Ngajèni Katrêsnan Jalêr dhatêng Èstri

113 kaliyan konsep “trêsna mênika wuta”, têgêsipun ingkang wuta sanês paninggalipun nanging panggalihipun inggih mênika botên wontên priya sanêsipun kajawi garwanipun. Tiyang èstri botên kêgilut kaliyan gumêbyaring kadonyan saha namung nurut hawa nafsunipun. Tuladhanipun garwanipun mênika botên bagus pasuryanipun, wontên priya sanês ingkang langkung bagus pasuryanipun. Panggiri godha makatên mênika ingkang kêdah dipunkiwakakên. Satêmah sumungkên mênika mantêp panggalihipun kaliyan tiyang jalêripun saha botên mangroh tingal kaliyan priya sanèsipun. Prakawis mênika mênawi dipunjumbuhakên kaliyan ajaran agama Islam, Gusti Allah berfirman ing Al Qur’an Surat An Nisa ayat 34 . Terjemahan- ipun kados ing ngandhap mênika. “Seba b itu maka wanita yang saleh, ialah yang taat kepada Allah lagi memelihara diri ketika suaminya tidak ada, oleh karena Allah telah memelihara mereka” Departemen Agama RI, 1998: 66.

c. Mituhu

Mituhu mênika tiyang èstri kêdah ngèstokakên ing paréntah, ngèngêt-èngêt ing piwêlang, saha mundhi-mundhi ing piwulang. Ugi tansah nanduakên ulat manis, têmbung aris, saha patrap rèh. Têgêsipun mituhu mênika patuh, taat saha sêtya kaliyan garwanipun. Pêthikanipun kados ing ngandhap mênika. Mituhu, liripun: tumêmên, inggih punika ngèstoaka[-21-]kên ing paréntah ngèngêt-èngêt ing piwêlang, tuwin mundhi-mundhi ing piwulang, punapa déné tansah nandukakên ulat manis, têmbung aris, patrap rèh, sêsaminipun. 20; A8 Terjemahan -ipun, Patuh , artinya : sungguh-sungguh, yaitu melakukan perintah, mengingat- ingat pesan, sikap, aturan dan sebagainya. 114 Saking pêthikan teks SNP ing nginggil mituhu marang garwanipun tiyang èstri mênawi dipundhawuhi dipuntindakakên kanthi saèstu. Sadaya paréntah, piwulang dipuneling-eling saha dipunlampahai. Mênawi paréntahipun mênika nindakakên ala, paréntah mênika sagêd botên dipunlampahi. Wujudipun mituhu patrapipun dhatêng tiyang jalêripun nyêngsêmakên, ulatipun manis saha têmbungipun saé, sarèh saha ruruh. Tuladhanipun tiyang jalêripun botên marêngakên ngrasuk busana sarwa gumêbyar, bab mênika kêdah dipunlampahi amargi mênika saé.

d. Ngladosi

Ngladosi mênika tiyang èstri kêdah nglampahi tumindak mênapa paréntahipun tiyang jalêr. Têgêsipun ngladosi mênika nglampahi sadaya paréntah garwanipun minangka paréntah ingkang saé saha botên kliwat watês. Anggènipun nglampahi paréntah mênika kanthi suka ing tyas. Pêthikanipun kados ing ngandhap mênika. Ngladosi, liripun: nglampahi pangrèh inggih punika tumindak punapa paréntah ing kakung kalayan pantês, têgêsipun pantêsipun lampahi tiyang èstri, botên manèk krambil. 21; A9 Terjemahan -ipun, Melayani , artinya : melaksanakan aturan yakni bertindak atas perintah suami dengan pantas, maksudnya pantas sebagai seorang perempuan, tidak memanjat pohon kelapa. Saking pêthikan teks SNP ing nginggil ngladosi mênika tiyang èstri nglampahi sadaya paréntah garwanipun, tiyang èstri mênika kêrsa dipunparéntah kaliyan garwanipun. Ngladosi mênika ngladosi lair saha batin, mênawi wontên kabudayan Jawi mênika masak, macak saha manak.