43 pangripta punika taksih dharahing ngaluhur, trahing kusuma, rembesing madu,
wijining atapa, tedhaking andana warih, inggih punika warga kraton Surakarta Hadiningrat Paku Buwana IV, 1925. Perlu kawuningan, saderengipun revolusi
kamardikan ’45, kraton Surakarta punika mempeng sanget anggilut mekaring kabudayan, kayunan, lan kasusastran. Saget karebat para pujangga linangkung
ingkang mijil saking dhatulaya Surakarta: Kyai Yasadipura, R. Ng. Ranggawarsita, KRT Kusumadilaga, Sinuwun Paku Buwana IV lan Ki Padma
Susastra. Ing kiwa tengenipun awal abad 20, tlatah Surakarta ugi dados kiblatipun pergerakan nasional. Kuncara sinebat Syarikat Dagang Islam SDI ingkang
dipunpandhegani dening Kyai Haji Samanhudi. Cekap semanten atur pambuka kawula. Mugi-mugi sarasehan ingkang
badhe ngrembag Wejangan Para Wali ingkang binabar ing pustaka Guna Cara Agama yasanipun Bapak Ki Siswoharsoyo sageda lumampah kanthi gancar lan
lancar. Matur nuwun. Wassalamu’alaikum wr. wb.
H. Nyengkuyung Kraton Demak Bintoro
Assalamu’alaikum wr. wb. Para lenggah ingkang minulya. Ing ari kalenggahan punika badhe
ngrembag sejarahipun para Wali Sanga ingkang nyengkuyung Kraton Demak Bintoro. Wejangan kalimah sahadat punika, tumrap tata cara sunatan tetakan ing
nuswa Jawi lajeng dados perlu ingkang baku. Terangipun bab punika kedah angingeti purwanipun ing nuswa Jawi
madeg kraton Islam. Inggih punika adegipun nagari Bintara utawi Demak.
44 Menggah gancaripun reringkesan makaten: Samukswanipun Prabu Brawijaya
Nata binathara ing Majapait ingkang wekasan, paprentahan ing nuswa Jawi kang dhedhasar agami Buda sampun cunthel. Dene ingkang jumeneng Nata masesani
paprentahan ing nuswa Jawi sajajahanipun, ajejuluk: Sultan Syah Ngalam Akbar, timuripun kekasih Raden Patah, angadhaton ing Demak utawi Bintara. Raden
Patah punika ugi Putranipun sang Prabu Brawijaya ing Majapait. Nanging miyosipun wonten ing Palembang tanah Sumatra. Mila makaten, jalaran nalika
sang prameswari dewi Dwarawati ibunipun Raden Patah saweg ambobot, saking kaparengipun Prabu Brawijaya, sang putri punika lajeng katrimahaken dhateng
sang Adipati ing Palembang : Arya Damar. Sabab makaten wau, wiwit timur, Raden Patah sampun boten sumandhing
ing rama Nata Prabu Brawijaya ingkang agami Buda. Kosok wangsulipun, inggih wiwit timur wau, Raden Patah anggung tampi wulangan agami Islam remen
puruhita dhateng para Wali. Malah puruhitanipun Raden Patah dhateng para Wali punika lajeng dados sarana ageng tumrap tumangkaripun agami Islam ing nuswa
Jawi. Diwasanipun Raden Patah, sareng wiwit sengsem dhateng babagan
pangulah praja, kanthi ingkang rayi tunggil ibu ingkang kekasih Raden Timbul
Putra Raden Damar Adipati ing Palembang, Raden Patah lajeng bidhal ngajawi
badhe suwita Prabu Brawijaya dhanteng Majapait. Boten kacarios roncening
margi, sareng lampahipun dumugi Cirebon, saking rembagipun Sunan
Gunungjati, Raden Patah boten saestu nglajengaken suwita dhateng Majapait, nanging nedya nglajengaken sinau agami Islam dhateng pasantren Ampel
45
Surabaya. Dene ingkang rayi Raden Timbul kapurih lajeng suwita dhateng
Majapait. Dados sadherek kalih punika, kala samanten lajeng pepisahan, Gancaring cariyos, Raden Timbul ingkang suwita dhateng Majapait, dangu-dangu
saged katarimah lajeng kawisudha dados Adipati ing Terung anama Adipati Pecatandha. Dene Raden Patah sinau nglajengaken nyantri dhateng Ampel,
puruhita dhateng Sunan Giri. Ing alami-lami, sareng panggilutipun agami Islam sampun rinaos cekap, saking pitedahipun Sunan Ampel, Raden Patah lajeng
bebadra babad wana ingkang winastan: Glagahwangi bawah kabupaten Jepara. Boten antawis lami, wana Glagahwangi, lajeng reja, boten namung dados
padhusunan kemawon, nanging sampun prasasat kitha kabupaten. Tetiyang ingkang tumut bebadra ing ngriku sami sayuk sumungkem nglampahi sarak
rukuning agami Islam. Kacariyos, rejanipun wana Glagahwangi dados dhusun Bintara utawi
Demak, indhaking pawartos dumugi Majapait, kasuwuraken ing Bintara wonten kraman ingkang dipun pandhegani para panuntun Islam. Kejoting panggalih Prabu
Brawijaya dhateng pawartos wau lajeng utusan Adipati Pecatanda ngirid wadya nglurugi kraman. Boten kacariyos roncening lampah, sareng Adipati Pecatanda
dumugi purug, boten pangling bilih ingkang kawartos ngraman punika jebul ingkang raka piyambak Raden Patah. Adipati Pecatanda inggih Raden Timbul,
wurung anggenipun nempuh perang, sasampunipun sami angacaraken lelapahan sadangunipun pisah. Raden Patah lajeng kadherekaken sowan dhateng Majapahit.
Sadumugi ngarsa Prabu bab kawontenipun ingkang kawartos ngraman, saking purwa madya wasana, sampun katur sadaya. Ing ngriku, Raden Patah malah
46 lajeng kaaken putra sang Prabu, jer sang Prabu lajeng enget dhateng garwanipun
ingkang katrimakaken dhateng sang Adipati Palembang saweg pinuju anggarbini. Salajengipun, Raden Patah malah kawisudha dados Adipati ing Bintara saha
pinaringan asma Adipati Natabrata, kawenangaken mangangengi tetiyang ingkang sampun ngrasuk agami Islam.
Kacariyos, ing alami-lami sang Adipati Natabrata sang saya ageng prabawanipun. Tetiyang ing laladan Bintara ingkang ngrasuk agami Islam sami
rapet sumungkem sabaya pati dhateng Sang Adipati. Saking pambombongipun para wali, sang Adipati lajeng jumeneng Sultan, ajejuluk Syah Ngalam Akbar
angadhaton ing Bintara Demak. Kocap kacariyos, sang Nindyamantri ing Majapahit rekyana patih
Gajahpremada. Sareng mireng bilih sang Adipati ing Bintara jumeneng Sultan kanthi pambiyantunipun para wali, sang rekyana patih lajeng beboleh dhateng
Sang Prabu Prabu Brawijaya badhe nyepeng Raden Patah ingkang sampun tetela nedya ngendhih nagari Majapahit. Prabu Brawijaya marengaken aturing patih.
Gancanging cariyos, patih Gajahpremada lajeng ngirid wadya sikep dedameling ngayuda, nglurug dhateng Bintara. Sri Sultan ing Bintara ugi ngajangi dhateng ing
mengsah. Ramening perang, patih Gajahpremada kasambuting pupuh lena ing palagan. Sasirnanging patih Gajahpremada, para wadya Buda saking Majapahit
sisanipun ingkang pejah lajeng teluk dhateng Bintara. Kacariyos malih Prabu Brawijaya. Sasirnanging patih Gajahpremada, sang
Prabu rumaos kekes panggalihipun, lumuh perang kalayan putra, pilalu lolos saking kadhaton namung kadherekaken wulu cumbu kyai Nayagenggong.
47 Tindakipun sang Prabu numpal keli mangetan, sareng dumugi tanah Banyuwangi
lajeng pisah kalayan Nayagenggong, jalaran : sang Prabu lajeng kersa kawejang tarekating agami Islam.
Dumugi samanten wekasanipun karaton ing Majapait utawi wekasanipun paprentahan ing nuswa Jawi ingkang adhedhasar agami Buda. Sasirnaning kraton
Majapait, sampun madeg kraton Demak adhedhasar Islam. Mila adegipun kraton Islam ing Demak kala samanten, nama dumunung ing alam pepucuk ingkang
wonten telenging laladan kabudan. Sanadyan kala samanten ugi sampun kathah para kawula ing pasisiran ingkang ngrasuk agami Islam, nanging para kawula
ingkang golongan ageng, meksa taksih puguh ngrungkepi agami Buda. Mila jejibahan pangreh praja kala samanten, gawat sanget. Jer para kawula dereng
saged sayuk tunggil piyandel tunggil agami.
Lampahing kapradatan saha pancasaning kukum adil, taksih karoban
pamisesa, dereng saged netepi para marta, Amargi : runtuting pagadilan kateranganing saksi dakwa tuwin pradata, dereng jumbuh nunggil agami.
Awit saking punika, rembag ing parepatanipun para Wali ingkang pinanggih ing karampungan, sarana ingkang wigatos amrih tata raharjaning
nagari, namung kedah ngislamaken para kawula sadayanipun. Cekap semanten atur kawula. Hambok bilih wonten kirang langkungipun, keparenga paring
pangaksami. Nuwun. Wassalamu’alaikum wr. wb.
48
I. Lelandhesan Daya Kawicaksanan
Assalamu’alaikum wr. wb. Para rawuh ingkang dahat sinuba kastawa. Ing ari kalenggahan punika
kawula kapatah mratelakaken sejarahipun para Wali ingkang tansah alelandhesan daya kawicaksanan. Kala samanten, Kangjeng Sunan Kalijaga ingkang lebda
dhateng geliting golongan kekalih kabudan tuwin kaislaman usul rembag ing madyaning parepatanipun para Wali. Suraosing usul wau, kirang langkung
makaten : Pangudi ingkang saged ngungkih puguhing manahipun para kawula
ingkang taksih kandel piyandelipun dhateng agami Buda, murih puruna pitados lajeng ngrasuk agami Islam, kedah sinangkan saking gelar utami ingkang saged
nuju prana. Gelar utami ingkang saged nuju prana punika, kedah mirip tata - caranipun tetiyang kathah ingkang gandheng kalayan kapitadosaning agaminipun
lami. Tuntunan Islam ingkang katandukaken dhateng tetiyang kathah, kedah sinangkan saking sekedhik, ngantos tetiyang kathah rumaos gampil tuwin entheng
pangrasukipun agami Islam. Kawajiban anglampahi rukuning Islam gangsal prakawis sahadat, salat,
zakat, puasa, kaji, punika, sanadyan saweg nama sarengat rukuning Islam, nanging tumrap tiyang ingkang katemben mireng, sampun rinaos awrat. Yen
kapredi kedah netepi makaten, malah adamel wegahipun tetiyang kathah ingkang badhe; ngrasuk agami Islam. Mila prayogi sinangkan saking bakunipun sahadat
kemawon rumiyin, ugeripun sampun purun ngucapaken kalimah sahadat kanthi
49 eklasing manah, inggih sampun tetep manjing hukum Islam, pitados dhateng
Kalifahipun, mituhu dhateng paprentahan ingkang anjalari tata raharjaning nagari. Sanadyan purnanipun ngrasuk agami Islam punika kedah binudi sarana
sarengat, tarekat, hakekat ngantos makrifat, punika rembag ing wingking. Boten sisah kapardi dening panuntuning agami, yen para umat sampun sengsem
sayektos dhateng hakekating agami, tamtu sami ngudi piyambak dhateng mukmin ingkang pinareng dados panutan. Wondene tata cara ingkang dados
kapitadosanipun tetiyang Buda punika, inggih punika : 1. bab sesaji, 2. kekutug dupa ratus, 3. bab karameyan ngemba karameyanipun para dewa sasembahanipun.
Bab sesaji minangka puja ngeningaken cipta nika mengku karsa ngupados
wewengan pikantuka bab ingkang sampun saha badhe linampahan. Punika
kabudiya saking sakedhik ngantos dados tumindaking sholat wajib.
Bab sesaji tuwin kekutug, punika mengku karsa asok bebana dhateng para lelembat jim peri prayangan sami biyantu dhateng sedyanipun, punapa dene
sampun ngantos damel gora-godha dhateng kukubanipun. Punika saking sekehik kedah binudi sagedipun malih dhados tatacara sidkah sedekah dhateng fakir
miskin. Tetiyang agami Buda, yen kaleres mangun suka minangka dhauping penganten, ingkang kasembadan sami remen ropyan-ropyan karameyan ngemba
pasamuan para dewa panutanipun, kadosta : Upacara tetuwuhan punapa dene kembar mayang rinakit ing pakajangan. Punika ingkang kaemba pasren awit klepu
dewadaru. Suwaraning pradangga ingkang tinabuh para wiyaga punika ngemba ungeling gangsa lokananta. Wanita sinumbaga mataya kalayan sesindhenan anut
wiramaning gendhing punika, ingkang kaemba : pangigeling waranggana ingkang
50 ngleledhek rawuhipun para dewa ingkang katarimah lelabetanipun. Priya ambeksa
nampeni pangledeking waranggana, linariyan para santana warga ingkang winastan tayuban, punika ingkang kaemba lenggotbawanipun para dewa ingkang
winiwaha. Tatacara makaten punika, tumrap agami Islam, tetela dhawah kukum musrik
sarta karam. Mila saking sekedhik kedah binudi icalipun. Nanging caranipun pangudi sagedipun kedah damel, kedah kanthi kawicaksanan ingkang saged
mranani manahipun tetiyang kathah. Tatacara ingkang gandheng kalayan piyandelipun tetiyang agami Buda tigang prakawis wau samadi, sesaji,
karameyan manawi kapirid kangge gelaring lampah kawicaksanan, tamtu badhe ageng manfaatipun. Amargi, pambudi punika nama sinangkan saking idheping
piyandel. Nanging, pamiridipun ing ngriku kedah kasirik ingkang dhawah karam. Sarehning wigatos ingkang kedah tumunten kasembadan punika prakawis
para kawula enggala sayuk mituhu dhateng paprentahan praja, gelaring lampah, pamiluta badhe ngislamaken para kawula wau, inggih kedah katindakaken sarana
upacaraning praja. Kados mekaten kala wau pratelan sapala kawula. Mugi ndadosaken kawuningan. Nuwun.
Wassalamu’alaikum wr. wb.
J. Nlesih Sejarahipun Grebeg Sekaten