Trêsna Katrêsnan Jalêr dhatêng Èstri

109

d. Ngajèni

Ngajèni inggih mênika ngurmati dhatêng èstrinipun botên ngrèmèhakên dhatêng pawèstri, botên ngina, botên sawiyah-wiyah, tuwin botên sawênang- wênang. Manungsa mênika botên sampurna, samantên ugi kaliyan tiyang èstri ugi botên sampurna. Tiyang jalêr kêdah sagêd mangrêtosi bab mênika satêmah tiyang jalêr sagêd ngajèni èstrinipun. Pêthikanipun kados ing ngandhap mênika. Ngajèni, liripun: ngurmati, inggih punika botên ngrèmèhakên dhatêng pawèstri, botên ngina, botên sawiyah-wiyah, tuwin botên sawênang- wênang. 19; A4 Terjemahan -ipun, Menghormati, artinya: yaitu tidak merendahkan pada istri, tidak menghina, tidak semena-mena dan tidak sok kuasa. Tiyang jalêr mênika kêdah sagêd ngajèni kaliyan èstrinipun, botên dipunparêngakên ngina tuwin sawiyah-wiyah. Tiyang èstri mênawi sampun krama mênika dados tanggèljawabipun ingkang jalêr. Tiyang jalêr kaliyan garwanipun kanthi cara ingkang saé. Tiyang jalêr kaliyan tiyang èstri kêdah urmat saha ngurmati. Kajumbuhakên kaliyan Undang-undang nomêr 1 taun 1974 pasal 33. Pêthikanipun kados ing ngandhap mênika. “S uami istri wajib saling cinta mencintai, hormat menghormati, setia dan memberi bantuan lahir- batin yang satu kepada yang lainnya”. Tiyang jalêr mênika pêmimpin kulawarganipun, dados panutan kulawarganipun anggènipun ngadêpi èstrinipun kanthi cara-cara ingkang prayogi. Tuladhanipun kados ta ngiwakakên padu nalika béda kêkarêpan, mênawi wontên prakawis-prakawis ingkang wigati dipunrêmbag sarêng-sarêng saha ngajèni mênapa pamanggihipun èstrinipun. Kajumbuhakên kaliyan ajaran agama Islam, 110 Gusti Allah berfirman ing Al Qur’an Surat Al-Isra ayat 23 . Terjemahan- ipun kados ing ngandhap mênika. “Para lelaki adalah pemimpin bagi para wanita” Departemen Agama RI, 1998: 227.

e. Ngéman

Ngéman têgêsipun tiyang jalêr kêdah rumêksa dhatêng èstrinipun. Rumêksa inggih mênika njagi kawiranganipun, kasisahanipin, kalêpatanipun, kapitunanipun, saha kasangsaranipun. Pêthikanipun kados ing ngandhap mênika. Ngéman, liripun: rumêksa. 19; A5 Terjemahan -ipun, Menyayangi , artinya: menjaga. Ngéman miturut teks SNP nginggil mênika njagi èstrinipun saking kawiranganipun, kasisahanipin, kalêpatanipun, kapitunanipun saha kasangsaranipun. Tiyang mênika têbih saking sampurna sêmantên ugi kaliyan èstrinipun katah kakiranganipun saha tiyang mênika botên salaminipun lêrês, pramila tiyang jalêr kêdah mangêrtosi bab mênika. Bab mênika sampun dipunmangrêtosi samangké anggènipun memperlakukan èstrinipun kanthi cara- cara ingkang saé. Kajumbuhakên kaliyan Undang-undang nomêr 1 taun 1974 pasal 34. Pêthikanipun kados ing ngandhap mênika. “suami wajib melindungi isterinya dan memberikan segala sesuatu keperluan hidup berumah tangga sesuai dengan kemampuannya”. Tiyang èstri mênika dados tanggêl jawab tiyang jalêr dadosipun tiyang jalêr mênika dados pangayomipun ingkang tansah ngayomi kulawarganipun. satêmah samangké dados kulawarga ingkang têbih saking piala saha saking tumindak kirang prayogi. Njagi mênika botên namung lairipun nanging ugi ngantos