Bêkti Katrêsnan Èstri dhatêng Jalêr

115 Masak mênika tiyang èstri kêdah prigêl ndamêl dhaharan, nyaosakên dhaharan saha tumbas jangan uatawi sayuran. Macak mênika dandan anggènipun dandan namung kanggé garwanipun. Dandan botên namung aspek lairipun nanging ugi aspek batinipun inggih mênika nganggé tumindak ingkang bêcik. Manak mênika ngladosi garwanipun arupi sarêsmi inggih mênika nurunakên wiji suci dados putra. Satêmah ngladosi mênika nglampahi sadaya paréntah garwanipun ingkang saé, ngladosi mênika macak, masak saha manask mênawi wontên kabudayan Jawi.

e. Sêtya

Sêtya mênika tiyang èstri kêdah têmên. Têgêsipun tiyang èstri kêdah wantah, lugu, saha prasaja utawi botên bêbèngèsan, lêlèmèran, saha botên dora cara. Têgêsipun sêtya mênika sêtya marang garwanipun saha tindak tandukipun saé. Pêthikanipun kados ing ngandhap mênika. Sêtya, liripun: têmên inggih punika wantah, lugu, tuwin pasaja utawi botên bêbèngèsan tuwin botên lêlèmèran punapa déné botên dora cara. 21; A10 Terjemahan -ipun, Setia , artinya : tidak dusta, yaitu apa adanya dan sederhana atau tidak selingkuh apalagi berbohong. Saking pêthikan teks SNP ing nginggil bilih tiyang èstri mênika kêdah solah bawanipun prasaja, mênapa wontênipun saha botên tumindak ala. Tiyang èstri mênika kêdah mênapa wontênipun, botên nutup-nutupi mênawi wontên prakawis-prakawis ingkang wigati.

f. Rumêksa

Rumêksa tiyang èstri kêdah anjagi karingkuhaning kakung, ngênêp wados saha botên calak lancang. Têgêsipun rumêksa mênika sagêd jagi wadi utawi 116 rahasia kulawarganipun. Wadi mênika bab prêmana saha sagêd anjalari fitnah, mila mênika tiyang èstri kêdah sagêd jagi mênika. Pêthikanipun kados ing ngandhap mênika. Rumêksa, liripun: anjagi karikuhaning kakung ngênêp wados, botên calak lancang sêsaminipun. 21; A11 Terjemahan -ipun, Menjaga , artinya : menjaga hal-hal yang dapat menimbulkan rasa malu suami, menyimpan rahasia, tidak berbuat sekehendak hati sendiri. Saking pêthikan teks SNP ing nginggil bilih tiyang èstri kêdah sagêd njagi wadi saking kulawarganipun. Wadi mênika sipatipun rahasia ingkang nyumêrêpi namung tiyang jalêr kaliyan èstrinipun saha gusti Allah. Wadi samangké sagêd nimbulakên fitnah saha sagêd nimbulakên kulawarganipun botên rukun. Pramila tiyang èstri mênika kêdah sagêd njagi wadi saking kulawarganipun.

g. Biyantu

Biyantu tiyang èstri kêdah rêréncangan saha conggahipun mênapa ingkang kados kapakên tuwin wrastaning kakung kêdah dipunlabêti. Biyantu têgêsipun ngêwangi tiyang jalêripun. Pêthikanipun kados ing ngandhap mênika. Biyantu, liripun: rêréncangan saha conggahipun punapa ingkang kados kapakên tuwin wrastaning kakung, kêdah dipunlabêti. 21; A12 Terjemahan -ipun, Membantu , artinya : menolong sesuai kemampuan atas perintah suami dan membela kesulitannya Saking pêthikan teks SNP ing nginggil bilih tiyang èstri sasagêdipun biyantu guru lakinipun. Têgêsipun tiyang èstri mênika anggènipun biyantu guru lakinipun kêdah wontên pasarujukan garwanipun, mênawi garwanipun botên sarujuk botên dipunlampahi.