25 anggenipun nguri-uri kabudayan Jawi Bratakesawa, 1952. Sedaya para narendra
gung binathara nglegaaken urun udhu bahu suku saha panemu. Keplalah kathah sang Katong ugi adhapuk pujangga. Reriptanipun dados tuk sumbering piwulang
luhur menggahing kawula dasih warata sanagari.
K. Pamarsudining Basa Sastra
Para sarjana winasis jalma martapi ingkang ngrumpaka endahing basa sastra mawi pustaka maneka warni. Tiyang Jawi ingkang wiwit kina makina
bangkit ulah gelaring tata haksara, pramila ugi prigel nyerat kangge ngedhari miwah ngudhari wohing angen-angen. Lumantar serat-serat Jawi punika cipta
grahitaning manah tumuli kawedharaken. Owah gingsiring jaman tansah dipuncathet, murih boten ngantos kalepyan. Ngungak jaman kawuri kaleksanan
kanthi terang trewaca. Mapag mekaring jagad anyar ugi boten kacipuhan. Sedaya kalawau dados gampil, amargi tiyang jawi gadhah simpenan ingkang awujud
seseratan. Kitab-kitab kina ingkang kaserat mawi aksara Jawi saged kapriksan ing Musium Sana Budaya, Radya Pustaka, Reksa Pustaka lan Widya Pustaka.
Perlu kawuningan menggah para pamarsudi basa sastra ingkang peng- pengan. Contonipun Ki Padmasusastra ingkang nate meguru langsung dhumateng
pujangga Ranggawarsita. Pinten-pinten pustaka ingkang sampun karipta. Carios kanthi irah-irahan Rangsang Tuban karumpaka mawi basa ingkang nuju prana
Padmasusastra, 1982. Pepak sastranipun, bobot wosipun. Cocok kangge sinau lan patuladhan. Buku sanesipun inggih menika tata sastra. Isinipun ngrembag
paramasastra, pitedah, ugi kawruh basa. Cocok sanget kangge bahan pamulangan.
26 Ing sadhengah papan pawiyatan, buku tata sastra punika dados cepenganipun para
guru ingkang nggulawenthah putra siswanipun. Sarjana basa sastra Jawi sanesipun inggih punika ingkang minulya Ki
Padmosoekotjo. Labuh labet ingkang kaparengaken dhumateng sagunging bebrayan Jawi satuhu pantes sinudarsana. Buku-buku kawruh basa Jawi sampun
rinipta. Ing babagan kawruh paramasastra, Ki Padmosoekotjo mempeng sanget. Cengkok, lagak, lagu, lageyaning tetembungan dipun pratelaaken kanthi titis
patitis. Ing babagan sastra pedhalangan sampun kababar pitung jilid buku mawi irah-irahan Silsilah Wayang Purwa Mawa Carita Padmosoekotjo, 1960.
Sumbangan ingkang wigati tumraping jagad pakeliran. Mliginipun seni pakeliran, hambok bilih Ki Siswoharsoyo dados panyerat
pakem pedhalangan ingkang pilih tandhing Siswoharsoyo, 1953. Para penyerat pakem salajengipun meh ngemperi gagrak Siswoharsayan. Saget kawastanan
pakem jangkep. Amargi tuntunan, sulukan, janturan, dhodhogan, kepyakan, sabetan, jejeran lan sanes-sanesipun ingkang magepokan kaliyan seni pewayangan
dipun jlentrehaken kanthi gamblang. Tuladha pakem anggitanipun inggih menika tuntunan pedhalangan lampahan Wahyu Purba Sejati. Wondene Serat Bimapaksa
karipta dening Ki Siswoharsoyo mawi sekar macapat. Sumebaring kapustakaan Jawi gagrak Surakarta boten saged dipun
pisahaken kaliyan labuh labetipun Suwargi Karkono Partokusumo ingkang asring mawi nami sesinglon Kamajaya. Serat Centhini ingkang cacahipun kirang
langkung 12 jilid dipun garap kanthi paripurna Kamajaya, 1992. Saking aksara Jawi kasalin dados aksara latin tartamtu mbetahaken dana lan daya ingkang tikel
27 matikel. Serat Pustaka Raja Purwa ingkang gunggungipun kirang langkung 9 jilid
ugi sampun karampungaken. Kitab-kitab Mangkunegaran lan Ranggawarsitan malah dipun garap mawi pratelan ingkang langkung genep lan jangkep. Tiyang
Jawi jamak limrah menawi atur panuwun.
L. Kagunan Adi Luhung