Paédahipun Panalitèn

9 ngèlmi ingkang kaginakakên kanggé nliti kanthi prêmati naskah - naskah klasik saha wosipun. Wondéné Djamaris 2003: 3 ngandharakên bilih “filologi ialah suatu ilmu yang objek penelitiannya berupa naskah- naskah lama”. Ngéngingi bab pangrêtosan filologi miturut Djamaris ing nginggil, sagêd dipunpêndhêt dudutanipun bilih filologi inggih mênika salah satunggaling ngèlmi ingkang objek panalitènipun awujud naskah-naskah kina. Ingkang kawastanan naskah, inggih mênika sadaya anggitan ingkang taksih sinêrat mawi tangan sêratan carik ingkang taksih asli mênapa déné santunanipun ingkang kasêrat ing ron tal lontar, dlancang, saha dlancang saking Eropa dumugi jaman samênika wontên naskah ingkang taksih sinêrat tangan sêratan carik, nanging ugi wontên ingkang sampun sinêrat cithak. Pamanggih sanèsipun dipunandharakên déning Mulyani 2009:1, bilih filologi inggih satunggaling ngèlmi ingkang gêgayutan kaliyan wohing karya tulis ingkang magêpokan kaliyan bab ngèlmi basa, kasusastran, saha kabudayan. Adhêdhasar pangrêtosan ing nginggil sagêd kadudut pangrêtosanipun bilih filologi inggih mênika ngèlmi ingkang dipunginakakên kanggé nyinaoni bab naskah - naskah kina ingkang ancasipun nggandharakên isining teks ingkang kawrat ing salêbêting naskah . Pangrêtosan filologi dipunginakakên ing panalitèn mênika amargi panalitèn mênika nliti naskah kanthi irah-irahan SNP ingkang sinêrat mawi aksara Jawa cithak. Panalitèn mênika nggandharakên wosing teks SNP ingkang gêgayutan kaliyan ngèlmi basa, kasusastran, saha kabudayan. 10 B. Objek Panalitèn Filologi Sabên ngèlmi mênika wontên objek panalitènipun piyambak-piyambak . Objek panalitèn filologi awujud anggitan ingkang sinêrat asta utawi carik manuskrip utawi naskah carik ingkang ngêwrat asiling pikiran kaliyan pangraosing masarakat minangka asiling budaya jaman rumiyin ingkang awujud naskah kaliyan teks Baroroh-Baried, 1985: 3. Teks mênika kaperang dados tiga, inggih mênika 1 teks lisan teks ingkang botên sinêrat, 2 teks naskah sêratan carik, saha teks cithak mulyani, 2009: 2-3. Wondéné SNP kalêbêt teks ingkang kasêrat mawi aksara Jawa cithak. Wontên ngèlmi filologi naskah kaliyan teks mênika béda. Wondéné andharaning naskah kaliyan teks kasêrat wontên ing ngandhap mênika. 1. Naskah Naskah miturut Robson 1994: 26, inggih mênika sadaya bahan sêratan carik . Naskah inggih mênika anggitan utawi sêratan ingkang taksih kasêrat mawi tangan carik, inggih ingkang taksih asli mênapa déné santunanipun Poerwadarminta lumantar Darusuprapta, 1984: 1. Naskah mênika kalêbêt benda konkret, inggih mênika wontên wujudipun utawi sagêd dipuntingali saha dipuncêpêng. Miturut Sulastin-Sutrisno 1981: 19, naskah inggih mênika têtilaraning lêluhur awujud asiling budaya ingkang ngêwrat bab-bab ingkang gayut kaliyan pagêsanganing bangsa ing jaman rumiyin ingkang kasêrat. Adhêdhasar pangrêtosan ing nginggil sagêd kadudut pangrêtosanipun, bilih naskah inggih mênika sadaya anggitan ingkang arupi sêratan asta carik ingkang taksih asli mênapa déné salinanipun. Wondéné naskah cithak inggih mênika sadaya