Ndherek Wejanganipun Nabi Ibrahim

33 rowan-rowan mawi nyedhahi sanak kadang ahli waris sarta tangga tepalih. Nanging, sajatosipun, bab bedhahing kendhangan tipis wau, sanadyan boten sarana kabelek, kabekta saking dayaning kodrat, lare saya diwasa, kendhangan saya tipis, tur kadhang dereng ngantos wancining tarap, kendhangan sampun bedhah piyambak, ingkang ngawaki malah sok boten kraos. Wondene purwanipun ing nuswa Jawi wonten tata cara sunatan makaten wau, sajatosipun namung tuwuh saking kawicaksananipun para Wali dadosa srana anggenipun badhe ngislamaken tetiyang kathah. Kados mekaten kala wau menggah rembaganipun bab tetakan ingkang kasambetaken kaliyan panindaking syariat agami Islam. Pungkasaning atur mugi sami rahayu ingkang pinanggih. Matur nuwun. Wassalamu’alaikum wr. wb.

F. Ndherek Wejanganipun Nabi Ibrahim

Assalamu’alaikum wr. wb. Kawula nuwun. Sanggyaning para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan. Ing kalodhangan punika badhe karembag babagan tetakan ingkang ndherek wejanganipun Kanjeng Nabi Ibrahim as. Tata cara tetakan utawi sunatan tumrap lare estri kasebut ing serat Guna Cara Agama, manawi katandukaken dhateng, lare jaler, limrahipun dipun wastani: tetakan utawi supitan tetak supit. Malah ugi wonten ingkang mastani : Islam. Nanging tembung tetiga wau, saestunipun inggih sami dene kelanturipun ingkang jalaran namung mirid saking patraping panindak. Dene patraping 34 panindak, inggih punika: lare-lare jaler dipun pagas ikutipun ingkang ambungkus sirahing pastapurusa, ngantos sirah wau ketingal moncek boten kabungkus malih. Liripun kelantur, jalaran : Dipun wastani tetak, sebab: kapagas kakethok peranganing badan ingkang awujud pucuk. Dipun wastani supit, sebab: pamagasing ikut, ing ngriku, mawi migunakaken pirantos ingkang wujud supit. Winastan Islam dipun Islami, sabab nalika badhe kapagas ikutipun, lare punika mawi dipun tuntun ingucapaken kalimah sahadat rukuning agami Islam. Saking katerangan punika, mila tembung-tembung ingkang kangge mastani tumindaking tata cara wau, tetela kirang trep. Dene wastanipun ingkang sekawit inggih punika: kitan. Wondene paedahipun tata cara kitan punika, perlu kangge anjagi karesikan saha kasarasan. Sawanci lare sampun akil balig, lan badhe sholat, pastapurusa punika supados gampil dipun resiki. Punapa dene, samangsa lare sampun diwasa manawi nandukaken hardaning birai, ugi gampil dipun resiki, boten gampil dipun susuhi wiji sesakit. Sakawit, ingkang ngutamakaken tata cara sunat lan tetak punika namung agami Islam. Sarta, sunat ing ngriku, inggih tetep namung sunah sanes wajib. Mila salugunipun, upami boten nglampahi sunat utawi tetak, ugeripun resikan, inggih boten dosa menggahing agami. Nanging manawi purun nglampahi, menggahing agami lajeng pikantuk ganjaran. Mila tembung sunat wau, kula wastani radi memper kalayan suraosipun tembung kautaman. Miturut kadis, Nabi Ibrahim ngalaihis salam, andhawuhaken; lare jaler ingkang ikutipun sampun cendhak boten ambungkus sirahing pastapurusa, 35 kawenangaken boten sisah nglampahi kitan. Suraosipun kadis punika, sampun cetha cocog kalayan katerangan wau, bilih wigatosing tetak punika, perlu kangge anjagi kasarasan. Mila dumugi samangke, para dokter ugi ngleresaken wontenipun tata cara wau. Sarehne kitan lan sunat punika kajawi nglampahi sunat rukuning agami Islam ugi perlu anjagi kasarasan, mila juru netaki anggenipun nindakaken wajib, prayoginipun inggih tansah ngengeti perlu-perlu wau. Liripun: saben-saben, inggih kedah suka tuntunan kalimah sahadat dhateng lare ingkang dipun tetaki. Punapa dene, pamagasing ikut kedah kaangkah sirahanipun sampun ngantos saged wangsul nlakup sirahing pastapurusa. Dados sasampunipun tetak, sapunika lajeng lestantun moncer. Kamajengan samangke, para sadherek juru rawat ingkang sampun gadhah partisara babagan kasarasan, ugi sami nindakaken netaki. Panindaking damel netaki para sadherek punika, tumraping kasarasan tamtu sampun nama nyekapi. Saya utami malih, manawi dipun jangkepi kalayan suka wejangan kalimah sahadat. Dados lajeng tetep: dhukun tetak ingkang mumpuni. Emanipun, ingkang kathah-kathah meksa dereng dumugi samanten. Tumrap tetakan ingkang katindakaken para sadherek Bong limrah, sanadyan wontenipun tata-cara punika sampun atusan taun, ewa dene asring kemawon kita mrangguli tetakan ingkang dereng cocog kalayan perlu-perlu wau. Kadosta: Saking kirang panjang anggenipun magas ikut, sasampunipun tetak, pun ikut taksih lestantun ambungkus sirahing pastapurusa. Saking tuni dungkaping pamagas, tur kadhang ngengingi pipa margi rah ingkang radi ageng anjalari 36 kathahipun wedaling rah, ngantos larenipun sok klemper. Ugi wonten ingkang ikut wau boten kapagas nanging samung kabelek murih enggala saras. Kados mekaten kalawau pratelan ingkang kapacak ing serat Guna Cara Agama. Kawula cekapaken semanten langkung rumiyin seserepan bab tetakan. Mugi ndadosaken kawuningan. Matur nuwun. Wassalamu’alaikum wr. wb.

G. Piranti Kangge Tetakan