Jinising Panalitèn CARA PANALITÈN

32 Lajêngipun tabel No. Katrangan Naskah SNP a. Wontên ing pundi kémawon, wontên ing kaca pintên? b. Adhêdhasar katrangan wontên teks utawi katalog ? 4. Sintên ingkang nyêrat, kapan dipunsêrat, ing pundi kasêrat 5. Kawontênaning naskah 6. Jinising bahan naskah 7. Cacahing pada sabên sakaca 8. Kandêling Naskah 9. Ukuraning Naskah umum panjang saha wiyar 10. Ukuraning naskah khusus ingkang dipuntaliti 11. Ukuraning margins naskah khusus ingkang dipuntaliti a. Nginggil b. Ngandhap c. Kiwa d. Têngên 12. Wosing Naskah satunggal mênapa kempalan saking mapintên-pintên teks 13. Jinising Naskah piwulang mênapa sanèsipun 14. Wujudipun teks gancaran mênapa sêkar 15. Samaking Naskah warni mênapa, wujudipun kadospundi, kawontênanipun kadospundi, kandamêl saking mênapa 16. Jinisipun aksara naskah kadospundi? 17. Nomêring sabên kacaning teks wontên ing pundi, warni mênapa, kalêbêt jinising aksara ingkang mênapa 18. Ukuraning aksara agêng, cêkapan, sêdêngan, alit 33 Lajêngipun tabel No. Katrangan Naskah SNP 19. Sikaping aksara jêjêg, miring manêngên, mênapa miring mangiwa 20. Tapaking sêratanipun kandêl mênapa tipis 21. Warninipun mangsi 22. Basaning teks ngginakakên basa Jawi énggal, Kawi, Jawi Kina 23. Cacahing kaca naskah ingkang dipuntaliti 24. Wujuding aksara ngêtumbar, mucuk êri, mbata sarimbag, kombinasi b. Kartu data ingkang dipunginakakên kanggé nyêrat deskripsi jinising katrêsnan wontên teks SNP Tabel 3: Kartu Data Deskripsi Jinising Katrêsnan dhatêng Garwa wontên Teks SNP No. Kaca Nomêr Data Asiling Transliterasi Asiling Terjemahan

E. Cara Ngêsahakên

Data Cara ngêsahakên data ingkang dipunginakakên wontên panalitèn mênika, inggih mênika validitas data saha reliabilitas data. Uji validitas data ingkang dipunginakakên inggih mênika validitas semantik . Panalitèn mênika ngginakakên validitas semantik, amargi sumber data -ipun awujud têtêmbungan, klompoking têmbung, saha ukara ingkang kasêrat wontên SNP kanthi dhapukan gancaran. Salajêngipun , uji reliabilitas ingkang dipunginakakên, inggih mênika reliabilitas intrarater saha reliabilitas interrater. Reliabilitas intrarater