Tata Wicara Tata Busana Tata Sastra Tata Swara

5 para kadang ingkang kagungan kersa, menawi pahargyan ingkang katindakaken nuwuhaken arum kuncaraning kulawarga. Sepinten bombonging penggalih, jalaran pawiwahan saha pahargyan punika wonten gandheng cenengipun kaliyan harkat, martabat saha derajat. Bebrayan Jawi asring nyebat njaga praja. Ingkang mengku suraos ngreksa yuwananing asma. Kangge nyembadani kuncaraning brayat ageng, ingkang kagungan kersa sampun ndhadhani kehing prabeya ingkang tanpa wilangan. Minangka jejering pangarsa pawiwahan, pranata adicara jamak limrah menawi mrantasi pakaryan lan sesanggeman.

B. Sangunipun Pranata Adicara 1. Tata Sasana

Sasana tegesipun papan saderengipun nindakaken jejibahan. Pranata adicara prayogi nyumerepi papan pahargyan. Kanthi mekaten rerakitaning acara saged kajumbuhaken kaliyan kawontenan. Kados pundi bebrayan ing kanan keringipun papan ingkang kangge acara. Ugi pakaryan dalah kalenggahanipun ingkang sami ngestreni pawiwahan. Andhap inggiling pangkat drajat saestu mahanani ulat patrap lan pangucap.

2. Tata Wicara

Wedaling wicara kedah empan papan. Sampun ngantos minggeti penggalihipun tiyang sanes. Wicara ingkang mentes, luwes lan pantes tartamtu damel mareming manah. Tumraping priyayi sepuh prayogi mawi unggah-ungguh. 6 Menggahing priyagung luhur sampun tilar wosing pitutur. Ing madyaning para winasis wedaling wicara langkung sae menawi patitis. Ing madyaning kawula dasih saestu cocok kaliyan raos kaswasih.

3. Tata Busana

Ajine dhiri saka lathi, ajine raga saka busana. Wulangan warisan leluhur punika lumampah ngantos ing jaman samangke. Raga ingkang karengga mawi busana edi peni mahanani pakurmatan saking asanes. Busana edi peni boten kedah mubyar lan awis reginipun. Ingkang wigatos jumbuh kaliyan kawontenan. Pahargyan penganten magepokan kaliyan busana ingkang ngemu suraos suka parisuka. Wondene tiyang ingkang ndherek upacara resmi pemerintahan, ugi mligi busananipun.c ak-cakanipun busana pancen benten-benten keperluanipun. Tiyang sripah mesthi ngagem busana ingkang katingal swasana duhkita.

4. Tata Sastra

Endahing basa amargi pinaes mawi tetembungan ingkang jangkep, ukara ingkang genep. Juru pranata adicara, juru sesorah langkung prayogi nyinau seserepaning basa. Supados saged miyosaken pangandikan ingkang miraos. Sinten ingkang mirengaken lajeng kepranan ing galih. Kejawi punika ugi badhe katitik andhap asoring kawruh. Sasngsaya jembar kawruhipun, tambah ageng pangajinipun. Jembaring seserepan saged katempuh mawi maos maneka warna pustaka lan bawa rasa kaliyan para pinunjul. 7

5. Tata Swara

Swara ingkang gandem marem racak-racakipun gampil nuwuhaken raos kesengsem. Nut jaman kelakone, swara ngumandhang ing pawiwahan amargi kabantu piranti mirunggan. Teknologi lan kemajuan jaman ingkang wonten gegayutanipun kaliyan tata swara, saged dipun pirsani ing sadhengah papan. Sanadyan mekaten tetp mboten pareng gumantung kaliyan teknologi. Sinau ugi pangusi tetap kedah peng-pengan. Boten kepareng kendho. Mekaring teknologi mlampah sareng kaliyan pambudi.

C. Maneka Warna Upacara