Biyantu Katrêsnan Èstri dhatêng Jalêr

120 2. Deskripsi naskah SNP Naskah SNP salah satunggaling naskah koleksi Museum Taman Siswa Dewantara Kirti Griya kanthi kode Bb.1.092 Tim Penyusun, 2009. Teks SNP sinêrat kanthi dhapukan gancaran. Teks SNP kasêrat mawi aksara Jawa cithak, wujuding aksara mbata sarimbag. Adhêdhasar katrangan ing salêbêting teks saha katrangan ing katalog, kapanggihakên katrangan bilih ingkang nyêrat naskah SNP inggih mênika R. Poedjahardja saking Surakarta, kacithak wontên ing Kediri taun 1931. 3. Transliterasi Teks saha Suntingan Teks SNP Metode transliterasi teks ingkang dipunginakakên ing panalitèn mênika metode transliterasi standar . Metode transilterasi standar inggih mênika cara anggênipun ndamêl alih tulis sêrataning teks ingkang kasêrat kanthi adhêdhasar éjaan ingkang sampun dipunsampurnakakên utawi Ejaan yang Disempurnakan EYD ingkang taksih lumampah. Metode suntingan teks ingkang dipunginakakên wontên panalitèn mênika inggih mênika suntingan teks edisi standar. Ancasipun ngginakakên metode teks edisi standar inggih mênika supados nggampilakên panalitèn anggènipun ndamêl terjemahan teks SNP. Suntingan teks edisi standar dipuntindakakên kanthi cara standarisasi éjaan adhêdhasar Baoesastra Djawa kaanggit déning Poerwadarminta 1939. Suntingan teks katindakakên kanthi nambahi aksara, ngirangi aksara, mênapa déné nggantos aksara. Suntingan teks edisi standar katindakakên kanthi kontekstual . Asiling suntingan teks dipunandharakên awujud tabel , ingkang 121 salajêngipun dipundamêl aparat kritik -ipun. Sasampunipun ndamêl aparat kritik , lajêng dipunandharakên kanthi têtêmbungan ingkang cêtha. 4. Terjemahan Teks SNP Metode Terjemahan ingkang dipunginakakên ing panalitèn mênika ngginakakên metode terjemahan harfiah saha terjemahan isi utawi makna. Kalih metode mênika dipuntindhakak ên amargi teks ingkang dipunalihbasakakên botên sagêd namung ngginakakên salah satunggaling metode terjemahan . Dados, proses ndamêl alih basaning teks kajumbuhakên kaliyan metode -nipun. Terjemahan harfiah inggih ngéwahi basaning teks SNP ka- terjemah- akên dhatêng basa sasaran basa Indonesia. Manawi terjemahan teks SNP botên sagêd dipun- terjemah -akên kanthi harfiah , lajêng têmbung-têmbung wontên teks SNP dipungarap kanthi terjemahan isi utawi makna . Terjemahan harfiah saha terjemahan isi ing panalitèn mênika adhêdhasar têgês kanthi kontekstual.

5. Jinising Katrêsnan dhatêng Garwanipun wontên

SNP Jinising katrêsnan dhatêng Garwanipun ingkang kawrat ing teks SNP inggih menika katrêsnan jalêr dhatêng tiyang èstrinipun saha katrêsnan èstri dhatêng tiyang jalêripun. Jinising katrêsnan jalêr dhatêng èstrinipun wontên teks SNP inggih mênika trêsna, ngomahi, ngayani, ngajèni, saha ngéman. Katrêsnan èstri dhatêng tiyang jalêripun wontên teks SNP inggih mênika bêkti, sumungkêm, mituhu, ngladosi, sêtya, rumêksa, biyantu, ngaji-aji, saha sumarah.