Mituhu Katrêsnan Èstri dhatêng Jalêr

117 Biyantu wontên mriki têgêsipun makarya pados arta, pados arta mênika jêjibahanipun tiyang jalêr. Tiyang èstri anggènipun biyantu guru lakinipun namung samadya kêmawon saha angsal pasarujukan kaliyan garwanipun. Jaman samênika kathah para èstri ingkang makarya pados arta nanging ampun kêsupèn bilih tiyang èstri mênika botên wajib pados kaya saha tansah ngurmati ingkang kakung.

h. Ngaji-aji

Ngaji-aji tiyang èstri mênika kêdah mundhi-mundhi sarta ngluhurakên ing kakung, punapa déné botên mêngku inggih punika botên ngrumiyini karsaning laki. Ngaji-aji mênika prinsip ngunggulakên kulawarganipun kanthi cara ngluhurakên garwanipun. Pêthikanipun kados ing ngandhap mênika. Ngaji-aji, liripun: mundhi-mundhi sarta ngluhurakên ing kakung, punapa déné botên mêngku inggih punika botên ngrumiyini karsaning laki. 21; A13 Terjemahan -ipun, Menghargai , artinya : sangat menghormati dan menjunjung tinggi suami dan tidak mendahuluhi kehendaknya. Saking pêthikan ing nginggil bilih tiyang èstri mênika ngurmati èstu kaliyan garwanipun, mênapa paréntahipun dipunlampahi saha mundhi-mundhi tiyang jalêripun. Tuladhanipun tiyang èstri tansah midhangêtakên ngêndikanipun garwanipun saha njagi hak garwanipun sanadyan garwanipun botên wibawa, kirang kawruhipun saha botên nandhingakên tiyang jalêripun kaliyan priya sanèsipun. Tiyang èstri makatên mênika ingkang ngaji-aji kaliyan garwnipun têgêsipun ngunggulakên garwanipun saha ngluhurakên garwanipun. Tiyang èstri mênika kawastanan èstri ingkang solihah . 118

i. Sumarah

Sumarah tiyang èstri mênika kêdah manut miturut pangrèhing prayogi, inggih mênika botên marêngkang pranataning kakung, dados nama gadhah iman utawi kapitadosan. Sumarah mênika tiyang èstri manut kaliyan garwanipun kanthi gêgêbêngan kapitadosan bilih tiyang jalêripun mênika saé, nêdahakên èstrinipun mênika kagungan kapitadosan. Pêthikanipun kados ing ngandhap mênika. Sumarah, liripun: manut miturut pangrèhing prayogi, inggih botên marêngkang pranataning kakung, dados nama gadhah iman têgêsipun kapracayan. 21; A14 Terjemahan -ipun, Berserah diri , artinya : selalu menuruti perintah baik, tidak boleh tidak menurut aturan suami, jadi berarti mempunyai keyakinan. Kemudian sebagai istri, harus rukun, artinya satu tekad atau tujuan saling memahami. Saking pêthikan teks SNP ing nginggil bilih tiyang èstri mênika nglampahi sadaya paréntahipun garwanipun kanthi prayogi. Tiyang èstri mênika botên parêng bantah mênapa ingkang dipundawuhakên tiyang jalêripun. Tiyang èstri ugi kêdah guyub rukun kaliyan garwanipun saha kaliyan kulawarga sanèsipun. Supados samangké dados kulawarga ingkang rukun.