Wedharing Seserepan JEJERING SESORAH

23

BAB III JEJERING SESORAH

ING BEBRAYAN JAWI

J. Wedharing Seserepan

Tembung sesorah punika mengku suraos wejangan, wedharan, wulangan, pitutur, pituduh, ular-ular, seserepan, kawruh, kawignyan saha kawasisan ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan olah kridhaning mbabar ngelmu. Estunipun babagan sesorah saged dipun pratelaaken kanthi jembar, amargi garapanipun ugi wiyar. Panlesihipun prayogi sanget menawi kawiwitan saking sejarah budaya, laksitaning basa sastra, tumangkaring kagunan seni, kalajengaken owahing swasana kawontenan ingkang nembe lumampah. Sejarah budaya Jawi sampun maewu-ewu tahun umuripun. Wangsa Ratu Sanjaya saking Mataram Hindhu sayektos nuwuhaken budaya adi luhung ingkang kawentar ing saindhenging jagad raya. Tata praja katindakaken kanthi titi premati dalasan kawarisaken dhumateng putra wayahipun. Trah tumerahipun para kusuma ing Kraton Mataram Hindhu, tilaranipun ngantos dinten sakmangke gampil tiningalan Padmawarsita, 1953. Upaminipun candhi Borobudhur, candhi Mendut, candhi Pawon, candhi Prambanan, candhi Baka lan candhi Kalasan. Sedaya dados cihna bilih para leluhur minulya kagungan gelar karya cipta ingkang angedab-ngedabi. Bangsa manca nagari ndalidir sami ngrawuhi saperlu mirsani yasan edi peni kala wau. Sedaya sami gumun ngungun sarta suka pengalembana. 24 Saking tlatah Jawa Tengah, budaya Jawi lajeng ngener ing tlatah Jawi Wetan. Kebudayaan Jawi ugi sangsaya ngrembaka. Kathah pustaka-pustaka agung anggitanipun para pujangga. Kasebat Empu Kanwa ingkang ngripta Serat Arjuna Wiwaha rikala jamanipun Raja Airlangga. Malah Sinuwun Prabu Darmawangsa Teguh mandhegani sumebaring kitab-kitab parwa ingkang mendhet saking Layang Mahabarata. Ugi Empu Sedah lan Empu Panuluh misuwur nyipta Serat Baratayuda. Empu Darmaja damel Serat Gathutkacasraya. Dene Empu Prapanca yasa Serat Negarakertagama. Empu Tantular nganggit Serat Sutasoma. Para pujangga punika kawentar dados cundhakaning sarjana winasis, ingkang ugi kasusra minangka saka guruning Kraton Medhang, Kahuripan, Kedhiri lan Majapahit. Duk nalikaning Kraton Demak Bintara dados punjering papan tumangkaring Agami Islam ing Tanah Jawi, budaya kina ingkang sampun wonten lajeng kasalarasaken kaliyan nuting jaman kelakone. Para wali ugi damel reriptan ingkang kajumbuhaken kaliyan budaya Jawi kanthi bumbon ingkang boten nrajang wewalering agami Jayasubrata, 1917. Ringgit wacucal dados srana piwucaling Agama Islam. Gamelan lan karawitan keseselan gendhing-gendhing dalah lelagon ingkang ngemu suraos keislaman. Kanjeng Sunan Kalijaga, minangka tetungguling wali sanga marisaken lelagon Ilir-ilir, ingkang kondhang kaonang-onang ngantos ari kalenggahan punika. Kraton-kraton Islam salajengipun ugi sengkut gumregut ing babagan tata kridhaning budaya. Para nata ing Kraton Pajang, Mataram, Surakarta, Yogyakarta, Mangkunegaran lan Pakualaman samya gumreget, grumegut lan gumregah 25 anggenipun nguri-uri kabudayan Jawi Bratakesawa, 1952. Sedaya para narendra gung binathara nglegaaken urun udhu bahu suku saha panemu. Keplalah kathah sang Katong ugi adhapuk pujangga. Reriptanipun dados tuk sumbering piwulang luhur menggahing kawula dasih warata sanagari.

K. Pamarsudining Basa Sastra