Ngesti Mekaring Kabudayan GLADHEN PRANATA ADICARA

8 pahargyan penganten kadamel genah lan genep. Para juru pamedhar sabda, pranata adicara lan juru sesorah manteb sanget sampun nyinau buku menika supados langkung jembar wawasanipun. Perlu kawuningan malih kagem sedherek pranata cara ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan upacara sripah. Kedah atos-atos lan momong raos. Mliginipun tumrap para kadang mitra ingkang kecalan warga. Trap-trapanipun atur sageda mimbuhi kapitayan. Syukur bage ngentheng-ngenthengi ingkang nembe nawung dhuhkita. Dipun wanti-wanti uculing wicara mboten pareng ngebot-boti. Menapa malih nambah ngrepoti. Pramila sinau tata basa ingkang nuju prana dadosa kawigatosan. Panindaking upacara ingkang magepokan kaliyan pengetan langkung gampil. Kadosta pengetan dinten kamardikan, tanggap warsa, paguyuban, rembag dhusun lan sapinunggalanipun waton dipun jumbuhaken kaliyan wosing gati, menika saged kawastanan sae. Angger kulina kemawon sadhengah tiyang tartamtu saged anglampahi sampun tidha-tidha ing galih supados gancar lancar cak-cakanipun minangka dados pangarsaning adicara.

D. Ngesti Mekaring Kabudayan

Salajengipun mekaring kabudayan Jawi kapratelakaken dening Empu Jawi Kina, Raden Ngabehi Poerbatjaraka kados mekaten. Bangsa Indhu ingkang dhateng wonten ing tanah Jawi, punika ingkang rumiyin bangsa ingkang agami Siwah. Ceplosipun bangsa ingkang nganggep Tri Murti minangka Gusti Allahipun; inggih punika ingkang dipun anggep dados tunggal, sang hyang Siwah, 9 ingkang sapunikanipun dipun wastani Bathara Guru. Bangsa Indhu ingkang dhateng kantun, punika bangsa ingkang agami Buddha Mahayana. Bangsa kalih golongan wau anggenipun murih jembar saha lebet pamulangipun babagan agami dhateng tiyang Jawi, utawi dhateng pranakanipun, sami ambekta serat bab agaminipun piyambak-piyambak. Mangka serat-serat wau kinten-kinten mawi basa Sansekerta. Amila tiyang Jawi, sanadyan boten kathah, inggih wonten ingkang nyinau basa Sansekerta. Sareng tiyang ingkang sampun saged dhateng kawruh Indhu rumaos kapeksa utawi sedya mulang Sansekerta, inggih lajeng ngangge basa Jawi, nanging sampun kelajeng kecampuran tembung- tembung Sansekerta sawatawis kathah, kangge nerangaken bab utawi barang ingkang dereng wonten jawinipun. Saya malih sarehne kala jaman semanten punika sajakipun, sinten-sinten ingkang sumedya dados guru, utawi kepengin dipun-wastani tiyang pinter, kedah saged basa Sansekerta, dados lebetipun tembung-tembung Sansekerta dhateng basa Jawi saya kathah sanget. Ewa semanten sarehne dhapukanipun basa Jawi punika beda sanget kaliyan basa Sansekerta, dados sanadyan pari-basanipun kegrujug tembung- tembung Sansekerta, basa Jawi boten ewah jumengengipun taksih lestantun kegolong basa Indonesia. Dene basa Sansekerta punika dhapukanipun, yenbasa Eropa ing jaman samangke, ingkang memper basa Jerman, sarta pancen nunggil golongan kaliyan basa Eropa ingkang kathah-kathah; dipun wastani basa Indo Jerman Poerbatjaraka, 1964. Serat-serat ingkang dipun bekta dening tiyang Indhu agami Budha tamtunipun inggih ingkang babagan kabuddhan; kados ta serat ingkang dipun wujudaken gambar lalajuran ing candhi Borobudur. Nanging 10 serat-serat punika, kajawi satunggal kalih ingkang badhe kapratelakaken ing ngandhap, prasasat boten wonten kakantunanipun. Serat-serat bektanipun tiyang Indhu ingkang agami Siwah, punika tilasipun kenging dipun wastani kathah. Kadosta serat Mahabarata, Ramaya, lan sanes-sanesipun malih. Serat Mahabarata ingkang dipun cariyosaken damelanipun resi Wyasa, jawinipun Abiyasa, punika wosipun nyariyosaken lalampahanipun para Pandhawa saha para Korawa. Ing samangkenipun wonten ing tanah Jawi dados lampahan wayang purwa; nanging inggih kathah ewah saha wewahipun Poerbatjaraka, 1964. Serat Ramayana punika kacariyosaken damelanipun bagawan Walmiki; menggah ing panangguh, sepuh serat Ramayana katimbang serat Mahabarata. Nanging serat Ramayana punika wonten ing tanah Indhu kagolong kitabipun bangsa ingkang agami Wisnu. Benjangipun serat menika dipun jarwa kanthi nami Serat Rama Yasadipura I, 1912. Yen Mahabarata kagolong kitabipun tiyang agami Siwah. Mangsuli bab basa Jawi. Ingkang kita aturaken basa Jawi, punika basanipun tiyang Jawi kala jaman kina. Tiyang Jawi ing jaman samangke mastani: basa Kawi. Nanging para geleerden bangsa Walandi anggenipun mastani basa Jawi Kina. Nalika basa Jawi kina wiwit kaserat sapisan, punika sampun kecampuran tembung-tembung Sansekerta sawatawis kathah. Seratan sela ingkang pinanggih sepuh piyambak ngangge basa Jawi kecampuran tembung Sansekerta, punika mawi angka taun 731 Saka 809 taun Masehi; pinanggihipun wonten ing Dhiyeng; wiwit titimasa punika salajengipun dumugi jaman samangke basa Jawi kenging dipun wastani terus lajeng dipun serat mawi aksara Indhu. 11 Temtunipun seratanipun saya lami saya ewah, wiwit wangun Indhu tulen ngantos dumungi wangun ingkang kangge ing jaman samangke, dene ewahipun wau namung saking sakedik sanget. Papan ingkang tulen saking jaman kina, ingkang pinanggih wonten seratanipun Jawi, punika wujud tugu sela utawi balebekan tembagi. Wonten ugi ingkang awujud balebekan mas utawi salaka. Menggah ingkang tumrap sela utawi tembagi, punika ingkang kathah-kathah ngemot piyagem paringipun satunggaling ratu dhateng sawenehing dhusun, kaparingan wewenang ngadeg piyambak, tegesipun kaparingan autonomie, kadosta wenang boten ambayar pajeg dhateng nagari; wenang mendhet pajeg dhateng tiyang ingkang dudunung salebeting dhusun ngriku saha neda beya dhateng sawarnining pakaryan ing salebeting wewengkonipun, utawi beya lebet wedaling dadagangan. Bokmanawi dhusun ingkang makaten punika ing jaman samangke kenging dipun wastani dhusun Mardikan. Anggenipun dhusun dipun paringi wewenang kados makaten punika ingkang kathah awit dhusun wau dipun paringi kewajiban ngreksa saha ngopeni candhi pupundhenipun sang ratu, ngiras ngawontenaken pamulangan agami. Yen boten makaten inggih awit dhusun wau ageng sanget yasanipun dhateng sang prabu. Kados ta : sanalika sang prabu perang, tiyang ing dhusun punika anggenipun ambantu saged anjalari menang. Dados autonomie ingkang kaparingaken wau nama mlingi ganjaran. Wonten malih seratan sela utawi tembagi ingkang ngewrat karampunganing sambut apisambut utawi sade tinumbas siti, sasaminipun. 12 Hambok bilih prayogi menawi para juru pangudi basa nyinau buku bausastra Poerwadarminta, 1939.Dene ingkang balebekan mas, utawi salaka, punika isinipun ingkang kathah pupujian utawi rajah-rajah, ingkang kerep, pinanggihipun wonten salebeting cupu sela, wadhah awu-mayitipun para luhur. Cupu sela punika ingkang kathah pinanggih wonten sangandhaping candhi. Dados gathukipun kaliyan ingkang kasebut nginggil, dhusun ingkang kaparingana autonomie wau kawajiban ngreksa candhi, tegesipun ngreksa pasareyan luluhuripun sang prabu Poerbatjaraka, 1964. Cara ingkang kados kasebut ing nginggil punika sadaya tiyang Jawi kala jaman semanten namung lugu tiru-tiru caranipun tiyang Indhu. Awit campuring darah, rumasuking raos-rumaos sarta agami Indhu, tumrap bangsa Jawi ingkang perangan nginggil, kenging dipun wastani sampun keket. Amila bangsa Jawi kala jaman semanten ing samangke dipun wastani bangsa Jawi Indhu. Pratelan ing serat Kapustakan Jawi kala wau piguna sanget tumraping juru Pamedhar Sabda supados gamblang anggenipun mbabar ngelmu ingkang wonten gandhengipun kaliyan kabudayan Jawi. 13

BAB II KALENGGAHANIPUN

JURU PAMEDHAR SABDA

F. Katrangan Pamedhar Sabda

Langkung rumiyin ing kalodhangan punika badhe kapratelakaken bab kawruh Pamedhar Sabda. Nami jamak limrah bilih Pamedhar Sabda punika dados sesuluhing bebrayan. Amargi ing sadhengah papan, priyagung ingkang kapatah dados Pamedhar Sabda tansah mbabar maneka warni kawruh. Sedaya sesulang ingkang kawedhar lajeng tumanem ing telenging sanubari para pamirsa lan pamiyarsa. Jejeripun juru Pamedhar Sabda saged winastan guru, ingkang pantes dipun gugu lan dipun tiru. Pramila juru Pamedhar Sabda ugi katelah sesepuh miwah pinisepuh. Amargi menggahing tiyang kathah, Pamedhar Sabda punika sayektos tikel matikel sangunipun. Kawruh agaminipun mitayani, tata basanipun genep, tata sastranipun jangkep. Ulah kridhaning seni budaya sarwi mumpuni. Tata susilanipun damel nuju prana. Boten mokal menawi pasrawunganipun jembar. Ing pundi kemawon panggenanipun kuwawi nuwuhaken pribadi ingkang kawentar. Ewa semanten para mitra Pamedhar Sabda prayogi engengeti dhateng owah gingsiring jaman. Rehning jaman punika sangsaya dangu sangsaya maju, mila sarjana winasis ugi sumebar kanthi warata. Gapuraning ilmu kabikak wiyar, amargi pustaka-pustaka Jawi pating trucuk kados tuwuhipun jamur barat. Supados