Ngaji-aji Katrêsnan Èstri dhatêng Jalêr

121 salajêngipun dipundamêl aparat kritik -ipun. Sasampunipun ndamêl aparat kritik , lajêng dipunandharakên kanthi têtêmbungan ingkang cêtha. 4. Terjemahan Teks SNP Metode Terjemahan ingkang dipunginakakên ing panalitèn mênika ngginakakên metode terjemahan harfiah saha terjemahan isi utawi makna. Kalih metode mênika dipuntindhakak ên amargi teks ingkang dipunalihbasakakên botên sagêd namung ngginakakên salah satunggaling metode terjemahan . Dados, proses ndamêl alih basaning teks kajumbuhakên kaliyan metode -nipun. Terjemahan harfiah inggih ngéwahi basaning teks SNP ka- terjemah- akên dhatêng basa sasaran basa Indonesia. Manawi terjemahan teks SNP botên sagêd dipun- terjemah -akên kanthi harfiah , lajêng têmbung-têmbung wontên teks SNP dipungarap kanthi terjemahan isi utawi makna . Terjemahan harfiah saha terjemahan isi ing panalitèn mênika adhêdhasar têgês kanthi kontekstual.

5. Jinising Katrêsnan dhatêng Garwanipun wontên

SNP Jinising katrêsnan dhatêng Garwanipun ingkang kawrat ing teks SNP inggih menika katrêsnan jalêr dhatêng tiyang èstrinipun saha katrêsnan èstri dhatêng tiyang jalêripun. Jinising katrêsnan jalêr dhatêng èstrinipun wontên teks SNP inggih mênika trêsna, ngomahi, ngayani, ngajèni, saha ngéman. Katrêsnan èstri dhatêng tiyang jalêripun wontên teks SNP inggih mênika bêkti, sumungkêm, mituhu, ngladosi, sêtya, rumêksa, biyantu, ngaji-aji, saha sumarah. 122

B. Pamrayogi

Adhêdhasar panalitèn teks SNP wontên pamrayogi ingkang prêlu dipunandharakên. Pamrayogi kasêbut kaandharakên kados ing ing ngandhap mênika. 1. Panalitèn mênika winatês ing panalitèn filologi saha jinising katrêsnan . Ing samangké, kaangkah para panaliti sanèsipun sagêd nglajêngakên panalitèn kanthi sumber data naskah SNP adhadhasar ngèlmi sanèsipun, tuladhanipun bab basa, bab sastra , bab budaya mênapa déné bab sanèsipun. 2. Panalitèn naskah-naskah ajinis piwulang Jawi taksih prêlu dipuntindakakên kanggé nglestantunakên isining naskah saha piwulang ing salêbêting naskah ingkang taksih sagêd dipunjumbuhakên ing pagêsangan masarakat samênika. C. Implikasi Adhêdhasar asiling panalitèn saha pangrêmbaging naskah saha teks SNP wontên implikasi -nipun. Wondéné implikasi panalitèn mênika kaandharakên makatên.

1. Asiling

deskripsi naskah, transliterasi, suntingan, parafrase, saha terjemahan minangka pandom saking cak-cakanipun metode panalitèn filologi sagêd kanggé mbêdhah naskah Jawi mliginipun naskah SNP ingkang salajêngipun sagêd dipunpêndhêt isinipun. 2. Asiling panalitèn mênika tumrap pamaos umum, piwulang ingkang kawrat ing SNP taksih jumbuh kaliyan kawontênan ing jaman samênika, saéngga sagêd dipunginakakên wontên ing gêsang bêbrayan.