Ngreksa Kayuwananipun Tetakan ULAR-ULAR ING UPACARA TETAKAN

38 anna Muhamadur Rasullolah. Sasampunipun makaten lajeng matrapna sogok. Prenahipun ing salebeting ikut sajawining sirah pastapurusa ing prenah nginggil. Pucuking sogok kaangkaha papak lan cibiring pastapurusa. Sasampunipun makaten lajeng matrapaken japit sajawining ikut sawingkingipun sogok. Tangan kiwa Bong nyepengi sogok lan japit, tangan tengen ngeceri Chloroethyle ing pastapurusa ingkang badhe kapagas, ngantos kuliting ikut punika ketingal pethak, perlunipun kangge ngicali raos sakit. Sasampunipun makaten lajeng kapagas. Pamagasipun ing antawising sogok lan japit. Sasampunipun kapagas, ikut ingkang tatu pagasan, kacalikna mundur ing guluning pastapurusa, lajeng dipun wur-wuri dermatol kapara radi kandel nunten dipun tutup ing boorzalf ingkang sampun kaledre ing gaas kala wau terus dipun blebed : rampung. Pratelan ing nginggil punika kapendhet saking katranganipun Swargi Ki Siswoharsoyo, ingkang satuhu lebda ing babagan kasusastran Jawi. Panutuping atur, mugi-mugi pratelan sapala punika wonten ginanipun. Nuwun. Wassalamu’alaikum wr. wb.

H. Ngreksa Kayuwananipun Tetakan

Assalamu’alaikum wr. wb. Katur dhumateng para lenggah ingkang nembe mangayu bagya sarasehan ing dinten punika. Wondene pratelan ingkang badhe dipun rembag kanthi irah- irahan Ngreksa Kayuwananipun Tetakan. Kangge anjagi supados boten gendhelen, sanadyan sampun kablebed, pastapurusa prayogi lajeng kadhengakna terusan sarana kawet T verband. 39 Godhonging T kasabukaken ing bangkekan, sukuning T kangge ngaweti pastapurusa lajeng kasuwelaken ing gathukan godhong T wau. Punapa malih, sasampunipun kablebed wau, lare punika prayogi lajeng tileman kemawon. Paedahipun dermatol ing ngriku, kajawi mepeti wedaling rah, ugi ngenggalaken garinging tatu. Dados inggih ngenggalaken saras. Dene boorzalf ing ngriku, paedahipun: samangsa blebed kabikak, supados boten kelet kalayan tatunipun. Kajawi dermatol, jampining tatu enggal punika, ngangge Perubalsem inggih sae. Nanging, Perubalsem punika, nalika katamakaken, mahanani raos perih sekedhik. Ing pangalaman kita piyambak, kajawi dermatol lan Perubalsem, tatu dipun jampeni mawi bubukan Zulfatiasol punika, kenging kita wastani setijap banget. Mila yen saged pikantuk tumbas tatuning kethokan wau, inggih prayogi yen dipun jampeni bubukan Zulfatiasol kemawon. Nitik andharan punika, sajakipun kados rebyeg sanget. Nanging sajatosipun boten makaten. Ugeripun sampun sarwa cumawis, wiwit mulang kalimah sahadat ngantos masang T verband wau, salebetipun tigang menit kemawon tamtu rampung. Pirantos- pirantos, tanganing Bong lan pastapurusa kedah resik. Mejang kalimah sahadat. Masang sogok lan japit. Namakaken Chloroethyle. Magas ikut Tatu kacalikaken mundur, dipun jampeni lajeng kaverband. Let sadalu, varband kabikak, tatu dipun resiki mawi boorwater sarana kapuk utawi toya jarang ingkang sampun manget-manget. Sasampunipun resik, prayogi kapepe dhedhe ing bentering surya sakedhap lajeng dipun jampeni lan kablebed kados ingkang sampun. Saben-saben makaten, antawis sapeken kemawon, tatu punika tamtu sampun saras. Bab anjanpeni saben dinten wau, 40 manawi Bong piyambak boten saged nandangi sabab tebih dumuginipun, cekap nilari jampinipun kemawon kalayan weling nuturi dhateng larenipun, lare tamtu saged nindakaken. Kala-kala sok mranggguli lare ingkang ikutipun nglebet kraket kalayan sirahing pastapurusa. Yen wonten lare ingkang makaten punika, ngengeti perluning tetak kasebut ngajeng, supados pastapurusa saged kaleksanan moncek, pamagasing ikut, kapeksa kedah neset ingkang kraket wau. Nanging manawi panesetipun punika boten sarana prabot ingkang nyocogi trep sarta jampi ingkang ngicalaken raos sakit, inggih mesakaken larenipun ingkang nglampahi. Mila manawi Bong mrangguli kawontenan ingkang makaten, prayoginipun lajeng ngrembagana kemawon dhateng lare saha tiyang sepuhipun. supados lare punika dipun suwunaken pitulungan tetak dhateng dokter. Para dokter tamtu boten badhe kewran anggenipun nindakaken sarana pirantos jampi-jampi ingkang ngetrepi. Ki Siswoharsoyo paring pratelan kanthi wijang sarta gamblang ing pustakanipun serat Guna Cara Agama. Pustaka kalawau sampun misuwur sanget. Ing pungkasaning atur, mugi sami raharja sedayanipun. Nuwun. Wassalamu’alaikum wr. wb. 41

BAB V GITA WICARA ING SARASEHAN