Berserah diri Asiling Panalitèn saha Pangrêmbagan

107 tentrem. Bab mênika ugi jumbuh kaliyan Undang-undang perkawinan nomêr 1 taun 1974 pasal 32, inggih mênika “suami -istri harus mempunyai tempat kediaman yang tetap”. Satêmah ngomahi wontên teks SNP dipuntingali saking Qur’an Surat At- Thalaq ayat 6 saha Undang-undang Perkawinan inggih mênika ngomahi mênika jêjibahanipun tiyang jalêr nanging miturut kemampuan -nipun, anggènipun mapanakên èstrinipun wontên papan ingkang saé wujidipun griya. Papan mênika padunungan ingkang dipundunungi kaliyan kulawarganipun kanggé sarana pagêsangan saha kanggé nggulawêntah putranipun. Pramila wontên unèn-unèn “ Rumahku surgaku ” têgêsipun griya mênika papan panggènan ingkang aman, nyaman saha éndah.

c. Ngayani

Ngayani inggih mênika nyukani kaya kados ta sandhang, têdha lan sapanunggalanipun. Ngayani têgêsipun maringi nafkah inggih mênika nyêkapi kabêtahan èstrinipun saha kulawarganipun. Pêthikanipun kados ing ngandhap mênika. Ngayani, liripun: nyukani kaya inggih punika nyukani sarana minangka sandhang têdhanipun pawèstri, utaminipun ingkang nyêkapi, supados saya ngagêngakên antêping jêjodhoan. 19; A3 Terjemahan -ipun, Menafkahi, artinya: memberikan nafkah yaitu memberikan pakaian, makanan dan sebaiknya mencukupi, supaya semakin memberikan kemantapan dalam berumah tangga. Ngayani mênika jêjibahanipun tiyang jalêr dhatêng èstrinipun, inggih mênika budi daya pados nafkah kanggé nyêkapi kabêtahan kulawarganipun. 108 Kajumbuhakên kaliyan Undang-undang Perkawinan nomêr 1 taun 1974 pasal 34. Pêthikanipun kados ing ngandhap mênika. “ Suami wajib melindungi isterinya dan memberikan segala sesuatu keperluan hidup berumah tangga sesuai dengan kemampuannya” Ngayani kalêbêt kabêtahan pokok tiyang gêsang inggih mênika pangan saha sandhang. Pangan mênika dados sarananing ngaurip arupi sêga, lêlawuhan lan sapanunggalanipun. Pangan mênika dipunpadosi kanthi cara budi daya makarya mila wontên Jawi unèn-unènipun kados ta pados pangupa jiwa saha ora obah ora mamah. Unèn-unèn mênika nêdahakên tiyang mênika kêdah budi daya makarya pados pangan. Sandhang mênika sarana kanggé nutupi badan arupi rasukan lan sapanunggalanipun. Para winasis ngê ndika “Ajining raga saka busana”, busana mênika kalêbêt sandhangan kanggé kaéndahan badan saha simbol tiyang ingkang luhur. Kajumbuhakên kaliyan ajaran agama Islam, Gusti Allah berfirman ing Al Qur’an Surat Al Baqarah ayat 233 . Terjemahan- ipun kados ing ngandhap mênika. “dan kewajipan ayah memberi makan dan pakaian kepada para ibu dengan cara yang makruf. Seseorang tidak dibebani melainkan menurut kadar kesanggup annya” Departemen Agama RI, 1998: 29 Satêmah ngayani mênika tiyang èstri dipunparingi nafkah kaliyan garwanipun inggih mênika arupi sandhang, pangan saha arta. Kanthi sarana mênika kulawarganipun sagêd lêstantun saha makmur. Tiyang jalêr ingkang pados kayanipun lajêng ingkang èstri ingkang ngêcakakên kaya mênika. Anggènipun ngêcakakên kaya kanggé sandhang sasagêdipun ingkang prasaja saha ingkang pantês.