya dangu sangsaya ngrembuyung ing madyaning pasrawungan agung. Wohing budaya Jawi kalawau mbabar kagunan adi luhung. Menggah kagunan adi luhung inggih punika wedharing raos ingkang mbabar kaendahan. Endah menggahing panca ndriya, endah menggahing rasa jiwa. Sauger mahanani gesang langkung eca, sakeca lan pana, ateges kagunan kala wau saestu inggil bobotipun. Amargi ugi kathah seni entheng-enthengan ingkang tundhonipun ngajak kesasar. Ing salebeting bebrayan kathah pagelaran seni ingkang malah damel swasana dados ribet, nyebabaken tukar padu lan pasulayan. Punika genah seni ingkang kosong bobotipun. Pagelaran seni kados punika prayogi dipun gantos mawi seni adi luhung kemawon. Seni pedhalangan hambok bilih saged sinebat minangka wakil seni adi luhung. Ing ngriku sampun kamot seni tari, joget lan kridhanipun ringgit ngangge etangan baku. Amila ketingal sae tur ngresepaken. Seni swara katitik saking gendhing gegendhingan miwah sindhen sesendhonan ingkang ngiringi caking pakeliran. Seni sastra manggen wonten pilihaning basa kawi Kamajaya, 1980. Janturan lan crita mesthi ngangge basa mligi ingkang awis-awis kangge ing srawung saben dinan. Tata kerawitan kadamel jumbuh kaliyan adegan, jejer, dalah 28 watak wantu wandaning wayang. Iringan kerawitan punika mimbuhi gagah, mewah lan megahing pakeliran sedalu natas. Sanadyan sampun dangu lan kapetang lawas, seni pedhalangan tetep lestari ngantos ari kalenggahan punika. Ing gunung agunung, dhusun ngadhusun, kitha ngakitha, gampang sanget pinanggihan kaliyan pagelaran wayang purwa. Kawula alit lan priyagung luhur ingkang ngembat kendhalining praja guyub rukun sesarengan mirsani caking pakeliran. Ngantos enjang gagat rahina, ketingal menawi para pamirsa dangan ing panggalih, manah suka parisuka. Wulangan, wejangan, wedharan saking seni pedhalangan sayektos damel pasugataning batos. Raos miraos ingkang kasarira lan kajiwa ing salebeting pagelaran ringgit wacucal estu nambahi mentesing piwucal. Paripurna anggenipun mirsani caking pakeliran ngantos wanci enjang malah mimbuhi jangka jangkah. Langkah langkung madhep, mantep lan menep. Bebrayan agung wusana sangsaya padhang jenggilang kados pinapak obor sewu.

M. Mekaring Jagad Anyar