Tuk Sumberipun Kapustakan Jawi

19

I. Tuk Sumberipun Kapustakan Jawi

Ing ngandhap punika badhe kababar ombakipun kapustakan Jawi, kados ingkang sampun dipun pratelakaken dening Swargi Poerbatjaraka. Panjenenganipun sarjana martapi ingkang kasusra ing jagad raya. Malah pikantuk gelar Empu Jawi Kina. Pratelanipun kados mekaten. Ingkang dipun-wastani kapustakan Jawi, punika sadaya serat-serat carita, dongeng-dongeng ingkang ngangge basa Jawi. Wondene basa Jawi punika kagolong basa Austronesia; inggih punika basa-basa ingkang kangge sawarnining bangsa pribumi ingkang dudunung ing kapulowan iring kidul-wetaning jagad Asia: wates ler wiwit pulo Formosa mangidul; wates kilen wiwit pulo Madagaskar bablas mangetan ngantos dumugi jagad Amerika kidul iring ingkang kilen. Sarehne nama Austronesia punika boten patos kerep kapireng, ing ngriki kula- santuni nama Indonesia Poerbatjaraka, 1964. Nalika taun 1884 Dr. Brandes saged nerangaken bilih bangsa-bangsa kasebut ing nginggil wau ing jaman kinanipun sanget, basanipun satunggal; katrangan punika mawi landesan panandinging basa-basa wau. Nalika tahun 1889 Dr. H. Kern ngudi malih ing bab tatandhinganing basa, ngantos saged nerangaken bilih asal-usulipun bangsa wau, kala taksih kempal ngangge basa satunggal, wonten ing tanah Cempa, ing samangke kalebet tanah Indo Cina. Malah saking pangudinipun P.W. Schmidt kenging dipun kinten-kinten bilih asal-usulipun bangsa Indonesia punika kala kinanipun sanget, saking Asia tengah. Ingkang sampun kenging dipun anggep, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kempal dados satanah, inggih ing tanah Cempa wau. 20 Bab punika boten namung angsal paseksen saking panandhinging basa kemawon; pangudinipun Dr. Van Stein Callenvels, Dr. Van der Hoop lan sanes-sanesipun ing bab dadamel sela; pethel sela, bedhor sela sapanunggilanipun, inggih ugi nedahaken, bilih pokok tanahipun bangsa Indonesia punika ing tanah Cempa, malah radi ngaler ngilen sakedik, dados ing tanah Cina iring kidul. Ing satunggaling wekdal, kinten-kinten kala tahun 1500 saderengipun taun Masehi, bangsa Indonesia wau buyar saking pokok padunungipun dhateng pulo-pulo punika. Ingkang temtu inggih kedhesek dening sanes bangsa saking ler utawi saking kilen. Sesampunipun buyar, bangsa wau lajeng manggen sagolong-golong wonten ing pulo ingkang dipun dunungi enggal. Awit saking pisah panggenan, danguning dangu sagolong-golongipun wau lajeng boten mangertos dhateng basanipun golongan sanes; sabab pepecahaning basa wau lajeng tuwuh piyambak- piyambak. Basa Indonesia ingkang wonten tanah Filipina dados basa Filipina, ingkang wonten tanah Jawi dados basa Jawi, Sunda lan Madura, makaten salajengipun. Kados punapa sipatipun basa Jawi ing saderengipun kedhatengan tiyang Indhu, punika boten wonten tilasipun; awit kinten-kinten bangsa Jawi kala jaman semanten dereng gadhah aksara. Wondene aksara Jawi ingkang dumugi sapriki taksih kangge, punika kala rumiyinipun aksara Indhu bektanipun bangsa Indhu ingkang sami dhateng wonten ing tanah Jawi, kinten-kinten kala wiwitanipun taun Masehi. Aksara Indhu wonten ing tanah Jawi punika ing sakawit, namung perlu kangge nyerati betahipun tiyang Indhu piyambak, kados ta serat-seratan bab 21 dagangan kaliyan bangsanipun piyambak, sapanunggilanipun. Wondene ingkang dipun angge punika basa Sansekerta punapa basa Indhu sanesipun, punika boten terang; ewasemanten wonten ancer-anceripun sakedik, inggih punika seratan ing tanah Jawi ingkang pinanggih sepuh piyambak, punika basanipun basa Sansekerta. Sareng dangu-dangu tiyang Indhu wonten ing tanah Jawi rabi tiyang Jawi, lajeng anak-anak, tamtunipun anak-anakipun wau basanipun inggih basanipun biyungipun, utawi basanipun rencangipun dolan, inggih punika lare- lare Jawi deles. Danguning dangu, sareng bangsa Indhu paranakan ing tanah Jawi sampun saya kathah, lajeng wonten golongan ingkang basanipun padintenan basa Jawi, nanging kecampuran tembung Sansekerta saking bapak-bapakipun. Wondene sinyo-sinyo saha noni-noni Indhu wau sampun layak kemawon bilih ing sasaged-saged sami dipun ajar maos lan nyerat aksara Indhu, dening bapakipun piyambak-piyambak; sareng sampung kathah pranakan ingkang saged maos saha nyerat aksara Indhu, lajeng wonten, ing sakawit namung kados coben-coben, seratan Indhu kangge nyerati basa Jawi. Panyobi punika sajakipun saged tuminak kalayan boten patos angel. Sareng sampun tumindak, mesthinipun inggih wonten tiyang Jawi tulen ingkang sumedya saged maos tuwin nyerat aksara Indhu wau, lajeng sinau, ing sakawit namung kangge kabetahanipun tiyang satungal kalih tumraping dadagangan. Saya malih sareng bangsa Indhu, kabekta saking langkung pinteripun katimbang tiyang Jawi, saged nglebetaken kawruhipun dhateng tiyang Jawi, pun Jawi punika lajeng rumaos betah, dados sumedya nyinau kawruh Indhu. Wondene kawruh punika kala jaman semanten ingkang temtu agagandhengan kaliyan bab agami. Inggih 22 awit saking makaten punika, milanipun tiyang Jawi lajeng kathah ingkang mlebet agami Indhu. Sapisan katut ing kawruhipun, kaping kalih saking tumangkaripun pranakan Hindu, saking saya lami saya meh boten wonten bedanipun kaliyan tiyang Jawi tulen Poerbatjaraka, 1964. Langkung prayogi menawi tiyang Jawi purun maos seratan kina, kadosta serat Pustaka Raja Ranggawarsita, 1993. Kados mekaten kalawau menggah tuk sumberipun kapustaka Jawi ingkang tumangkar ngantos dinten sakmangkin. 23

BAB III JEJERING SESORAH