Ngomahi Katrêsnan Jalêr dhatêng Èstri

110 Gusti Allah berfirman ing Al Qur’an Surat Al-Isra ayat 23 . Terjemahan- ipun kados ing ngandhap mênika. “Para lelaki adalah pemimpin bagi para wanita” Departemen Agama RI, 1998: 227.

e. Ngéman

Ngéman têgêsipun tiyang jalêr kêdah rumêksa dhatêng èstrinipun. Rumêksa inggih mênika njagi kawiranganipun, kasisahanipin, kalêpatanipun, kapitunanipun, saha kasangsaranipun. Pêthikanipun kados ing ngandhap mênika. Ngéman, liripun: rumêksa. 19; A5 Terjemahan -ipun, Menyayangi , artinya: menjaga. Ngéman miturut teks SNP nginggil mênika njagi èstrinipun saking kawiranganipun, kasisahanipin, kalêpatanipun, kapitunanipun saha kasangsaranipun. Tiyang mênika têbih saking sampurna sêmantên ugi kaliyan èstrinipun katah kakiranganipun saha tiyang mênika botên salaminipun lêrês, pramila tiyang jalêr kêdah mangêrtosi bab mênika. Bab mênika sampun dipunmangrêtosi samangké anggènipun memperlakukan èstrinipun kanthi cara- cara ingkang saé. Kajumbuhakên kaliyan Undang-undang nomêr 1 taun 1974 pasal 34. Pêthikanipun kados ing ngandhap mênika. “suami wajib melindungi isterinya dan memberikan segala sesuatu keperluan hidup berumah tangga sesuai dengan kemampuannya”. Tiyang èstri mênika dados tanggêl jawab tiyang jalêr dadosipun tiyang jalêr mênika dados pangayomipun ingkang tansah ngayomi kulawarganipun. satêmah samangké dados kulawarga ingkang têbih saking piala saha saking tumindak kirang prayogi. Njagi mênika botên namung lairipun nanging ugi ngantos 111 batosipun. Bab mênika jumbuh kaliyan ajaran agama Islam, Gusti Allah berfirman ing Al Qur’an Surat An Nisa ayat 31 . Terjemahan- ipun kados ing ngandhap mênika. “ Laki-laki suami itu pelindung bagi perempuan istri, karena Allah telah melebihkan sebagian mereka laki-laki atas sebagian yang lain perempuan, dan karena mereka laki-laki telah memberikan nafkah dari hartanya” Departemen Agama RI, 1998: 66.

2. Katrêsnan Èstri dhatêng Jalêr

Jinising katrêsnan èstri dhatêng tiyang jalêripun wontên teks SNP inggih mênika bêkti, sumungkêm, mituhu, ngladosi, sêtya, rumêksa, biyantu, ngaji-aji, saha sumarah. Wondéné andharanipun kapratélakakên ngandhap mênika.

a. Bêkti

Bêkti mênika tiyang èstri kêdah nêmbah utawi tansah ndamêl kasaénan tiyang jalêr saha kaanggêp guru awit laki punika lêlintuning rama-ibu. Bêkti mênika manut utawi taat marang tiyang jalêripun, anggènipun taat kaliyan tiyang jalêripun tansah ndamêl kasaénan. Pêthikanipun wontên teks SNP kados ing ngandhap mênika. Bêkti, liripun: nêmbah utawi tansah ndamêl kasaénan tiyang jalêr kapundhi-pundhi kapindha dhustri utawi kaangêp guru awit laki punika lêlintuning rama ibu. 20; A6 Terjemahan -ipun, Berbakti , artinya: hormat ialah selalu berbuat kebaikan, suami sangat dihormati diumpamakan atau dianggap pengganti ayah ibu. Tiyang èstri kaliyan tiyang jalêripun anggènipun bêkti manut teks SNP nginggil inggih mênika nêmbah utawi ndamêl kasaénan marang tiyang jalêripun. Tiyang jalêripun èstu dipunurmati amargi tiyang jalêripun mênika lêlintuning rama-ibu.