Mandhegani Acara Maneka Warna Upacara

4

BAB I GLADHEN PRANATA ADICARA

A. Mandhegani Acara

Lampahing acara ingkang karancang kanthi premati. Badhe kacepeng jumbuh kaliyan tujuanipun, sauger ingkang mranata punika mumpuni. Pranata adicara ingkang trampil, rikat, trengginas mesthi ngentheng-ngenthengi ingkang kagungan karsa. Punapa malih pahargyan katindakaken mawi ragat tikel-matikel, jejering pranata adicara kedah sembada. Wedaling mragat sampun muspra, supados mboten damel kuciwa. Pramila tandangipun pranata adicara kasuwun ingkang temen-tumemen. Langkung prayogi menawi pranata adicara saderengipun makarya ndherek ngiguhaken rancangan. Amargi rata-rata ingkang kagungan kersa dereng pengalaman nindakaken pawiwahan. Pratelan saking pamedhar sabda dalah juru pranata adicara cetha damel ayemipun ingkang kagungan dalem. Manah gupuh, kisruh lan ewuh pakewuh adhakanipun nyalirani sinten kemawon ingkang kagungan hajad. Mandhegani acara pahargyan pancen perlu kawruh mirunggan. Seserepan miwah pengalaman kinarya piranti murih ramungin pakaryan. Sambung, srawung, tulung-tinulung ing madyaning bebrayan agung saestu nggancaraken sedaya pakaryan menapa kemawon. Ulah raos kridhaning batos, sinartan jangka jangkah ingkang atos-atos, mimbuhi pribadi ingkang bontos. Mendah remening penggalih 5 para kadang ingkang kagungan kersa, menawi pahargyan ingkang katindakaken nuwuhaken arum kuncaraning kulawarga. Sepinten bombonging penggalih, jalaran pawiwahan saha pahargyan punika wonten gandheng cenengipun kaliyan harkat, martabat saha derajat. Bebrayan Jawi asring nyebat njaga praja. Ingkang mengku suraos ngreksa yuwananing asma. Kangge nyembadani kuncaraning brayat ageng, ingkang kagungan kersa sampun ndhadhani kehing prabeya ingkang tanpa wilangan. Minangka jejering pangarsa pawiwahan, pranata adicara jamak limrah menawi mrantasi pakaryan lan sesanggeman.

B. Sangunipun Pranata Adicara 1. Tata Sasana

Sasana tegesipun papan saderengipun nindakaken jejibahan. Pranata adicara prayogi nyumerepi papan pahargyan. Kanthi mekaten rerakitaning acara saged kajumbuhaken kaliyan kawontenan. Kados pundi bebrayan ing kanan keringipun papan ingkang kangge acara. Ugi pakaryan dalah kalenggahanipun ingkang sami ngestreni pawiwahan. Andhap inggiling pangkat drajat saestu mahanani ulat patrap lan pangucap.

2. Tata Wicara

Wedaling wicara kedah empan papan. Sampun ngantos minggeti penggalihipun tiyang sanes. Wicara ingkang mentes, luwes lan pantes tartamtu damel mareming manah. Tumraping priyayi sepuh prayogi mawi unggah-ungguh. 6 Menggahing priyagung luhur sampun tilar wosing pitutur. Ing madyaning para winasis wedaling wicara langkung sae menawi patitis. Ing madyaning kawula dasih saestu cocok kaliyan raos kaswasih.

3. Tata Busana

Ajine dhiri saka lathi, ajine raga saka busana. Wulangan warisan leluhur punika lumampah ngantos ing jaman samangke. Raga ingkang karengga mawi busana edi peni mahanani pakurmatan saking asanes. Busana edi peni boten kedah mubyar lan awis reginipun. Ingkang wigatos jumbuh kaliyan kawontenan. Pahargyan penganten magepokan kaliyan busana ingkang ngemu suraos suka parisuka. Wondene tiyang ingkang ndherek upacara resmi pemerintahan, ugi mligi busananipun.c ak-cakanipun busana pancen benten-benten keperluanipun. Tiyang sripah mesthi ngagem busana ingkang katingal swasana duhkita.

4. Tata Sastra

Endahing basa amargi pinaes mawi tetembungan ingkang jangkep, ukara ingkang genep. Juru pranata adicara, juru sesorah langkung prayogi nyinau seserepaning basa. Supados saged miyosaken pangandikan ingkang miraos. Sinten ingkang mirengaken lajeng kepranan ing galih. Kejawi punika ugi badhe katitik andhap asoring kawruh. Sasngsaya jembar kawruhipun, tambah ageng pangajinipun. Jembaring seserepan saged katempuh mawi maos maneka warna pustaka lan bawa rasa kaliyan para pinunjul. 7

5. Tata Swara

Swara ingkang gandem marem racak-racakipun gampil nuwuhaken raos kesengsem. Nut jaman kelakone, swara ngumandhang ing pawiwahan amargi kabantu piranti mirunggan. Teknologi lan kemajuan jaman ingkang wonten gegayutanipun kaliyan tata swara, saged dipun pirsani ing sadhengah papan. Sanadyan mekaten tetp mboten pareng gumantung kaliyan teknologi. Sinau ugi pangusi tetap kedah peng-pengan. Boten kepareng kendho. Mekaring teknologi mlampah sareng kaliyan pambudi.

C. Maneka Warna Upacara

Menggahing bebrayan Jawi, upacara adat sampun katindakaken kawit kuna-makuna. Kanthi pangajab murih karaharjan, ngendhani coba lan bilahi. Mila saweneh gadhah pemanggih kedah nindakaken, umumipun ingkang nyengkuyung upacara adat para sesepuh ingkang taksih pana dhumateng tata cara Jawi. Ngugemi upacara adat ateges ngleluri budaya adiluhung. Kasebat upacara adat Jawi ingkang taksih lumampah kadosta mantenan, supitan, mitoni. Saben daerah gadhah cak-cakan upacara piyambak-piyambak. Atur uninga bilih upacara adat punika mboten pareng jor-joran. Amargi saged nyebabaken cecongkrahan antawisipun para kadang, katindakaken kanthi prasaja kemawon. Menawi tujuan sampun kacepeng, menika winastan sae sanget. Pustaka ingkang mbeber titi laksana upacara adat kathah sanget warnanipun. Umpaminipun buku yasanipun Raksa Panuntun 1991, mratelakaken maneka warni tuladha tanggap wacana basa Jawi. Urut-urutanipun 8 pahargyan penganten kadamel genah lan genep. Para juru pamedhar sabda, pranata adicara lan juru sesorah manteb sanget sampun nyinau buku menika supados langkung jembar wawasanipun. Perlu kawuningan malih kagem sedherek pranata cara ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan upacara sripah. Kedah atos-atos lan momong raos. Mliginipun tumrap para kadang mitra ingkang kecalan warga. Trap-trapanipun atur sageda mimbuhi kapitayan. Syukur bage ngentheng-ngenthengi ingkang nembe nawung dhuhkita. Dipun wanti-wanti uculing wicara mboten pareng ngebot-boti. Menapa malih nambah ngrepoti. Pramila sinau tata basa ingkang nuju prana dadosa kawigatosan. Panindaking upacara ingkang magepokan kaliyan pengetan langkung gampil. Kadosta pengetan dinten kamardikan, tanggap warsa, paguyuban, rembag dhusun lan sapinunggalanipun waton dipun jumbuhaken kaliyan wosing gati, menika saged kawastanan sae. Angger kulina kemawon sadhengah tiyang tartamtu saged anglampahi sampun tidha-tidha ing galih supados gancar lancar cak-cakanipun minangka dados pangarsaning adicara.

D. Ngesti Mekaring Kabudayan