Tumangkaring Agami Islam GITA WICARA ING SARASEHAN

41

BAB V GITA WICARA ING SARASEHAN

TUMANGKARING AGAMI ISLAM

G. Tumangkaring Agami Islam

Assalamu’alaikum wr. wb. Kawula nuwun, keparenga matur dhumateng ngarsanipun para sepuh lan pinisepuh ingkang satuhu kinurmatan. Tuwin para pangembating praja ingkang dahat sinuba kastawa. Sugeng pepanggihan wonten ing titi laksana hadicara sarasehan ingkang hangrembag Wejanganipun Para Wali Ing Tanah Jawi. Para ahli sejarah amratelakaken bilih kitha Bagdad kabedhah dening wadya bala saking negari Tiongkok dumados tahun 1258. Nalika semanten tlatah Bagdad kawentar kasebut minangka punjering kawruh saka kabudayan Islam. Wiwit tahun 1258 punika, sasampunipun angrasuk jaman kencana rukari ingkang laminipun 7 abad, danguning dangu pusat kabudayan Islam lajeng surut, larut, kerut, tilem, ngglenggem lan surem. Peradaban Islam ngener dhateng Tanah Gujarat dalah sakiwa tengenipun, ngantos ngrembaka dumugi ing saindhenging Nuswantara. Kaplalah, ngancik ing ari kalenggahan punika, agamai Islam winastaran ageng, agung, tur angrembuyung wonten kawasan Asia Tenggara. Pakartinipun para winasis ulama ingkang satuhu lebda ing widyatama, gegadheng renteng-renteng reruntungan kaliyan para saudagar ingkang berbandha berbandhu, sami-sami golong giligipun dhumateng tangkar tumangkaripun agami Islam ing bumi Nuswantara, utaminipun dhateng Tanah Jawi. 42 Golongan kekalih, saudagar miwah sarjana ulama punika nyengkuyung jumenengipun keprabon Trah Majapahit, Raden Patah, anglenggahi dhampar kencana ing Kasultanan Demak Bintara. Handhangkandhungipun jalma sulaksana ingkang kasuwur katelah Wali Sanga ugi gumreget, gumregut lan gumregah pacak baris magepokan kaliyan trah-tumerahipun agami Islam. Kathah sanget reriptan ingkang kawarisan dening pra sarjana sujana ing budi ingkang sampun cinandhi ing ngawiyat, anyunari ing alam kelanggengan. Warni-warni karyanipun, rupi-rupi pamanggihipun. “Qur’an Suci Jarwa Jarwi dalah Tafsiripun ingkang Kajarwakaken” dening R.Ng. H. Minhadjurrahman Djajasugita sarta M. Mufti Sharif, punika nama jamak limrah menawi kauningan dening bebrayan Jawi, langkung-langkung para putra wayah. Wiyosipun “Qur’an Suci Jarwa Jarwi dalah Tafsiripun” punika saged dipunibarataken margi gelap pinapak obor sewu. Nuswa Jawi nami begja kemayangan lir pendah kejugrugan gunung sari, kebanjiran segara madu. “Qur’an Suci Jarwa Jawi” ingkang karembag punika kenging kalenggahaken jejering pusaka minulya ingkang pantes pinundhi-pundhi. Kados pundi keunggulan lan kaluhuranipun garapan pustaka punika, hambak bilih saged kapratelaken mawi perangan. Unggah-ungguhing basa. Katilik saking lagak lagu lageyaning basa, prangripta sayekti priyantun ingkang mumpuni ing bab ulah gelaring kayunan basa kasusastran. Tata basanipun gancar lancar, bobot kasusastranipun ganep jangkep, amila andadosaken rakitan ingkang edi peni. Menawi kagagas salebeting tyas, hambok menawi sampun boten ngagetaken malih kaliyan kawaskithanipun pangripta. Katlusur saking asal-usul, 43 pangripta punika taksih dharahing ngaluhur, trahing kusuma, rembesing madu, wijining atapa, tedhaking andana warih, inggih punika warga kraton Surakarta Hadiningrat Paku Buwana IV, 1925. Perlu kawuningan, saderengipun revolusi kamardikan ’45, kraton Surakarta punika mempeng sanget anggilut mekaring kabudayan, kayunan, lan kasusastran. Saget karebat para pujangga linangkung ingkang mijil saking dhatulaya Surakarta: Kyai Yasadipura, R. Ng. Ranggawarsita, KRT Kusumadilaga, Sinuwun Paku Buwana IV lan Ki Padma Susastra. Ing kiwa tengenipun awal abad 20, tlatah Surakarta ugi dados kiblatipun pergerakan nasional. Kuncara sinebat Syarikat Dagang Islam SDI ingkang dipunpandhegani dening Kyai Haji Samanhudi. Cekap semanten atur pambuka kawula. Mugi-mugi sarasehan ingkang badhe ngrembag Wejangan Para Wali ingkang binabar ing pustaka Guna Cara Agama yasanipun Bapak Ki Siswoharsoyo sageda lumampah kanthi gancar lan lancar. Matur nuwun. Wassalamu’alaikum wr. wb.

H. Nyengkuyung Kraton Demak Bintoro