Mekaring Jagad Anyar JEJERING SESORAH

28 watak wantu wandaning wayang. Iringan kerawitan punika mimbuhi gagah, mewah lan megahing pakeliran sedalu natas. Sanadyan sampun dangu lan kapetang lawas, seni pedhalangan tetep lestari ngantos ari kalenggahan punika. Ing gunung agunung, dhusun ngadhusun, kitha ngakitha, gampang sanget pinanggihan kaliyan pagelaran wayang purwa. Kawula alit lan priyagung luhur ingkang ngembat kendhalining praja guyub rukun sesarengan mirsani caking pakeliran. Ngantos enjang gagat rahina, ketingal menawi para pamirsa dangan ing panggalih, manah suka parisuka. Wulangan, wejangan, wedharan saking seni pedhalangan sayektos damel pasugataning batos. Raos miraos ingkang kasarira lan kajiwa ing salebeting pagelaran ringgit wacucal estu nambahi mentesing piwucal. Paripurna anggenipun mirsani caking pakeliran ngantos wanci enjang malah mimbuhi jangka jangkah. Langkah langkung madhep, mantep lan menep. Bebrayan agung wusana sangsaya padhang jenggilang kados pinapak obor sewu.

M. Mekaring Jagad Anyar

Saben dinten seserepan saged dipun dhudhuk saking sadhengah papan lan panggenan. Kalawarti ingkang arupi koran, majalah, tabloid sumebar saindhenging nuswantara. Layar kaca, radio, internet asung pawarta ingkang tanpa kendhat. Seminar, lokakarya, konggres, simposium lan sarasehan dipun gelar makaping-kaping. Temu alumni, temu ilmiah, temu pakar dipun kantheni gagasan mirunggan. Sedaya kala wau dados srana tuk sumbering kawruh ingkang ngiringi mekaring jagad enggal. Para sedherek ingkang asring kadhapuk pranata adicara, 29 pamedhar sabda tuwin juru sesorah prayogi menawi tansah nggembleng dhiri kanthi pinten-pinten seserepan. Tumangkaring kabudayan, ngrembakaning kagunan miwah ngesing kaendahan saestu langkung wigatos menawi sinartan landhep tanceping seserepan dalah pengalaman. Undhaking ilmu, tikeling laku sarta keplasing panemu badhe sumebar warata kanthi mitayani, waton linambaran olah nalar saha panaliten ilmiah. Srawung ing tingkat internasional ingkang wiyar tebanipun perlu juru wicara utawi diplomat ingkang mumpuni. Sarana gladhen lan panaliten tartamtu nuwuhaken raos pitados tumraping bangsa asanes. Kejawi daya ketrampilan ingkang ngegungaken kridhaning olah panca ndriya, bab oleh nalar punika ugi nami wigatos. Perlu dipun ambali malih, bilih nyugata kabudayan lan kagunan prayogi kasalarasaken gladhen tuwin panaliten. Wawasan ingkang cekap menggahing budayawan, seniman lan sastrawan badhe nggancaraken pasrawungan. Gesang punika dumados saking maneka warni golongan bebrayan. Drajat lan pangkat tartamtu kemawon mbenten-mbentenaken tata srawung. Among tani, among dagang, among layar gadhah budaya ingkang boten sami. Saben golongan sinartan budaya lan adatipun. Mila perlu patrap momong, momor lan momot. Tetiganipun minangka sangu srawung sambang sambung ingkang mbabar bebrayan guyub rukun, manunggal lan mong- ingemong. Sesanti wigati warisanipun ingkang minulya Empu Tantular kedah dipun cepeng. Bhinneka Tunggal Ika, satuhu trep kangge dhasar trap-trapan pasrawungan ing pundi kemawon. Tata praja, tata paprentahan, tata pasrawungan 30 ing alaming bumi nuswantara ingkang nyepeng sesanti kala wau kathah wilujengipun. Samad-sinamadan antawisipun budaya satunggal lan satunggalipun nambahi kukuh bakuhing negeri Indonesia. Ingkang sampun limrah, sesanti tilaranipun Empu Tantular katampi kanthi tinarbuka, lega legawaning manah dening sangyaning para titah. Juru sesorah saged migunaaken sesanti menika ing salebeting ngayahi jejibahan. Raos kebangsaan ugi dados kewajibanipun para juru sesorah murih jayaning bangsa lan luhuring negara. Kanthi mekaten juru sesorah badhe pikantuk jeneng jenang, kuluk puluk, wong wang. Ateges kalenggahanipun juru sesorah pancen wigatos, kangge urun kasantosaning lahir lan batos.

N. Tuntunan Pustaka Sesorah