Sêtya Rumêksa

119

BAB V PANUTUP

A. Dudutan

Adhêdhasar pangrêmbaging naskah saha teks SNP ing bab IV, sagêd dipunpêndhêt dudutanipun. Wondéné dudutanipun ingkang kaandharakên kados ing ngandhap mênika. 1. Inventarisasi naskah SNP Inventarisasi naskah SNP ing panalitèn mênika dipungarap kanthi studi katalog saha nyumurupi piyambak kawontênaning naskah. Saking asiling inventarisasi naskah SNP kapanggihakên tigang eksemplar naskah SNP. Adhêdhasar studi katalog wontên ing Perpustakaan Museum Taman Siswa Dewantara Kirti Griya naskah SNP kapanggihakên won tên kalih eksemplar naskah NSP . Naskah SNP sapisan kasimpên kanthi, 1 nomêr kode Bb.1.092 saha 2 nomêr kode Bb.1.139 Tim Penyusun, 2009. Naskah SNP ugi sagêd kapanggihakên wontên ing katalog Descriptive Catalogue of The Javanese Manuscripts and Printed Books In The Main Libraries of Surakarta and Yogyakarta kanthi nomêr 14338 Girardet, 1983: 124. Wontên ing panalitèn mênika, naskah ingkang kaginakakên minangka objek panalitèn inggih mênika naskah SNP kanthi nomêr kode Bb.1.092. Dhasaring pamilihaning naskah SNP kanthi nomêr kode Bb.1.092, inggih mênika amargi papan panyimpêning naskah ingkang cêlak kaliyan panaliti, sêratanipun cêtha saha sagêd dipunwaos, saha kawontênanipun naskah saé saha wèntah. 120 2. Deskripsi naskah SNP Naskah SNP salah satunggaling naskah koleksi Museum Taman Siswa Dewantara Kirti Griya kanthi kode Bb.1.092 Tim Penyusun, 2009. Teks SNP sinêrat kanthi dhapukan gancaran. Teks SNP kasêrat mawi aksara Jawa cithak, wujuding aksara mbata sarimbag. Adhêdhasar katrangan ing salêbêting teks saha katrangan ing katalog, kapanggihakên katrangan bilih ingkang nyêrat naskah SNP inggih mênika R. Poedjahardja saking Surakarta, kacithak wontên ing Kediri taun 1931. 3. Transliterasi Teks saha Suntingan Teks SNP Metode transliterasi teks ingkang dipunginakakên ing panalitèn mênika metode transliterasi standar . Metode transilterasi standar inggih mênika cara anggênipun ndamêl alih tulis sêrataning teks ingkang kasêrat kanthi adhêdhasar éjaan ingkang sampun dipunsampurnakakên utawi Ejaan yang Disempurnakan EYD ingkang taksih lumampah. Metode suntingan teks ingkang dipunginakakên wontên panalitèn mênika inggih mênika suntingan teks edisi standar. Ancasipun ngginakakên metode teks edisi standar inggih mênika supados nggampilakên panalitèn anggènipun ndamêl terjemahan teks SNP. Suntingan teks edisi standar dipuntindakakên kanthi cara standarisasi éjaan adhêdhasar Baoesastra Djawa kaanggit déning Poerwadarminta 1939. Suntingan teks katindakakên kanthi nambahi aksara, ngirangi aksara, mênapa déné nggantos aksara. Suntingan teks edisi standar katindakakên kanthi kontekstual . Asiling suntingan teks dipunandharakên awujud tabel , ingkang