Ngladosi Katrêsnan Èstri dhatêng Jalêr

118

i. Sumarah

Sumarah tiyang èstri mênika kêdah manut miturut pangrèhing prayogi, inggih mênika botên marêngkang pranataning kakung, dados nama gadhah iman utawi kapitadosan. Sumarah mênika tiyang èstri manut kaliyan garwanipun kanthi gêgêbêngan kapitadosan bilih tiyang jalêripun mênika saé, nêdahakên èstrinipun mênika kagungan kapitadosan. Pêthikanipun kados ing ngandhap mênika. Sumarah, liripun: manut miturut pangrèhing prayogi, inggih botên marêngkang pranataning kakung, dados nama gadhah iman têgêsipun kapracayan. 21; A14 Terjemahan -ipun, Berserah diri , artinya : selalu menuruti perintah baik, tidak boleh tidak menurut aturan suami, jadi berarti mempunyai keyakinan. Kemudian sebagai istri, harus rukun, artinya satu tekad atau tujuan saling memahami. Saking pêthikan teks SNP ing nginggil bilih tiyang èstri mênika nglampahi sadaya paréntahipun garwanipun kanthi prayogi. Tiyang èstri mênika botên parêng bantah mênapa ingkang dipundawuhakên tiyang jalêripun. Tiyang èstri ugi kêdah guyub rukun kaliyan garwanipun saha kaliyan kulawarga sanèsipun. Supados samangké dados kulawarga ingkang rukun. 119

BAB V PANUTUP

A. Dudutan

Adhêdhasar pangrêmbaging naskah saha teks SNP ing bab IV, sagêd dipunpêndhêt dudutanipun. Wondéné dudutanipun ingkang kaandharakên kados ing ngandhap mênika. 1. Inventarisasi naskah SNP Inventarisasi naskah SNP ing panalitèn mênika dipungarap kanthi studi katalog saha nyumurupi piyambak kawontênaning naskah. Saking asiling inventarisasi naskah SNP kapanggihakên tigang eksemplar naskah SNP. Adhêdhasar studi katalog wontên ing Perpustakaan Museum Taman Siswa Dewantara Kirti Griya naskah SNP kapanggihakên won tên kalih eksemplar naskah NSP . Naskah SNP sapisan kasimpên kanthi, 1 nomêr kode Bb.1.092 saha 2 nomêr kode Bb.1.139 Tim Penyusun, 2009. Naskah SNP ugi sagêd kapanggihakên wontên ing katalog Descriptive Catalogue of The Javanese Manuscripts and Printed Books In The Main Libraries of Surakarta and Yogyakarta kanthi nomêr 14338 Girardet, 1983: 124. Wontên ing panalitèn mênika, naskah ingkang kaginakakên minangka objek panalitèn inggih mênika naskah SNP kanthi nomêr kode Bb.1.092. Dhasaring pamilihaning naskah SNP kanthi nomêr kode Bb.1.092, inggih mênika amargi papan panyimpêning naskah ingkang cêlak kaliyan panaliti, sêratanipun cêtha saha sagêd dipunwaos, saha kawontênanipun naskah saé saha wèntah.