Patuh , artinya : Asiling Panalitèn saha Pangrêmbagan

106 sarêng, amargi trêsna mênika dadosakên kulawarga harmonis , rukun saha langgêng. Raos trêsna mênawi botên dipunjagi saèstu samangké sagêd njalari perceraian . Perceraian mênika dados awisan ingkang kêdah dipunkiwakakên amargi sagêd dados kuciwa kulawarga sanèsipun saha masarakat. Perceraian wontên masarakat sagêd njalari sanksi sosial.

b. Ngomahi

Ngomahi têgêsipun tiyang jalêr kêdah mrênahakên papan panggènan ingkang pantes. Pêthikanipun teks SNP kados ing ngandhap mênika. Ngomahi, liripun: mrênahakên panggènan sapirantosipun ingkang kalayan pantês, supados sampun ngantos katingal saru, sagêda malah katingal samuwa kamanungsanipun. 19; A2 Terjemahan -ipun, Bertempat tinggal, artinya: memberikan tempat tinggal dan perabotannya, jangan sampai kelihatan kurang bagus, sedapat mungkin tampak lebih menarik. Ngomahi mênika jêjibahanipun tiyang jalêr dhatêng garwanipun, inggih mênika nyukani papan panggènan ingkang saé. Dhawuhipun Allah SWT kawrat ing Qur’an Surat At-Thalaq ayat 6 Terjemahan Indonesia- nipun ngandhap mênika. “Tempatkanlah mereka para isteri dimana kamu bertempat tinggal menurut kemampuanmu” Departemen Agama RI, 1998: 446 Terjemahan Qur’an Surat At-Thalaq ayat 6 ing nginggil gathuk kaliyan teks SNP bilih tiyang jalêr supados mapanakên garwanipun wontên papan ingkang saé miturut kemampuan -nipun ingkang jalêr. Papan mênika kalêbêt kabêtahan pokok, inggih mênika panggonan kanggé mapan ingkang wujudipun griya. Anggènipun pados papan kanggé ndamêl griya mênika prayoginipun ingkang strategis , Ancasipun supados anggènipun nglampahi pagêsangan sagêd ayem 107 tentrem. Bab mênika ugi jumbuh kaliyan Undang-undang perkawinan nomêr 1 taun 1974 pasal 32, inggih mênika “suami -istri harus mempunyai tempat kediaman yang tetap”. Satêmah ngomahi wontên teks SNP dipuntingali saking Qur’an Surat At- Thalaq ayat 6 saha Undang-undang Perkawinan inggih mênika ngomahi mênika jêjibahanipun tiyang jalêr nanging miturut kemampuan -nipun, anggènipun mapanakên èstrinipun wontên papan ingkang saé wujidipun griya. Papan mênika padunungan ingkang dipundunungi kaliyan kulawarganipun kanggé sarana pagêsangan saha kanggé nggulawêntah putranipun. Pramila wontên unèn-unèn “ Rumahku surgaku ” têgêsipun griya mênika papan panggènan ingkang aman, nyaman saha éndah.

c. Ngayani

Ngayani inggih mênika nyukani kaya kados ta sandhang, têdha lan sapanunggalanipun. Ngayani têgêsipun maringi nafkah inggih mênika nyêkapi kabêtahan èstrinipun saha kulawarganipun. Pêthikanipun kados ing ngandhap mênika. Ngayani, liripun: nyukani kaya inggih punika nyukani sarana minangka sandhang têdhanipun pawèstri, utaminipun ingkang nyêkapi, supados saya ngagêngakên antêping jêjodhoan. 19; A3 Terjemahan -ipun, Menafkahi, artinya: memberikan nafkah yaitu memberikan pakaian, makanan dan sebaiknya mencukupi, supaya semakin memberikan kemantapan dalam berumah tangga. Ngayani mênika jêjibahanipun tiyang jalêr dhatêng èstrinipun, inggih mênika budi daya pados nafkah kanggé nyêkapi kabêtahan kulawarganipun.